AKU ISIH URIP -guyon parikena-

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14DcykJ9y2L/

Ing sawijining wawan wicara sing ditekani dening para bintang panggung (selebriti), ana Bapak sepuh munggah panggung nganggo teken lan lenggah ing kursi.


Pranatacara pitakon, "Apa Bapak isih sering menyang dhokter?"

Bapak sepuh mangsuli, "Iya.., aku kerep menyang dhokter!"


"Kena apa?", takone pranatacara.

Wangsulane bapak sepuh iku, "Pasien kudu kerep menyang dhokter! Ya jalaran mengkono iku, dhokter prelu bisa tetep urip!"

Sanalika pamiyarsa/penonton padha keplok keprungu wangsulane bapak sepuh iku. 👏


Pranatacara, "Apa Bapak uga menyang Apoteker.?"

Wangsulane bapak sepuh, "Temtu bae! Merga apoteker uga kudu bisa urip!"

Kaya dikomandho pamiyarsa tambah rame keploke. 🤗🤗


Sabanjure pranatacara takon, "Dadi, apa Bapak bener-bener ngunjuk obat sing dipasrahake dening apoteker?"

"Ora..! aku sering buwang marga aku uga kudu urip..!", wangsulane sang bapak sepuh iku manteb.

Wuaah..., ndadekake para pamiyarsa kaget lan tambah seru ngguyune. 😝🤪

 

Wusanane, pranatacara celathu , "Maturnuwun wus kersa rawuh ing wawan wicara iki." 👏🫴

Bapak sepuh iku mangsuli, "Sami-sami..! Aku ngerti, yen panjenengan kudu urip uga!" 👍


Temtu iki ndadekake pamiyarsa ngguyu kepingkel-pingkel lan surak-surak rada suwe.. 🤣😅


Let sawetara, pranatacara takon maneh, "Apa Bapak uga sering giyak ing grup WhatsApp?"

Wangsulane bapak sepuh, "Oo iya!, aku tansah kirim pesen, kadhang kala merga aku uga pengin tetep urip! Yen aku ora kirim pesen, kabeh kanca mundhak ngira yen aku wis ora ana (mati), bisa-bisa admin grup mbusak aku..!" 👍


Weleh-weleh lelucon iki entuk kawigatenan utama ing rat-maya, merga kabeh wong kudu urip.! ☝️🤝


Mulane, para kadang kinasih tetepa mesem 😀 lan terusa ngunggah pesen/komentar mring mitra-kadang sing panjenengan tresnani..! supaya tetep sambung ing pasrawungan silaturahmi.

Aturna lamun dene panjenengan isih urip, bagya mulya nirbaya nir sambekala, sehat-sehat winengku dening Gusti Kang Ma' Asih.

🤝🫰👍


JM, gagat bangun, 24325

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN