Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2024

KAADILAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/HpbsEidMpKrB7ERJ/?mibextid=oFDknk Apa iku sejatine kaadilan? Kaadilan duweni teges kang rowa, gumantung saka sisih ngendi carane nyawang. Sajroning paugeran/wewaton, kaadilan duweni pathokan dhasar lelimbangan, saimbang, sababag lan matrapi sarana adil marang kabeh pribadi ing wengkoning tatanan ukum/paugeran. Iku tegese saben pribadi datan ambedakake suku, agama, golongan, kalenggahan kakuwasan, kasugihan, kabeh duweni hak lan kewajiban sing padha miturut paugeran/ukum lan dietrapi sacara adil lan imbang. Minangka paugeran, pathokan dhasar duweni saperangan bab baku : 1. anane panetepan pepancasan saimbang jujur apa anane tumraping pribadi tanpa prabeda siji lan sijine. 2. saben pribadi duweni hak oleh pangayoman ukum saimbang lan hak ambelani dhiri pribadi ing ngarepe pangadilan 3. pepancasan ukum kudu adhedhasar bukti kang ora bisa diselaki (sah) lan adil sarta hakim minangka panegak ukum kudu tumindak netral ora miha...

LAMUN KULÅ MLAMPAH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/B1bziVE96Se466eB/?mibextid=oFDknk  1: Lamun kulå mlampah nèng margining Allah,     kulå sèstu ngraõskên bingah.     Kulå yakin èstu, Gusti nuntun tamtu     mring tyang kang pitadõs satuhu. Rèf.     Mung sawiji kabêgjan sêjati,     nggih pitados mring Gusti wah manut lan bêkti.  2: Yèn pêtêng ing manah, kabidhung ing sisah,     kulå nilingkên sabdèng Allah.     Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir,     anggêr pasrah kang trusing manah. Ref. ..  3: Ibå bêgjå kulå, sajroning ginodhå     kiniyatkên dening sabdanyå.     Rinêkså rinimat tan dhawah tan lêsah,     wit saking Sih-rahmating Allah. Ref. .. Kapendhet saking sumber kekidungan KPJ 125 pada 1 - 3 JM, madya raina, 26724             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️            [^__^]  [^__^]

NAMPENI TUMINDAK BOTEN ADIL

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/Xi2wkVU8hupQpfap/?mibextid=oFDknk Nampeni tumindak/ulahing boten adil saged tumanduk dhateng sinten kemawon lan dumunung ing pundi kemawon. Kawontenan kadya makaten punika saged njalari raos iren ing manah, lan menawi terus-terusan saged andadosaken raos sengit/benci salebeting manah. Boten wonten satunggaling tiyang ingkang saged nampi ulahing boten adil kanthi legawaning manah. Ananging emanipun, tiyang wangsul ambales tumindak ing raos boten adil wau kanthi cara-cara klentu inggih menika ngendhem raos sesengitan/kabencian kang langkung awon. Kados pundi tumraping kita wekdal samangke nalika kita nampi ulahing boten adil? Punapa kita tumunten muntap kanepson, meri ing manah, lan mendhem raos sengit dhateng ngasanes ingkang katingal langkung sekeca tinimbang kita? Nalika kita dipunremehaken, boten nampeni hak kita kang samesthinipun, utawi nampeni tumindak boten adil jalaran SARA, punapa kita lajeng tuwuh raos sengit ...

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/D1XWgkW1by24K76b/?mibextid=oFDknk Lamun isih tan mokal kitå anggurit batin minångkå sêsulihing jiwå lan nålå tulus eklas. Mupung isih duwe wêwêngan tumrap kitå nglumpuke sanguning margålenå ing ngalam kalanggêngan. Kitå têmtu emut kasangsaran kang ngrêrujit ati kênåpå kudu pårå kadang kang kapilih marak? Têmtu ånå hikmah kang biså kitå pêthik minångkå wakiling jiwå payo ngêningake ciptå.   Kitå kudu muji sokur dene isih pinaringan wêktu êmbuh nganti kapan ora ånå sing biså ngetung. Mung margå Sih katrêsnan dalah keparênge Gusti kitå isih biså nyawang sang suryå. Marang sukêt alang-alang dalah lintang  kitå biså nyobå nyilih cathêtan-E. Tumêkèng nganti kapan  wêktu kang isih kèri iki? Kabèh gèlèng-gèlèng, kabèh cêp klakêp kabèh mangsuli ora ngrêti. Kang prayogå hamung enggalå mangèstupådå mupung kitå isih kasinungan wêktu. Sõrõgan :  nyobi njarwakakên saking syair 🎶 têmbangipun Ebiet G Ade, bilih kath...

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN

    kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/p/ryB5ASdz7LjGWa62/?mibextid=oFDknk Ing sawijining kutha cilik ana piyayi sarimbit nembé nampa kanugrahan pinaringan momongan putra umuré lagi setahun. Kejaba iku duwé ingon-ingon kéwan asu Hèrdher kang banget setya sing wus suwé diingu wiwit isih srawung kekancan pepacangan. Kéwan ingon2 mau bisa sinebut minangka "Piyaraan", "Rowang dolanan", "Tukang Jaga & Pangayoming Kaluwarga". Piyayi sarimbit mau banget olèhé gemati lan pracaya mring Hèrdher-é iku. Sawijining dina piyayi sarimbit mau lagi tindakan kanthi ninggalaké putrané hamung dikancani si Hèrdher awit saking dipracaya. Tan kinira nalika piyayi sakloron mulih... iba kagèté! ... jalaran nyumurupi ana tumètèsé getih ing jogan. Sanalika lagi kèlingan yèn lali nora nyepakaké pakan kanggo si hèrdher-é mau. Kagèt, tratapan lan kuwatir campur adhuk rasané ing pikirané sakloron. Tanpa mikir werna-werna jenggirat tumuju kamar. Ing ngarep lawang katon ...

GOLDEN MEMORIES -cathetan emas si Thole-

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/L91yoRNoTc5EuSmJ/?mibextid=oFDknk Kita (kula lan panjenengan) minangka angkatan (generasi) jadul ingkang :   "Kêndêl nanging ajrih lan kurmat dhumateng guru lan tiyang sepuh (bapa-ibu)". Inggih, kula lan panjenengan (kita) kang miyos ing warsa 1940-1970 (sapunika yuswa 50 dumugi 80 warsa-nan). Namung saderma kita ngawuningani, bilih kita kang miyos ing warsa 1940-1970, minangka angkatan kang pantes sinebut Angkatan kang begja piyambak, jalaran kita angkatan ingkang nglampahi 'Lompatan tehnologi' kang ngeramaken ing Abad XXI kanthi kahanan yuswa unggul. ✌✊👊👍 Saperangan kita nate meningi migunakaken lampu petromax lan lampu lisah (senthir, teplok), tuwin jaman samangke sinarengan saged migunakaken lampu bohlam, TL ngantos LED. Estu kita generasi pungkasan kang nate meningi ngraosaken cethak-cethokipun mesin ketik, sinarengan ugi ing samangke driji kita taksih trampil nunal-nunul keyboard laptop lan tilpun pinter. 📃...

NÊDHÊNG-NÊDHÊNGIPUN SOLAHING GÊSANG

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/1MPVEauj6BNjWPBn/?mibextid=oFDknk Ing jaman samangke, ing Jêpang nêmbe nêdhêng-nêdhêngipun solahing gêsang (gaya hidup) samadyå (minimalis). Pårå têtiyang rame-rame nyudå isèn-isènan griyå såking manekå prabõtan. Namung nggadhahi sandhangan sêkêdhik, kasur sawõntênipun, laptõp kangge sarånå nyambut damêl ingkang sarwå online. Griyanipun cèkli botên sumpêk swasånå kråõs lêgå lan ngrêmênakên. Ing Jêpang kang kondhang nêgåri asal yasan (produsen) mõntõr, criyõsipun gadhah mõntõr punikå kalêbêt 'kampungan'. Namung gõlõngan pêtani lan sudagar ing padesan kang nggadhahi mõntõr, mênikå kemawõn amargi punprêlõkakên kangge ngangkut bahan-bahan têtanèn lan barang dagangan. Dene tiyang kithå rêmênipun mlampah utåwi nunggang sêpedhah, nadyan tå wontên mõntõr punêjarakên kemawõn ngantõs kêtutup blêdug ing garasi. Bèntên sangêt kawõntênanipun lan budayanipun ing Indonesia, mõntõr lan griyå mewah minångkå pralambang kasugihan. Cicilan ...

BUMI CIPTA-RIPTANE GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/pav67ijgB8RzckwA/?mibextid=oFDknk Bumi ciptå-riptane Gusti,  endah ing sakawit sangsaya luntur kaelõkane margå ulahe manungså. Palêmahan såyå garing lan bêrå wanadri gundhul gung liwang-liwung ayo sayuk rukun  gõtõng rõyõng nênandur. Wit-witan dibabad tinegor,  banjir bandhang têkå anrajang ayo sayuk rukun  gõtõng rõyõng nênandur. Sato kewan padha ribut tlatah pomahan uripe karêbut ayo sayuk rukun  mrih lêstarining alamipun.   Tuking toyå kêracunan dening sampah bangkrahan ayo sayuk rukun  nèdhèngi rêmbêsing racun. Lapisan õzõn tumus racun wiwit nêmbus ayo sayuk rukun  mrih urip tan musprå lan pikun. Gunung ès pul-lor mili mudhun saperangan pulo kalêban ayo sayuk rukun  ngrêkså alam bêbarêngan. JM, gagat bangun, 14724           ✍ eNPe ️✍️          [^__^]  [^__^]

GENDUL, sawijine pepindhan

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/SJnNfeUDkKhwEnRW/?mibextid=oFDknk Gendul, > Yen kaisi banyu mineral, regane 3 ewunan.. > yen kaisi jus buah, regane 10 ewunan.. > yen kaisi madu, regane bisa atusan ewu.. > yen kaisi lenga wangi, regane bisa ngancik yutan.. > nanging.., yen diiseni banyu peceren, walahhh..bisa-bisa mlumpat menyang tong larahan -dibuwang!-..., babar pisan ora ana ajine, ora diregani. Padha dene direngga/dipajang ing jroning GENDUL, nanging beda ajine, amarga "ISI" sing ana jerone pancen beda. Kaya pepindhan ing dhuwur, tumrap kita mangkono uga, minangka manungsa kabeh padha anane..! Kang mbedakake yaiku, isen-isene watak lan bebuden kang ana ing dhiri kita sowang-sowang. Ngelmu, seserepan lan wewatakan kang bener kang gawe mijile bebuden luhur iya bebuden sing becik lan bener. "Sukses ora diukur saka ing kalungguhan sing kita gayuh, nanging sanyata marga bisa nanggulangi saka kakisruhan rekasane samangsa kita anggayuh kalu...

WASPADA MARANG NIYAT/SEDYA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/B8kxKfkNkWVgJXRN/?mibextid=oFDknk Samangsa ati dikebaki rasa panduga ala (kecurigaan. bs Ind) lan rasa sesengitan, gampang banget duwe patrap ngluputake lan gawe pandakwa marang wong liya. Senadyan ta wong iku durung temtu nindakake apa kang kita dakwa, duwe niyat/sedya pandakwa ala kadya mangkono iku kudu kita singkuri lan singkiri. Awit iya niyat iku kang bakal nuntun kita mujudake pepenginan kang dadi angen-angen kita. Apa iya, pandakwa iku bener nyata, lha yen jebule kleru kita bisa kisinan. Duweni krenteging ati, niyat/sedya pancen wong liya ora ana sing nyumurupi, iya yen niyat iku durung kawujudake pancen ora nglarani sapa bae. Mula saka iku prelu waspada marang krenteg niyat, aja nganti ora kinendhaleni, aja sembrana lan grusa-grusu bisa-bisa ngapitunani wong liya.   Kita prelu tansah migatekake lan maspadakake niyat sajronimg ati kita. Lamun niyat iku becik anane, enggala kaleksanakake kanthi cara kang be...

RÊRÊPÈN BIRÅMÅ ING MADYÅ RATRI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/MJxaUp8Qih87uC13/?mibextid=oFDknk Rêrêpèn biråmå ing madyå ratri atur pujastuti ing ngarsaning Gusti  wit bêrkah kanugrahan tan kêndhat mili. Ngare kang ijo sêgêr lan adi katõn mèsêm endahing ardi mendah agung riptaning Gusti. Cåndrå twin kartikå sumunar pèni ngrênggani alam kang sêpi mendah agung riptaning Gusti. Nadyan ratri sangsåyå sidhêm sami têtêp sumunar cahyaning Gusti  madhangi uripku iki. Puji sokur, konjuk dhuh Gusti wit bêrkah nugråhå puniki sèstu krånå asih Padukå Gusti. ‐----‐----------- sõrõgan :    rêrêpèn = kêkidungan, nyanyian    biråmå = nêngsêmake    pujastuti (puji+astuti) = pandongå, sêmbah puji   ngrênggani = njågå, ngupåkårå JM, madyaning ratri, 8724          ✍️ eNPe ✍️         [^__^]  [^__^]  

AWON-SAE ING WAWAN WACANA PIREMBAGAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/KJsdaQgqhacSSuXh/?mibextid=oFDknk Salah satunggaling panyebab datan wontenipun pasarujukan salebeting gesang pasedherekan/sesarengan (kekadangan kaliyan tepungan, tangga tepalih lsp) inggih punika kirang malah kepara awon ing wawan-wacana pirembagan (buruknya komunikasi, Ind.). Tiyang langkung remen milih mendel, ngempet raos kuciwa, ngondhok-ondhok lan serik ing manah. Kang wusananipun saged pecah ing kanepson kang boten kabendung sawancinipun wonten pamletikipun. Sesambetan kekancan/pasedherekan saged bibrah malah kelajeng rekaos dipunpulihaken nggih amargi boten wonten saenipun utawi awon ing wawan-wicara/wacana. Kajujuran antawisipun satunggal lan satunggalipun salebeting pirembagan kanthi tinarbuka prelu samidene nggadhahi raos kawigatosan kangge ngreksa karukunan gesang sesarengan mitra-kadang. Guyub rukun salajengipun prelu dipungayuh sesarengan. Ing ngriki dipunbetahaken gadhah raos menep lan sareh ing manah ne...

SABAR NGENTENI JANJI PEPARINGE GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/ydb6y4pKuxvzBPch/?mibextid=oFDknk Kala-kala kita ora sabar ngenteni janji peparinge Gusti anjalari kita nglakoni bab-bab kang ora kadya kang dikarsakake Gusti lan wusanane dadi ngadhepi kadadean kang ora becik lan rekasa. Sajroning ndherek Gusti, samangsa kita nedya kepengin tumindak kabecikan lan katindakake kanthi cara-cara kang cundhuk karo kersane Gusti, tentrem rahayu kang bakal tinampa. Kosok baline, lamun kita nindakakake sacara julig lan kebak kaculikan nerak wewalere Gusti, sarwa rekasa lan karuwetan kang bakal kita adhepi. Apa bae kang kita tindakake mesthi bakal ana akibate, klebu upaya kita jroning nampa berkahing Gusti. Krana mangkono, sayogya urip kita cundhuk karo piwulange lan dhawuh pangandikane Gusti, entenana  janji-Ne kanthi kebak kasabaran, sumarah lan legawa miturut carane Gusti. Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira ingkang pinangkanipun saking Gusti. Gusti amberkahi....., Amin Amin...

PANGALAMAN IKU NUGRAHANING GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/tzsJ1Qq3hy83xs9p/?mibextid=oFDknk Pangalaman nalika kita bisa oncat lan tinebihake saka ing bebaya bisa njalari kacritakake bola-bali. Ananging yen pangalaman iku sawijining kadadean kang nyenengake, padadan cukup kacritakake sepisan utawa mung dibaleni sepisan bae. Yen kacaritakake bola-bali bisa ndadekake kaaranan rasa pamer lan gumedhe ati. Nalika kita ana ing kahanan kang ngeramake nemoni kabegjan lan kabagyan bisa oncat saka rubeda lan bebaya, sayogya kita kaelingake dene kabeh mau krana kwasa lan kanugrahan peparinge Gusti Allah kang bisa ngentasake lan mitulungi para umat abdi-Ne kang kinasih saka kahanan mau.  Mula mangkono, kita minangka abdine Gusti prelu lan tansah muji sokur lan atur puji pangastuti konjuk mring Gusti Kang Maha Asih, ya krana Sih Kadarmane Gusti piyambak, kita tansah ginanjar karaharjan lan kabagyan lair batin, nirbaya nir ing sambekala. Pinuji puji Gusti Kang Murba Wasesa mugya lumunt...