TINUNTUN DENING GUSTI TANSAH ANA DALAN KANG SARWA BECIK

 kapacak uga ing :
https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2357120034567120&id=1684548218490975

Nalika kita rumangsa siningkir saka ngarsane Gusti njur mosik jeroning ati, "Apa iya aku isih bisa nyawang lan cedhak karo Gusti ing dhamparing kang suci?"

Nalika kita pinuju ana ing dhasaring palimengan, pacoban lan kebak momotan kang abot, asring kita pitakon lan matur konjuk mring Gusti, "Kenging punapa Gusti sadaya punika saged kadadosan? Kados pundi dene Paduka negakaken kawula?"

Sumurupana, he para abdine Gusti..,
kadhang kala Gusti kaya-kaya ngejarake kita lumebu ing jeroning kahanan kang kaya wus nora ana pengarepan maneh, nanging pracayoa dene Gusti kagungan pangrancang kang luwih becik tumrap urip kita murih sepira gedhening iman kapracayan kita bisa saya luwih anteb lan manteb.

Ya ing kahanan kaya mangkono luwih prayoga sumangga padha muji sokur lan dedonga,
"Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan
kula mlajeng mring pundi namung dhateng Paduka
nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula
saking sagung karibedan dimen pulih lejara."

"Gusti tuking kadarman mugi melasi mring kula,
uwala saking momotan kalis saking panggodha,
Gusti tuking karaharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucekken kula temah gesang sembada."

Ya kaya mangkono kita nora prayoga lamun banjur mung pasrah lan nora duwe pangarepan apa-apa.
Ugemana dene Gusti iku dadi pangungsen lan panuntun kita murih bisa lumaku ing dalan kamulyan lan kalanggengan ing sihing Gusti.

Krana pangucap sokur, semangat kang wus mbleret wiwit pulih maneh kanggo ngadhepi urip ing tembe bisa kaentasake saka ing pepeteng tumuju kang luwih lan sarwa kebak pepadhang ana ing dalane Pangeran Kang Akarya Gesang.

Sumangga, Gusti amberkahi!

JM, parak esuk, 110519
   rinakit dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN