TENTREM RAHAYU TUMRAPING ALAM-DONYA -pangajeng-ajeng-
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19rH734HWf/ Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå ora pådhå mêmungsuhan, pangrusakan kandhêg sêdhelå prå pangungsi bali mulih omahirå. Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝 Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå ora ånå manèh panacad lan pamådå ora ånå rêgêjêgan nanging samyå angaksåmå. Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝 Têntrêm rahayu tumraping alam-donyå pangucap lêlamisan wus sirnå, dumadi trêsna-asih guyub rukun samyå. Såpå paring tulådhå, ayo pådhå jawat astå. 🤝 Para kadang sutresna, reroncen tigang pada gurit punika sakingdene kaprihatosan kita minangka umat titahing Gusti ngawuningani wontenipun paprangan ingkang nggegirisi dumadi ing lowahan bumi puniki. Memengsahan dening saperangan panguwaosing satunggaling negari ingkang srakah saking bebujuking kadurakan iblis, ngantos kamitegan merjaya sasama umating Gusti. Sanget ngiris raosing nala sinten kemawon ingkang taksih nggadhahi raos kamanun...