ISUK UMUN-UMUN

 kapacak uga ing : https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/2364297957182661/

isuk umun-umun miyos jedhing..
lamat-lamat kumricik banyu mili..
kanggo para sutresna sugeng enjing..
mangga samya ngibadah mring Gusti

sanak kadang kang tinresnan..
ayo énggal wungu wus raina..
netepi darmaning kuwajiban..
tindak makarya klayan rena

sugeng enjing pra kadang sutresna..
mangga sami gyak ing pakarti..
sugeng ngayahi darmaning kulawarga..
rumeksa samya anetepi janji

JM, ndungkap enjing, 20519
          nuwun eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN