PAK TUWÅ TUKANG SÕL SÊPATU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16fo2TZHsG/ Ing põjõk pasar pinggir warung sate Pak Tuwå lungguh gêthu but gawe. Tangan kriput kêbak tatu tuwå njait tlapak trompah ngrakit critå. Sabên bolah katarik alõn mbrõjõl nora amung ngrakêt cikal sõl. Ning ugå pangarêpan kang kaèsthi tumrap kang trus lumampah pinêsthi. Sêpatu rusak lir-gumanti praptånyå sinambut sumèh tan nate ngrêsulå. Nora akèh wicårå, nora nyadhõng pinuji srêgêp grêgut pinångkå swårå ati. Pak Tuwå, sirå dudu pahlawan gêgaman prang-yudå ning kapi-adrêng buwang wêktu siså yuswå. Sabên langkah sêpatu kang kõkopèni sinêlip yasan kang sêring sinupèkake puniki. Ibå gumunku tanganmu prigêl lan roså ugå landhêping pandulumu kang kêbak råså. Jroning kêsaput lêbu kõktuladhani kawicaksånån lamun mêmpêng tumandang, biså mijil kasampurnan. JM, pangalêmbånå råså, 28625 ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️ [^__^] [^__^]