PASRAH MRING GUSTI
kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2362663537346103/
Sakehing was sumelangmu pasrahna mring Gusti..
Wit saliring mitramu tan bisa mrantasi..
Jer sagunging manungsa nyanggi sumelange..
kang pinasrahan tan ana tansah kuwur atine..
di enggal pasrahna ing astane Gusti..
sagung kuwatirira wus mesthi den tulungi.
Punggelan rerepen kidung ing nduwur ngemu pameling dene kita kaprayogakake tansah sumendhe lan sumlondhoh mring Gusti Kang Ma Kwasa, aja padha uwas sumelang bab sangganing urip.
Wosing pitutur sumeleha atinira nyenyuwun mring Gusti kanthi temen mugia kasinungan Sih Kawelasanning Gusti kaentasna saka ing momotan.
Mugi rahayu kang sarwa pinanggih!
JM, lingsir wengi, 18519
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar