KLERU KERTU dadi WURUNG......
kaunggah ing fb https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2355478748064582/
Si Udin lan si Dul menyang Pasar Anyar saprelu tuku sepatu futsal. Sawuse muter-muter wusanane sakloron mandheg ing sawijine toko kang adol sepatu futsal sing kabeneran ana sepatu sing dikarepake lan wis sarujuk uga karo sing jaga toko bab regane, rong pasang diregani Rp500 ewu, ananging bareng si Udin buka dhompet mung ana Rp200 ewu. Si Udin njur njaluk tulung si Dul menyang ATM klawan menehake dhompete.
Si Udin : "Dul!"
si Dul : " Iya Din, dadi kepriye iki sidane?"
si Udin : "Kowe menyanga ATM lan njupuka dhuwit Rp300 ewu bae nganggo kertu atm ku, ngerti ta kowe carane njupuk dhuwit ing atm?"
si Dul : "Ya bisa lah, kok kira aku kih bodho-bodho banget pa, trima mung njupuk dhuwit nang atm bae ora jegos! Aja sok nyepelekake ngono iku ta , huh!"
si Udin : " Ya wis pangapurane, iki gawanen dhompetku, mengko jupuken dhuwite nganggo kertu atm-ku, njur yen ana apa-apa telpon aku ya Dul, cepetan ya aku selak ora kepenak karo sing jaga toko yen kesuwen dikira mung ethok-ethok tuku ning ora gableg dhuwit."
Si Dul : "Ya wis aku budhal, HP mu aja nganti mati, mengko aku nilpon yen dhuwite wus dak jupuk!"
si Udin : "Ya wis kana gek dang mangkat, dak tunggoni... rada cepet ya!"
(Sawuse 15 menit ngenteni ujug-ujug si Dul nilpon nang hp ne si Udin)
Si Dul : "Din, wadhuh ketiwasan kita!"
Si Udin : "Lho ketiwasan piye ta Dul?"
si Dul : "Dhuwitmu ora bisa dijupuk, kertumu ditampik terus dening mesin atm, aku wus takon karo satpam jarene kertumu ora bisa dianggo, yen tetep dilebokake nang mesin atm bakale ditampik, piye iki?"
si Udin : "Ahh mosok sih, kamongka aku bar ganti kertu anyar nang bank. Mosok ora bisa ya!?"
si Dul : "Dhuh piye jal iki? Mendhingan diwurungke bae ora sida tuku sepatu lan kowe nglimpeke mlayu aja nganti sing jaga toko weruh. Sesuk kowe menyanga bank takon kenapa kok kertune ora bisa dianggo."
..... si Udin ing batin atine : "wahh sesuk sida wurung kih arep nganyari sepatu futsal ing pertandhingan...... "
si Udin :"Dul.., pancene kertu sing endi sing kok lebokna nang mesin atm?"
si Dul : "Ya iku kertu sing ana jenengmu, tanggal lair, alamat lan agama sing dak lebokke mesin atm."
Gubraakk !!
si Udin : "O o walah Dul dul..., mbok nganti taun dal gajah ngendhog ya ora bakal bisa, lha wong KTP sing kok lebokke nang mesin atm!"
Apa tumon! ....hihihi ...😆😆
JM, sirep jalma, 08519
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar