WEWATON/PATOKAN TUMRAPING URIP KITA BISA LUWIH BECIK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BZGpe63PH/
(Kirimané kadang sutresna ing grup WA)
Kapethik lan kapirid surasane saka buku riptaning Ausberg 49 taun kanthi irah-irahan :
*"THE LAST LECTURE"* *(Piwulang Pungkasan)*
kang dadi salah sijining buku sing laris dhewe (best-seller) ing taun 2007
riningkes awujud :
*--Personality,*
*--Community* lan
*--Life.*
Jarwane mangkene :
A. PERSONALITY
*1*. Aja sok nandhing2ake uripmu klayan wong liya jalaran sliramu ora tau mangertèni apa kang wus dilakoni dening wong mau.
*2.* Aja mikir sarwa ala mring apa kang ora bisa kita kendhalèni, ananging coba pigunakna kakuwatanmu mring apa sing lagi kok tindakake kanthi pamikiran kang becik.
*3.* Aja olèhe banget-banget nandangi gawean tegese aja nganti ngliwati watesing kekuwatanmu.
*4*. Aja meksa awakmu dhewe supaya tansah sarwa bener, ora ana manungsa siji-sijia kang sampurna.
*5.* Aja buwang-buwang wektumu amung kanggo ngrembug bab-bab sing ora prelu kayata ngrasani wong liya (gosip).
*6*. Entha-enthanen pangangenmu (impen) nalika tangi (ora nalika keturon), ngemu teges wujudana impènmu kanggo anggayuh sedya/niat kanthi tumemen.
*7*. Drengki & iri buwang-buwang wektu, jalaran kita sabenere wus andarbèni kabèh apa kang dibutuhake.
*8*. Tinggalen kadadean sing wus kapungkur. Aja seneng nguthik-uthik kaluputane rewangmu sing wis-uwis, iku bisa njalari bubrahing paseduluran lan kabegjan kita.
*9.* Urip amung sedhela kanggo nyengiti sapa bae. Mulane iku upayanen aja nganti gawe sengit mring liyan.
*10*. Sarujukana mring kaanan sing wus kepungkur supaya aja andadèkake alangan ing wektu samengko iki.
*11*. Ora ana siji-sijia uwong sing bisa tanggung jawab mring kabegjan kita kejaba kita dhewe.
*12*. Elinga dene urip iku kudu tansah sinau kayadene murid. Masalah kang tinemu mujudake kayadene kurikulum ing pawiyatan kang tanpa lèrèn.
*13*. Tansaha mèsem kanthi suka rena.
*14*. Sliramu ora bisa meksa kudu menang ana ing beda panemu. Cobanen bisa nampa kekalahan kanthi wicaksana... ngalah dhuwur wekasane.
B. COMMUNITY
*15.* Tansah nyambung silaturahmi mring kulawargamu sawayah-wayah.
*16*. Saben dina anduma kabecikan mring sapepadha.
*17*. Apuranen kekurangane mring sapa bae tumrap apa bae.
*18.* Cawisna wektumu kanggo piyayi sepuh (umur 70 luwih) lan uga mring bocah-bocah cilik (kurang saka limang taunan).
*19*. Coba saben dina bisa gawe mesem wong telu baê sokur-sokur luwih.
*20.* Apa kang wong liya pikirake mring awakmu dudu prakaramu ora usah digape.
*21*. Pagaweanmu ora bisa mengku awakmu dhewe nalika sliramu ketaman lara, ananging ora liya iya kulawarga lan mitra-kadangmu.
Mulane tetepa angreksa pasrawungane kanthi becik.
C. LIFE
*22*. Utamakna Gusti Allah nomer siji jroning atimu, solah bawa, lan tindak tandukmu.
*23.* Gusti Allah ngusadani apa bae sawernaning lelara.
*24.* Tandangana apa bae kang bener, singkuren kang ala.
*25.* Ing kaanan sarwa becik utawa ala, bakal bisa ana owah-owahan tegese ing donya iki ora ana kang asipat langgeng.
*26*. Ora preduli kepriyé sejatiné sing lagi dadi rasaning atimu, gumregaha, nganggo sandhangan, lan enggal metu tumandang! (aja mbegegek bae).
*27.* Apa kang becik dhewe tumrapmu durung wancine kaparingake... sing sabar lan narima.
*28*. Singkirana apa bae sing ora migunani, ora endah, utawa sing bisa gawe kasedhihan.
*29.* Nalika sliramu tangi ing wanci esuk, caosa puji sokur konjuk mring Gusti.
*30.* Lamun sliramu kenal Gusti, sliramu bakal tansah nemoni sukarena. So, be happy.., jare basa mancane.
Mati ora ngentèni tuwa....Mati ora ngentèni lara... resepana urip iki.... sadurunge urip ora bisa diresepi.
Muga migunani... Gusti amberkahi! Aa_aamin 🙏
JM, madya raina, 22325
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar