SESARENGAN NENGA/NYAWANG ANGSLUPING RADITYA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AXEVCLCFW/
Ing kitha alit kang tentrem, wonten satunggaling kulawarga asri bapa, biyung lan putranipun jaler kalih, Andika lan Bayu.
Danu, sang bapa mempeng nyambut damel ing pabrik tekstil sampun mataun-taun.
Datan kininten, rikala pabrik kang dados anggenipun nyambut damel pendhak warsa mbleret usahanipun ngantos dumugenipun kedah puntutup amargi bangkrut, ndadosaken para karyawan kecalan padamelanpun klebet Danu. (nanging sanes PT Sritex ingkang nembe kadadosan ing pungkasan punika 🫲)
Dinten-dinten salajengipun ndadosaken kaluwarga Danu gesang rekaos. Datan ajeg pengasilanipun kulawarga punika sangsaya awrat saha rekaos kangge nutupi kabetahan saben dintenipun. Anak-anakipun, Andika lan Bayu kapeksa mendel sekolahipun sami ngrencangi pados rejeki. Sawetawis Danu lan semahipun, Endah, ngupados padamelan enggal sinambi srabutan pendhak dintenipun.
Senadyan kawontenanipun surem, kulawarga punika tetep njagi semangat lan tetep gadhah pengajengan.
Endah :"Kita kudu tetep golong semangat mas Danu. Kita bakal bisa ngliwati bebarengan awit saka pitulungane Gusti!"
Danu :"Matur nuwun, Aku ngerti. Ning rasane abot bocah-bocah padha mandheg sekolahe awit kudu melu ngrewangi golek rejeki."
Andika :"Bapa, ibu, sampun kuwatos kaliyan kula lan Bayu, kula badhe nderek bapa ibu punapa kemawon kawontenanipun biyantu pados pedamelan sakencandhakipun."
Bayu ngimbuhi :"Kula inggih sami!" Danu lan semahpun mbrebes mili 😭
Nadyan tansah ngupados lan kadhang kraos nglokro boten nggadhahi pengajengan, kulawarga punika tetep rukun sagolong semangat samidene anyengkuyung satunggal lan satunggalipun boten nglirwakaken anggenipun ndedonga nyuwunaken kaparingan nugraha uwal saking kasekengan ekonomi kulawarga.
Nadyan wonten ing gesang kang sarwa kekirangan boten kados nalika saderengipun, Danu saanak bojonipun tansah ngemenaken karukunan lan kabegjanipun kang taksih pungadhahi. Pendhak wanci serap ingkang nggambaraken rekaosing gesang, kulawarga Danu tetep samidene nenga/ningali angsluping raditya, klayan pengajengan dene dinten-dinten mbenjangipun badya lumampah ing gesang kang langkung sae. Danu saanak bojonipun pitados bilih Gusti Kang Ma' Wisesa lan Ma' Asih boten badhe negakaken gesangipun tansah wonten ing kasangsaran. Satuhu, ing titiwancinipun badhe gumelar pepadhang krana Gusti sinung nugraha....
heemm... Badai pasti berlalu!
Gusti amberkahi.... Aa_aamin 🙏
JM, dungkap enjing, 20325
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar