PRAHARANING URIP

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AWWec2AR3/

Sawijining wektu ana bapak lan putrane lagi nyopiri montor. Sawuse watara puluhan kilometer, ujug-ujug mendhung lan peteng dibarengi angin kenceng.


Langit dumadakan dadi peteng dhedhet.

Tetumpakan liyane padha minggir lan mandheg. 


“Bapak, KADOSPUNDI punika? Punapa kita mandheg rumiyin?,” mature si putra.

“Terusa bae.. !”, ngendikane bapake.


Putrane ya PANGGAH bae nglakokake montore.


Langit sangsaya peteng, angine kenceng njur wiwit udan. Ana saperangan uwit padha sempal lan ambruk, malah ana uga sing kabur katrajang angin. Kaanane nggegirisi banget.

Katon montor-montor gedhe uga wiwit minggir lan mandheg.


“Dospundi punika pak…?”

“TERUSA bae olèhmu nyopir!” ngendikane bapake karo terus mirsani mangarep.


Kanthi rekasa putrane ya PANGGAH nyopir.

Udan deres ngalangi pandeleng, kira-kira bisa nyawang amung pirang meter bae.


Si anak wiwit kuwatir.

Ananging… dheweke panggah bae nyopir, senadyan alon-alon.

Sawuse ngliwati sawetara kilometer, rasa-rasane udan wiwit tingkas lan angin uga wiwit suda.


Sawetara kilometer sabanjure, sakloron tekan ing panggonan sing katon garing lan ana sunare srengenge.


“Nah saiki mandhega lan metua!,” ngendikane sang bapak.

“KENGING PUNAPA sapunika pak?,” pitakone si Anak.

“Kareben kowe BISA NYAWANG, kepriye saupama kita sanalika mandheg ing satengahing prahara?”


Montor njur diendhegake lan dhèwèke metu, nyawang memburi lan saka kadohan katon angin-ribut isih durung mandheg.

Dheweke njur MIKIRAKE wong-wong kang kebetheng angin ing kana.


Dheweke lagi mangreteni dene AJA MANDHEG ing satengahing prahara AMARGA bakal kebetheng ing satengahing kaanan kang ora duwe pepesthen.


Pepesthen iku kagungane Gusti, mula prayoga sujud nyenyuwun Panjenengane. Aja golek pepesthen lumantar manungsa awit panuntune iku semu ngandhelake kekuwatan liya kang bisa njlomprongake.


Samangsa kita ngadhepi prahara ingaurip,

TERUSA lumaku, AJA kandheg lan mutung, awit kita bisa kaseret ombyaking kaanan sing tansah nguwatirake lan ora duwe pepesthen.


TANDANGANA apa kang bisa kita tandangi, mantepa lan pracayaa dene “BADAI PASTI BERLALU”

Kita ora arep kandheg ananging panggah terus maju bae, jalaran kita yakin dene ing ngarep kana Pepesthèn lan Kabungahan sumadhiya kanggo kita lan pracayaa iku kaparingake dening Gusti Kang Ma' Asih…


URIP ORA SALAWASE LUMAKU KANTHI MULUS!!!


Tansah ana WATU KRIKIL & SAWERNANING ERI, supaya kita WIWEKA & WASPADA..


Tansah NGADHEPI SIMPANGAN, supaya kita WICAKSANA anggone MILIH..


Butuh PANUDUH dalan, supaya kita duwe PANGAREP-AREPAN bab enering tembe mengkone. Eling, Panuduh iku pinangkane saka Gusti Allah dudu saka manungsa!


Urip butuh MASALAH, supaya kita ngreti lan duwe KAKUWATAN ngrampungake..


Butuh PANGURBANAN, supaya kita ngreti carane NYAMBUTGAWE SING TEMEN..


Butuh TANGIS, supaya kita ngerti LEMBAH MANAH


Butuh DIINA & DIREMEHAKE supaya kita ngreti kepriye carane NGAJÈNI..


Butuh GUYU lan ÈSEM, supaya kita bisa CAOS SOKUR..


Butuh WONG LIYA, supaya kita ngreti kita ORA DHÈWÈKAN..


Anggone ngrampungake masalah aja karo grundelan, ngresula, apa maneh kanepson,

Lakonana klawan SABAR, kebak rasa SOKUR, lan aja lali MÈSEM.


Bacutna ANJANGKAH senadyan mrangguli ALANGAN

Aja geter lan kuwatir!


Aja ngetung apa SING ILANG, ananging etungen apa SING ISIH ANA.


Wondene pengasilan kita sethithik, mesthi ora bakal kekurangan kanggo nyukupi kapreluan urip.

Kosok baline saakeh-akehe pengasilan kita, bakal kurang yen dipigunakake nuruti “Gaya Hidup”.


Ora salawase tetembungan kang elok lan endah iku bener, uga ora salawase tembung-tembung kang nyerikake iku luput.


Urip iki amung sedhela, tinggalen sing rinasakake ora migunani, lan upayanen sing migunani tumrapmu.


Kekancana mring sapa bae nanging kekancana mring wong kang duweni solah-tingkah kang becik lan luhur bebudène.


Muga migunani! 🫴


JM, lingsir wengi, 18325

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]

           

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN