AJA SUMELANG
kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2358918321053958/
Ana pitutur mangkene,
Mulané élinga! Aja padha nyumelangaké bab panguripanmu, yakuwi bab apa sing bakal kokpangan utawa kokombé, utawa apa sing bakal kokanggo. Apa urip kuwi ora luwih aji tinimbang karo pangan, lan badan apa ora luwih aji tinimbang karo sandhangan?
Coba delengen, manuk-manuk sing padha mabur mrana-mréné, kaé rak ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan uga ora nyimpen panènané ana ing lumbung. Éwasemono Gusti Allah ing swarga ngopèni manuk-manuk mau! Apa kowé ora luwih aji tinimbang karo manuk-manuk iku?
Aja sumelang bab uripmu, aja uwas ing kalbu
Yèn pepeteng nglimputi ati, ngayoma mring Gusti.
Murih bisoa uwal saka ing palimengan.
Allah Kang Ma Kwasa, ngreksa sira salaminya
Pasrah sumaraha, mrih tentrem raharja
Lamun tininggal sanak - kadang, aja semplah ing driya.
JM, lingsir kulon, 13519
rinonce @eNPe

Komentar
Posting Komentar