PRACAYA lan PASRAHA
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1GGVBHBUNd/
Pracåyå lan pasrahå mring Allah Må' Kwåså,
Gunging prihatinirå ginantõsan bêgjå,
yêkti pilihing margi Pangèran mbêrkahi,
lan sirå kaeraman wit gunging kadarman.
Lamun sirå ngrêsulå yêkti tanpå gunå,
ati kabidhung susah pêpêtêng sumrambah,
ngetungå gunging bêrkah sartå mukjijadnyå,
dalah prakårå lumrah dadyå marginirå.
Såpå biså njajagi mring karsaning Gusti,
sirå tan darbe kwåså nåtå umurirå,
mung tansah mbudidåyå sinartan ndêdongå,
sumendhe mring Pangèran wah ngambah pêpadhang.
Lamun nyånggå mõmõtan ingancam bêbåyå,
ngungsiå mring Pangèran ywå sêmplah ing driyå,
sirå rinêkså Gusti mrih datan bilai,
tan sande linuwaran wah sinung kraharjan.
Yèn praharaning gêsang silih nêmpuh tansah,
klayan takad linawan wah nêngå mring Allah,
Gusti nunggil tan kêndhat lan ngganjar sih rahmat,
têmah mantêb pracåyå ing slami-laminyå.
(kapethik KPKA 79 : 1 - 5)
JM, gagat esuk, 11325
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
sorogan :
wit --> awit
sande --> wurung
wah --> miwah, muwah, lan
ywå --> åywå, kw, åjå
takad --> kuwat nandhang (lêlårå lss)
nêngå --> tumêngå (tengadah bs. Ind)
Komentar
Posting Komentar