TENTREM ING PADESAN
Esuk-esuk para kadang tani gegancangan menyang tegalan lan sawah nyangking pacul nyengkelit arit nindakake darmaning urip.
Swara jangkrik, kodhok, wangwung lan ocehan manuk cecruwit kadya alunan musik kang gawe anylesing wardaya. Ing brang wetan suwalike ardi katon sumoroting cahya kuning sang bagaskara isin-isin jemedhul kesaput mega.
Kumricik iline banyu ing galengan, manda-manda kluruke jago keprungu saka kadohan.
Bebarengan karo kadang sadesa kang Wiryo kairing yu Warti sisihane gleyang-gleyong lambeane tumuju sawah garapan kagungane pak Lurah.
Yu Warti nuju gubug pinggir sawah ndelehake bontotan sangu sauba rampene ing lincak. "Kang enteni sedhela kang aku melu!", yu Warti bengok lirih nusul bojone. Sakloron wiwit makarya, kang Wiryo maculi sawah dene yu Warti njabuti suket diklumpukake nuli dibuwang.
Sahektar sawahe pak Lurah digarap wong loro sing dadi bageane kang Karyo lan bojone. Dene kadang tani liyane oleh garapan ing pathokan sawahe pak Lurah liyane.
Mangkono saben dinane kang Wiryo lan yu Warti ngayahi kanthi temen sinambi ura-ura kairing ocehane manuk prenjak lan swarane jangkrik. Wanci sadurunge luhur leren olehe ngopeni sawah kang Wiryo lan yu Warti mlaku menyang sapinggire gubug mau saperlu reresik ing belik sing banyune bening.
Banjur wong loro wiwit bukak bontotan sangu mangan lelawuhan jangan lodheh kekancan tempe bacem, gereh lan sambel. Yu Warti celathu, "Enak ra kang masakane?". "Wahh wuenak banget olah-olahanmu, muji sokur ya Gusti tansah paring rejeki bisa mangan saben dinane", wangsulane kang Wiryo mesem. Rampung mangan kang Wiryo udud bako klobot sing wus dilinting, yu Warti asah-asah ing belik.
Kira-kira kurang sajaman bali garap sawah maneh, yu Warti sinambi luru keyong oleh sacething dene kang Wiryo mbaleni macul. Para kadang tani nunggal sadesa iya padha sengkut nyambut gawe ngrampungake bageane dhewe-dhewe.
Kira-kira ngancik jam papatan sore wayahe asar para kadang tani padha bubaran, samono uga kang Wiryo lan yu Warti mulih kanthi rasa tentrem.
Esem-esem sumeh lan semanak sapa aruh sadawane dalan wiwit pojok kidul nganti lurung cedhak kali.
Kabeh isih asring gojek jejagongan manyedulur guyub rukun gotong royong.
JM, bangun esuk, 22519
dening eNPe
kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2365739620371828/
Komentar
Posting Komentar