PASAR TEPIS WIRING

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19xGj1u7NF/

Menyang pasar mlaku nggendhong tenggok isi tempe iku wus dadi pakaryane yu Nur saben dinane. Pasar sing dununge ing tepis wiring (watesing pinggir) kidul desane ora tau sepi dening bakul-bakul liyane saka dhusun-dhusun sakiwa tengene. 


"Yu Nur, piye..? tinemu slamet ta awakmu dina iki?", sapa-aruhe mbok Jinten bakul sayuran.

"O, iya mbok.., matur nuwun, lha balik sampeyan semono uga ya!", wangsulane yu Nur.

Wong loro padha umyek nata dodolane, mengkono uga bakul-bakul liyane. 


Kairing lumakune wektu, kumruyuk ibu-ibu padha blanja rame banget tetuku kapreluan kanggo kabutuhan kluwargane.

"Mbok.., bayem saunting pinten?", takone si ibu sing nyangking tas blanjan.

"Mirah mawon bu, kalih welas.., niki teksih seger-seger lhe, methik kiyambak ing kebon." mbok Jinten mangsuli karo njupukke bayem.

si ibu, "Nganyang entuk nggih, rong unting rong puluh ewu."

"Mang indhaki sithik malih ta bu, pun ngga selikur yen purun... mirah sanget lhe!", sumaure mbok Jinten karo ngelungke bayeme rong unting.


Yu Nur melu nimbrungi, "Bu, diimbuhi tempene bu, kangge njangkepi oseng-oseng kalih nyayur bening bayem... mangga tempene damelan kiyambak dadose nembe wingi sonten, niki sae-sae." yu Nur karo ngelungke salonjor tempe. 

si ibu, "Pinten niki salonjore?

"Mirah mawon bu, gangsal welas ewu!", wangsulane yu Nur.

"Nggih pun diwungkuske kalih lonjor!", clathune si ibu karo ngelungke 3 lembar puluhan ewon tanpa nganyang sajak kesusu selak dienteni bojone ing ngarep pasar.


Dina iki pasare encen rame dening sing padha blanja. Jam setengah wolunan esuk, umyek rame banget, ya ibu-ibu, ya mbak-mbak ART wira-wiri golek kapreluane dhewe-dhewe.

Ora keri uga tukang nariki karcis iuran pasar melu gawe ramene swasana. Ana uga bocah cilik sing nawake jasane nggawake blanjane ibu-ibu. 


Saya awan pasar wiwit suda wis rada sepi, siji mbaka siji dodolane bakul-bakul wis kari sithik malah wis ana sing kukut. Klebu yu Nur, dodolane tempe entek gusis kalarisan. 

Karo mesem yu Nur sinambi beres-beres aruh-aruh mbok Jinten, "Mbok, daganganku wis entek, aku mulih dhisik ya, anakku wis meh mulih sekolah kih!". 

Mbok Jinten mangsuli, "Oo... iya iya, aku isih rada keri iki dodolanku durung entek, ati-ati yu ing dalan!"  

 "Oo.. ya, tur nuwun!", saute yu Nur sinambi nggendhong tenggoke sing wis kosong nuli nggeblas mlaku rikat gegancangan selak pengin tekan ngomah.


Ya.., kaya mangkono iku padatan pendhak esuk swasana ing pasar 'tradisional' kang lumrahe sarwa prasaja ora tau sepi dadi pusate dol-tinuku kapreluan saben dinane tumrap warga masarakat dhusun-dhusun sakiwa tengene desane yu Nur iku.


Mugya sarwa rahayu kang tinemu

batin tentrem kebak esem

bungah susah katon sumringah

krana pasrah sumendhe Gusti Allah

Gusti amberkahi... Aaa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


JM, gagat esuk, 8325

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN