PANGRANCANGE GUSTI TANSAH ANA ING DALAN KANG SARWA BECIK

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1HCkwZvpWP/

Nalika kita rumangsa siningkir saka ngarsane Gusti njur mosik jeroning ati, "Apa iya aku isih bisa nyawang lan cedhak karo Gusti ing dhamparing kang suci?"


Nalika kita pinuju ana ing dhasaring palimengan, pacoban lan kebak momotan kang abot, asring kita pitakon lan matur konjuk mring Gusti, "Kenging punapa Gusti sadaya punika saged kadadosan? Kados pundi dene Paduka negakaken kawula?"


Sumurupana, he para abdine Gusti..,

kadhang kala Gusti kaya-kaya ngejarake kita lumebu ing jeroning kahanan kang kaya wus nora ana pengarepan maneh, nanging pracayoa dene Gusti kagungan pangrancang kang luwih becik tumrap urip kita murih sepira gedhening iman kapracayan kita bisa saya luwih antep lan mantep.


Ya ing kahanan kaya mangkono luwih prayoga sumangga padha muji sokur lan dedonga,

"Gusti mugi mirsani anggèn kawulå kêsrakatan

kawulå mlajêng mring pundi kêjawi namung dhatêng Padukå

nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawulå

saking sagung karibêdan dimèn pulih lêjarå."


"Gusti tuking kadarman mugi mêlasi mring kawulå,

uwalå saking mõmõtan kalis saking panggodhå,

Gusti tuking karaharjan kang kwåså mbirat doså,

mugi nucèkkên kawulå têmah gêsang sêmbådå."


Ya kaya mangkono kita nora prayoga lamun banjur mung pasrah lan nora duwe pangarepan apa-apa. 

Ugemana dene Gusti iku dadi pangungsen lan panuntun kita murih bisa lumaku ing dalan kamulyan lan kalanggengan ing sihing Gusti.


Krana pangucap sokur, semangat kang wus mbleret kendho wiwit pulih maneh kanggo ngadhepi urip ing tembe bisa kaentasake saka ing pepeteng tumuju kang luwih lan sarwa kebak pepadhang ana ing dalane Pangeran Kang Akarya Gesang.


Sarwa rahayu kang tinemu

bagas saras kang linaras

sarwa sinungan tentrem lan ayem

ana ing ayunane Gusti Kang Ma' Wikan

Sumangga, Gusti amberkahi!.. Aa_aamin 🙏 A_aamin 🙏


JM, lingsir wengi, 10325

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN