Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2025

TUMAPAK NINGGALAKE WARSÅ

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AboDuMai6/ Tumapaking wêktu datan rinåså.. wus ngancik ing pungkasaning warså.. yåå warså kang kêbak prihatin samyå.. saliring sumpênå ambyar sanalikå binarung pra kadang nalångså. Jroning wulan mungkasi warså puniki.. dèn pangarêpan kang kaèsthi.. nêdyå angantu wujuding pakarti.. ambyar katrajang toyå anggêgirisi. Madyaning wulan kawuri tumuju tanggap warså enggal punikå.. saperangan agêng prå kawulå sayuk rukun samyå.. paring pambiyantu bot-momotan kadang kang kêtaman duhkitå.. sing bêncånå banjir bandhang kang ngrusak bantålå. Prå pamêngku pråjå, pandheganing nagari twin prå kawulå.. sayuk rukun bêbarêngan gyak dènnyå cancut taliwåndå.. rinå wêngi mulåsårå kurban bêncånå.. datan kêndhat anggêgilut ngrêkså. Mendah agung Sihe Gusti muji sokur karaharjan kang tinampi.. saliring kawulaning pråjå NKRI.. samyå asung dåyå ing pambudi.. kêklumpuk tåndhå-sih nêdyå nyudå boting råså prå kadang ing kasêdhihan ati. Salam sehat...

KANIKMATAN DONYÅ MENCUTKE ATI

      kapacak ing  https://www.facebook.com/share/p/17cC6m16XS/    Kanikmatan donyå mencutke ati, mikat kitå dimèn nêbih Gusti,    lan kabèh iku tan nguripi, nanging nggèndèng kitå mring têlênging pati.    Aywå lêpyå, eling twin ninggalå panggodhå sujud sèkèng enggal umarêkå. Gusti bakal ngantyå mring sirå angêntasnå sing bêbênduNyå.    Mårå buwangå sêngsêmirå, wit iku panyidrå twin pamblasar, ninggalå doså lan duråkå ngungsi mring Gusti sirå mêsthi luwar.    Marêk mring Gusti tan suwålå, aywå kalungsèn kadaluwarså. Puputing nyåwå tan kanyånå, mulå èstoknå dienggal mratobatå. JM, madyå-ratri, 291225             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

UMUK PAMER CARA DIGITAL BAYAR TANPA KONTAN

    kapacak ing  https://www.facebook.com/share/p/17ay73G2Rx/ Ing wekdal samangke, sangsaya kathah toko, wande (ageng - alit) kang pamer cara bayar sarwa digital boten nampi bayar jreng/kontan aliyas mawi kartu utawi QRIS. Bayar kontan kawastanan kina, ketinggalan jaman. Kacarios, wonten kedadosan ingkang mrihatosaken mekaten, Ing satunggaling dinten, masarakat nembe geger wonten kedadosan sawijining ibu-ibu lansia (sepuh lan sangetipun) dipun tampik mbak-mbak kasir nalika badhe bayar ing toko roti jalaran boten kagungan QRIS, kamangka roti badhe kangge putu/wayahipun kang nembe rewel. Boten jalaran roti-nipun katelasan, boten kok tandang-tandukipun si ibu boten sopan. Ananging amung amargi sang kasir boten purun nampi bayar kontan punanggep kina sampun boten jamanipun ☺️😙🤑.... ".... heemmm iki jaman edan apa sing gemblung kasire??!!", batosipun ibu sepuh wau. Si ibu protes, " Ee ndhuk, piye ta kowe iki? Dhuwit iki isih aji lan sah dhuwit negara dilindhungi/diayomi Und...

MYANG LINTANG NYÅTÅ RIPTÅNYÅ

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AG5ukHZw6/ Myang lintang nyåtå riptåNyå liwat bayu agung SabdaNyå samodrå dalah bumi saisine ånå ing pamêngkuNyå Åpå maknane? Aku ngayubagyå rawuhNyå kang winêcå ing sêjarahNyå nadyan tinampik lan kasiyå-siyå Panjênêngane mbirat umatNyå saking kasèkèngan lan dosanirå Åpå maknane? Nalikå kêtêmu PanjênênganNe sanyåtå dakrasake agung bêrkahNyå dakrasake rawuh prêduli marang umatNyå mbêngkas luput lan doså samêngko Panjênêngane nunggil marang aku,  datan kêndhat ngrêkså sabên jangkahku. Pamuji mring Gusti kang trusing ati ing dintên riyadi Natal puniki prihatõsing driyå ginantõs bingah, kuwatõsing donyå sirnå wit bêrkah. 🌲 SUGÊNG RIYÅYÅ NATAL 2025 🌲 Têntrêm rahayu kang pinangkanipun saking Gusti, mugyå kasalirå mring kitå umat kinasihipun... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏 JM, dhesèmbêr rongèwusêlawe             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]...

ANGGEGIRISI OPAH KANG TINAMPA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ahhAirrfL/ Sapa bae uwonge, temtu seneng yen nampa opah awit saka apa kang wus dilakoni. Opah diwenehake miturut sepira lelabuhane marang gaweane.  Iku mratelakake tegese tembung 'opah' sacara wantah kang prasaja, nanging yen dinalar luwih jero bisa uga nggambarake walesane apa kang dadi jalaran kawusanane  (sabab lan akibat) sing dipikoleh awit saka tumindake. Banjur kepriye yen jalaran kawusanan mau sacara sepiritual gegayutan karo sesambungane manungsa karo Gusti Allah Sang Pancipta? Dak kira ora bisa denselaki  dene kita manungsa minangka abdi kang cinipta dening Panjenengane wus sayogyane mituhu tuwin setya karo dhawuh Pangandikane Gusti kang mujudake paugeran/wewaler kang mengkoni uripe manungsa.  Iya, manungsa kang ora setya tuhu marang paugerane Gusti, ora bisa denselaki nampa jalaran kawusane mau minangka opahe kang mujudake bebendune/dedukane Gusti. Pepeling ya pepemute Gusti wus kanyatak...

NGENDHALENI HAWA-NEPSU

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1EVgvU4axh/ Tembung ngendhaleni (kendhali) racakipun wonten gandhengipun kalihan tangsul kendhali ingkang punangge ngeneraken kewan ingkang boten tutut utawi mbedhal saking garis ingkang puntetepaken.   Ngendhaleni saged pun tegesi ngempet lan nguwaosi dhiri mring pepenginan tuwin hawa-nepsu punapa kemawon langkung-langkung derenging manah mring tumindak piawon contonipun goroh, pitenah, ngasoraken lan ngawon-awon ngasanes ing ngajenging tiyang kathah , panyiksan dugeng ing merjaya ngasanes lsp... Datan asas tetales kang kukuh kangge ngendhaleni hawa-nepsu, manungsa badhe gampil kejlungup dhawah ing jurang kanisthan/dosa. Boten ningali utawi milih-milih punapa punika jaler, estri, diwasa utawi lare-lare, kita sami dene nggadhahi sipat gampil kadereng, angot lan kagendeng bebujuking nyempal saking tata trepsila pasrawungan awit saking nuruti hawa-nepsu kalawau.  Punika asring kadadosan ing medsos, mila prayo...

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17gVeCiyVo/ (kagugah lan kailhami saka lantunan tembange Ebiet G Ade 1982:  "Untuk Kita Renungkan") Ing lêmbah sêpi ijo sinawang sêgêr ing pandulu dak rungu swårå sumilire bayu. Ujare, "wit-wit sing ambruk iku dudu salahku nanging tangismu sing ora tau kêprungu." Gèthèk kadang tani nganggur ing pinggir kali banyune buthêk nggåwå carang kêbak duhkitå. Argå sing gundhul kadyå ndêlêng pasrah karo jêriting ati nlusur jêjaking ulah tangan kitå priyånggå. Oh, sadulurku, åpå kitå isih emut yèn bumi iki sadêrmå titipan Kang Må' Kawåså? yèn alam ngêlus dhådhå, kitå mung biså mrêngut nanging nganti kapan mung kagèt lan kuciwå? Dak rungu bumi sêsênggukan ing satêngahing wêngi, “Aku ora nêsu, mung jèngkèl têrus dicidrani sawise mbesuk båjrå têkå nggåwå bêncånå kitå bingung golèk tumbal sing biså diluputake såpå?" Oh, kadangku, ayo reneå sêdhelå wae ngrêsêpi swårå alam sing suwe ora digape. Yèn kitå ora ngrumat kanth...

OH BÊNGAWAN SANG NARMÅDÅ

Gambar
    kapacak ing  https://www.facebook.com/share/p/15uzLHXy2w/ Oh bêngawan sang narmådå ilining kadyå kabutuhke umat sajagat rat iwèn dalah sato rumangkang sakabèhing riptaning Sang Widiwasa datan kêndhat gumantung ilining tirtå. Pêpèrèng argå mêkingking wråtå gundhul plõnthõs bantålå atõs tan biså rumêsêp gumrõjõg waspå lêstarèknå bumi iki s'ing bêncånå têbihnå saka ing prahårå. Mijilkên têntrêm lan karahajan dhangkèle õyõd tumancêp nyrambahi subur palêmahan anêlêsi bumi lan pèrènging argå ngrêkså rusaking alam ulahing manungså saking srakahing sagung prå duratmåkå. JM, anganggit rudityå, 121225             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 9

WASPADA MRING BEBUJUKING PIALA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1aC5NZnvUA/ Kadya sampun cekap dangunipun maneka pamblithukan, apus-apus utawi sadhengah bujuk manis ing rat-maya (sosmed) sangsaya ndlidir. Menawi kita boten prayitna lan waspada, kita badhe gampil kapusan lan punrerimuk/punbebujuk kanthi alus amrih manut lan mitadosi kaleresan semu/palsu. Mila makaten prelu gadhah patrap waspada lan prayitna kangge nguji lan niti priksa kaleresanipun. Murih kita boten gampil tumut-tumut keseret pemanggih kang boten wonten dhasaripun tumuju pitenah kang ingarah. Pangaruh/paribawa bujuk manis wujud pamblithukan saged kemawon mila-bikanipun saking njawi utawi lebeting dhiri kita piyambak. Mila makaten, prelu gadhah panguwaosan dhiri lan kaprayitnan salebeting manggihi bebujuk/rerimuk manis ingkang sejatosipun mblondrokaken, njlomprongaken mring kadursilan klawan tumindak piala nerak tata paugeran. Patrap waspada lan prayitna boten mijil makaten kemawon, pramila kabetahaken pitulunganipu...

BALADA SATRIYÅ PININGIT

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/v/1ALJTgGDDT/ Sabåwånyå, èsêmira datan gorèh sathithikå satriyå ginêmblèng kawah cåndrådimukå tinuntun dwijå kêmbar wicaksånå masiyå katrajang båjrå pårå dursilå nora mingsêt, nora kagèt kêlårå-lårå. nDikå priyånggå kaantyå kawulå mudhå tampil dadyå kasatriyå, mijil pamomong kamajwan bångså tumuju myang kamardikan kêncånå anggayuh kêmakmuran bångså. Åywå gorèh, aywå mingsêt! kawulå mudhå siyågå ndhadhagi têruså!... majua! makaryå trusing driyå binabarå!..., buktèknå! sirå biså gyak tumandang iwêd pakarti! bäjrå kang nyêmpyok bakal sirnå mingkêm datan suwålå, sirêp salaminyå.  MARDIKÅ! MARDIKÅ! ✊️✊️ INDONESIA RAYA! 🇮🇩 JM, anganggit rudityå, 071225             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

PÊMBABATAN WÅNÅWÅSÅ -jêrit pêngadhuh-

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DHkqTc5Wv/ Wanåwåså sêsambat pêrih swårå lirih Mbabat uwit datan kayit gêgõdhõngan rõntõg datan mångså kadyå kêkidungan kapêkså sinigêg ing têngahing mosiking mêsin graji pamotong. Wit-uwit tuwå ambruk alon-alon kadyådene pamit myang langit kang lungkrah õyõt-õyõt kang maune nggulêt bantålå mbêdhõl lumuyut, kelangan pangeyub. Pêksi mibêr datan arah datan penclõkan luru pangpangan kang wus ilang sato wanadri galak nênasak ora duwe papan. tugêl bêsasik carang lan pangpangan glõndhõngan ngambrah-ambrah nênasak kêtatõn datan swårå katrajang mêsin pangrusak. Tuwin manungså.... ibå srakah!... ngetung untung balõk kayu buntung sambat nggêrsah wanci banjir bandhang, wanci jugrug anjabut nyåwå wanci håwå panas krånå nggragas. Alas nangis êluh ombak tirtå prå duratmåkå cêp klakêp tan swårå nganti kapan kitå nutup måtå nutup nålå? åpå biså alam sanityåså nanggung rudityå? sabab yèn nganti bumi plõnthõs nglåhå kitå kabèh ora duwe...

K A N G E N

      kapacak ing  https://www.facebook.com/share/p/16NmU3QfyG/ Esuk iku Pengadilan Negeri Semarang rame banget kaya adate. Ing antarane wong akeh sing lagi ngenteni giliran antri, katon ana bapak sepuh rikmane putih memplak klambi bathik lan peci lusuh. Tangane kriput nggujengi lembaran kertas gugatan. Mripate manglong nyawang lawang kamar sidhang. Dumadakan keprungu, " Bapak Sosro Dimedjo?! " bengoke petugas pengadilan.  Bapak sepuh iku manthuk alon. banjur mlaku lon-lonan mlebu kamar sidhang. Hakim Ketua nyawang nggatekake klawan satiti. Ing sisih kiwa tengene Hakim anggota liyane uga katon gumun pengin ngerti. " Katuran lenggah, Pak". 🫴 "Bapak ngajengaken gugatan nggih? Dhateng sinten? " pitakone pak Hakim Ketua sambi buka tumpukan kertas sidhang. " Nyuwun duka pak Hakim, kula nggugat anak kula piyambak  naminipun Aryo Satriyo Dimedjo , " wangsulane pak Sosro lirih sajak bisik-bisik. Hakim Ketua ngangkat alise, nglirik sedhela marang Hakim A...

TUMBLER KESASAR DUDU SEMBARANG TUMBLER

Gambar
    kaunggah ing  https://www.facebook.com/share/p/1GBjM4qQVa/ Iki Crita sing lagi dadi crita anget ing rat-maya yaiku crita ' Tumbler ' (botol nginum saempere termos cilik) isi kopi anget kadya saanget-e critane wekasan iki. Wingi esuk, sawijine Ibu-ibu penumpang sepur KRL (kereta rangkai listrik) kondhang kasebut ' Commuter Line " budhal makarya ndeleh tas ransele ing rak dhuwur bangku lungguhan. Tas kasebut salah sijine isi Tumbler karemenane isi kopi panas.  Mbarengi lumakune wektu, Ibu iku ketungkul (nggethu njingglengi) nunul-nunul HP. Nalika sepur tekan ing stasiun sing dituju, dheweke arep mudhun iba kagete ngranggeh-ngranggeh tase ora ketemu.  Ibu iku bingung, nggoleki tetep ora ketemu, takon karo penumpang liyane, ning ora ana sing meruhi. Whadhuh, dheweke gela lan sedhih, tumbler iku dudu mung saderma tumbler sembarang tumbler, nanging duwe sayuta 'kenangan' (pangeling-eling) lan kanikmatan sing dirasakake saben dinane minangka penumpang KRL. Wani...

GURIT SACANDHAKE

    kapacak ing  https://www.facebook.com/share/p/17rdqz2UYh/ Esuk uthuk-uthuk murwani sang diwangkårå mêtu såkå palêrêmane lamat-lamat sumõrõte katõn endah. Lõn-lõnan sajak mantêp nêtêpi darmaning Sang Pangriptå salumahing bantålå anambut klawan sukarênå. Prå kadang tani siyågå nyêngkêlit piranti  gyak bêbarêngan lumaku ing galêngan sinambi urå-urå nêtêpi darmaning ngaurip yå urip kang samadyå datan suwålå. Bocah sêkolah wus pådhå tåtå-tåtå aywå lali piranti potlot buku sadhengah wulangane guru kang tansah nggêgulang satuhu mrih sumêbar kawruh lan èlmu. Mangayubagyå pèngêtan dinå GURU pahlawan datanpå tåndhå jåså kang wus kaêcap ing pundhak irå mugyå Pangèran tansah jangkung lêlabuhanirå. JM, madyå rainå, 011225             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^]