CRITA NRENYUHAKE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/12HVjucdj1y/

Ing sawijine sekolah SMP Putri ana salah sijine murid putri (siswi) sing pinter, lantip lan solahe santun banget jenenge Lastri. Emane dheweke anteng lan senengane lungguh mojok kurang srawung karo kanca-kancane sakelas sajake rada duwe rasa kurang pitaya marang awake dhewe, katon patrape sarwa clingus / isinan.


Sekolah ngumumake yen dina iki arep dianakake pamriksan barang-barang gawane para siswi. Miturut keterangan salah sijine guru, pamriksan (razia) iku kanthi pangajap nanggulangi para murid nggawa barang-barang sing dipenging (dilarang) klebu narkoba.


Wancine petugas pamriksan ing kelas si Lastri siswi sing pinter lan clingus mau, kabeh siji-siji siswi dipriksa.

 Kocapa, tiba gilirane si Lastri kasebut nedya arep dipriksa, dheweke nyekethem tas-e sajak kaweden karo prembik-prembik njur nangis karo bengok-bengok : "Emoh! Aja! Aja!..hu huu... Aja! emoh!" karo mundur-mundur nganti mepet tembok kelas saking wedine. Petugas pamriksan dalah para siswi liyane padha plenggang-plenggong bingung nyipati si Lastri.


"Wahai anakku cah ayu, bukaken tasmu!" ngendikane gurune. Si Lastri katon kaweden lan sedhih nyawang gurune lan petugas pamriksan, dheweke tambah kenceng nyekethem ing rangkulane. Udrea-udregan lan eyel-eyelan kedadean bola-bali.

"Wenehna tasmu!" sang petugas pamriksan ngambali. Dibales si Lastri : "Ora..! Emoh..!! Sumpah...!! tasku ora ana apa-apane..!!"


Para guru liyane padha ngaruhke ing kelas iku merga keprungu ribut-ribut, para guru sing ngenal yen si Lastri sawijine siswi sing pinter, cerdhas, lantip lan sopan, padha kaget lan gumun mirsani kedadean iku. Kabeh sing nyipati iku, padha duwe pitakonan,.. apa ta sing sabenere ing njero tas-e si Lastri?? 


Sawuse padha rembugan antarane petugas pamriksan lan guru-guru, nyarujuki digawa bae nang kamar Kepala Sekolah kanthi waspada aja nganti ing sadalan-sadalan si Lastri buwang barang saka tas-e. Nuli si Lastri dibujugi lan wusanane gelem nuruti digawa menyang kamar Kep. Sekolah.

Si Lastri beneran saiki mlebu kamar Kep Sekolah katon eluhe dleweran. Siswi iku karo ngulatke wong-wong ing sakiwa tengene kebak rasa sengit.


Jalaran kelakuane setaun iki si Lastri becik-becik bae ora tau nindakake kaluputan lan nerak aturan sekolah, mula Kep Sekolah nuli ngleremake kabeh sing padha ngrubung lan mrentahake para siswi bubar supaya mlebu kelase dhewe-dhewe lan klebu para guru bali mulang menyang kelas kejaba guru bimbingan lan para petugas pamriksan sing tetep keri ing kamar Kep Sekolah.


Kep Sekolah ngupaya ngeneng-eneng si Lastri, "nDhuk Lastri, apa sabenere sing kok dhelikake ing tasmu?", pandangune klawan sareh lan sabar.


Sanalika si Lastri meneng lan manut Kep Sekolah lan gelem mbuka tas-e.


Karo dheg-dhegan kabeh sing ana njero kamar Kep Sekolah pandelenge tumuju nang tas-e Lastri..... apa ya kira-kira isine...???

.... jrenng...!!!.. Jebulane.....

ing njero tas iku encen ora ana barang-barang sing dipengingi/dilarang.., ya ora ana!, nanging isine.... turah-turahan roti!.. kabeh padha ngucap "Ya Allah!!". 


Sawuse krasa lerem, siswi iku nuli nyritakake karo rada isin-isin : "Turah-turahan roti iku sabenere cuwil-cuwilan roti tilase kanca-kancaku sing ora entek dibuwang ing lemah, dak klumpuke kanggo sarapan lan sing isih keri dakgawa mulih kanggo kulawargaku. Simbok lan dulur-dulurku ora duwe apa-apa sing bisa dipangan awan lan bengi, yen aku ora nggawa bali turah-turahan roti iki."

"Aku sakluwarga wong ora duwe, kerep kaliren ora bisa mangan." 

"Mulane aku kukuh nggondheli tas iki aja dibuka ing kelas, aku isin karo kanca-kanca, mundhak di olok-olok (dibully)...

aku kuwatir yen ora bisa neruske sekolah..aku isin banget.., nyuwun ngapura nggih mau gawe geger sasekolahan..!" 👏🙏


Sanalika iku uga, sing padha krungu mbrebes mili nangis ngrasake trenyuh kasangsaran sing dipikul Lastri sakluwargane. Kabeh balik simpati marang bocah sing mulya atine iku.


Krana mangkono, geber katutup atas kedadean kang nyedhihake lan nrenyuhake, muga-muga ing bumi nuswantara iki ora ana kisah Lastri-lastri liyane.


Iki sanyatane salah siji 'tragedi' (kedadean kasangsaran) sing ana ing cedhak kita, sawetara kita ora nyumurupi malah ethok-ethok ora ngerti lan ora kenal karo sedulur-sedulur kita sing isih urip ing ngisor garis kemlaratan.

Mugya bae sanggyane para kadang, para panggedhe, para pamong, para kang kapatah mengku praja, para wakil rakyat kagugah bener-bener bisa gawe aturan-aturan lsp kanggo ngentasake masarakat saka ing garis kemlaratan tumuju kamakmurane bangsa bisa urip tentrem raharja.

 Aja padha ngrayah dhuwit negara (korupsi), padha mratobata he para koruptor! Eling urip iku mung mampir ngombe, raja brana mati ora digawa, dermakna mring kang mbutuhake kanggo nyambung urip.


JM, parak esuk, 4325

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN