PEPELING BANGSA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2366765766935880/
Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten,
lan para sanak kadang nunggal bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna memungsuhan. Sejatine sira keblinger kena pilut kadurakan sang pambujuk kang duwe sedya mblengkrahake karukunan bangsa.
Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong culika sarta ora awor lungguh sapajagongane wong tanpa guna.
Amarga wong duraka iku ora tulus eklas ana ing pangarepane pangadilan, tansah ngupadi reka-daya golek benere dhewe gawe pepiridan (tembung pethikan) mbingungake kepara ngeyel.
He para pandheganing praja ya para politikus padha tumindaka kang wicaksana. Para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling saha tulus adhedhasar paugeraning Gusti Kang Murbeng Gesang. Aja nganti nerak dhawuhe Gusti kang wus kaserat ing kitab-kitab sucine para suci supaya ora tiba ing bebendu.
Gusti Allah iku Hakim Kang Adil ngadili para bangsa. Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa ngadili kawula para bangsa kagunganNya, punapa kawula leres, saha punapa kawula tulus eklas.
Mugi-mugi piawoning tiyang duraka sageda mantun, nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken, Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang, dhuh Allah ingkang Maha Adil.
Sumangga para kadang sutresna kita padha nenuwun muga ing titine pancasaning pangadilan bener-bener bisa gawe marem lan tentrem para warga anak bangsa angantu-antu praptine pamimpin kang kapiji lan kapracaya nuntun palwaning bangsa tumujweng masarakat adil gemah-ripah loh jiwani.
Mugi Rahayu kang sarwa binabar!
JM, lingsir kulon, 23519
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar