GAMBAR KANG JERO MAKNANE

 kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2363386067273850&id=1684548218490975


Gambar ing dhuwur iki mratelakake dene :

* Sing lanang ora ngerti marga ora weruh yen ing ngisore ana ula mbebayani ngancam wong wadon iku.
* Sing wadon uga ora ngerti marga ora weruh yen wong lanang iku sejatine ana ing bebaya ketindhihan watu gedhe.

* Sing wadon jroning ati mikir, "Kenapa ya wong lanang iku ora gelem sethithik maneh nulungi aku, aku arep tiba iki... ora bisa mancal watu pereng iku marga ing kono ana ula sing arep nyakot aku."
* Dene sing lanang jroning ati uga mikir, "Aku lagi kelaran kejepit watu, kok wong wadon iku ora gelem menek midak watu ing nduwure supaya luwih gampang anggonku mitulungi."

Eliding crita ing nduwur iku ngandhut teges kang jero tumrap kita kabeh, sejatine kita ora bisa nyawang bot-repote wong liya sing lagi disandhang, samono uga wong liya ora bisa ngrasakake apa kang dadi karuwetaning urip kita.

Kenapa bisa kaya mangkono?

Ya urip ing ngalam donya, embuh iku ing pagawean, kulawarga, para kadang tangga teparo lan ing tengahing masarakat...,
Kita kudu bisa ngrasakake lan tepa slira padha duwe pangerten ing kahanan kang beda-beda siji lan sijine, ajen-ingajeni, gelem ngrungokake ora mung geleme njaluk dirungokake bae, mula prelu padha dene bisa njlentrehake katrangan siji lan sijine murih bisa padha duwe pangerten.

Saben uwong duwe geguletan dhewe-dhewe anggone ngayahi darmaning urip iki.
Mula prayogane mendahnea kita bisa sarujukan padha dene ambage sih katresnan aja malah kasujanan.
Wusanane lamun iku bisa winujud iba endahe dalane urip bebrayan iku bisa sarwa kaleksanan kanthi tentrem rahayu, didohake saka tumindak iren, dahwen lan drengki, gawe pitenah mring liyan, duracara kanthi nyebar warta apus-apus.

Sumangga, muga Gusti amberkahi kita kabeh nunggal sedulur nunggal bangsa, lan nunggal tanah kelairan NKRI dadya tentrem raharja.

JM, madya ratri, 19519
  rinonce dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN