BERKAH LAN BEBENDU
kaunggah uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2368670006745456/
Mungguh sejatine pemimpin kang kapiji dening Gusti Allah (pemimpin amanah) iku kalenggahane lan panetepane hamung saka berkah lan kersane Gusti piyambak. Mokal yen nganti manungsa ngupadi gawe bubrahe apa kang dadi karsaNe.
Wus kaserat ing Ul 28:13, 15-16 :
"Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen";
“Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakone lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene"
"Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan".
Allah bakal nekakake paukuman, karusakan lan bebendu marang sarupane penggawe ala, mula ora let suwe bakal ditumpes sirna.
Krana mangkono aja pisan-pisan gawe rancangan kang nora saturut karo kersane Gusti Kang Murba-wisesa ya Sang Panguwasa Jagat-rat.
Sumangga !
JM, bangun esuk, 26519
dening eNPe

Komentar
Posting Komentar