PANYENGKUYUNG SESARENGAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BAWRTfcK2/
Nalika tiyang pikantuk kapracayan utawi pinitados ing satunggaling pedamelan, ateges kathah tanggel jawabipun nunten wonten kemawon sarwa godhan/alangan anggenipun ngrampungaken kanthi pikantuk asil kang sae. Asringipun, rampung nanging boten sae, utawi sae nanging mleset wekdalipun.
Sadaya padamelan punapa kemawon saged kawastanan boten gampil sanes jalaran bahan, ukuran, wujud lan panggenanipun ananging amargi saking niat sesarengan panyengkuyungipun ingkang boten wonten. Panyelewengan saking para petugas kang ngayahi pedamelan asring dados sesrimpet utawi minangka watu krikil nyandhung lan mlesetaken.
Nggarap proyek rancang bangun, kalangkung rumiyin kedah wonten peprincening rancangan kang satiti, njlimet lan estu-estu mateng ngangkah proyek kasebat saged kelampahan kanthi sae.
Tujuanipun peprincen rancangan pundamel salah satunggalipun kangge ngendhani sesrimpet wau. Salajengipun pangawasan kedah tansah dipun lampahaken, punudidaya punapa punika pangawasan saking lebet punapadene ugi saking njawi.
Ing salebeting pakaryan kang dipun pitadosaken dhateng kita, prayoga sampun ngantos kita tansah gresah sesambat kanthi ngageng-agengaken alangan datan ngupayakaken, lan sampun ngantos ngageng-agengaken kakirangan kita kangge seselak tanggel jawab. Kawontenan ngglibet kados makaten saged damel wurungipun rancangan kang sampun puncawisaken. Mila sadaya pehak kang tumut nyengkuyung kedah samya semangat ngrampungaken sesarengan kangge anggayuh kang sinedya.
Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Allah Kang Maha Agung mugya kasalira mring kita sangya umat kinasihipun...
Gusti amberkahi... Aaa_aamin 🙏 A__aamin � 🙏
JM, parak esuk, 13325
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar