PITUTUR WULANGANE BAPAK
Sore-sore Kimin jagongan karo Sukriyo kanca dhek cilikane mbiyen. Sakarone lagi gayeng ngobrol ngalor-ngidul nyandhing kopi lan nyamikan gedhang goreng.
Kimin sinambi nyruput kopi nyritakake nalika isih bocah tunggal saomah karo bapak-ibune, kang dadi anak ontang-antinge wong tuwane.
Ujar wulangane bapake, pituture mangkene: “Atimu dimen/supaya netepi tembung-tembungku; pituturku aja kok lirwakake, temah kowe bakal urip kepenak;
mbudidayaa supaya oleh kawicaksanan, marsudia supaya oleh pangreten, aja nyingkur utawa ndleya saka kawicaksanan lan kawicaksanan kuwi tresnanana, mula kowe bakal digemateni uga."
Pitakone Sukriyo, : "Piye iku katerangane Min, aku durung mudheng, mbok aku dijlentrehke pituture bapakmu iku piye genahe."
Kimin unjal ambekan, njur celathu aweh wangsulan, : "Oo iya, gampangane mangkene, kita disangoni pitutur mau supaya urip kita iku mapan, ora nggugu karepe dhewe, ngadhepi ngaurip sing sareh, sabar aja grusa-grusu. Yen ana ing pasrawungan sing ngati-ati, aja nganti gawe serike liyan, yen nemoni prabeda pamikiran aja menange dhewe, ajenana panemone wong liya kanthi nerangake mawa kasopanan lan sabar. Mangkono kira-kira sing bisa dak mangreteni."
"Oooo ngono ya, apik men pituture bapakmu Min. Aku ya seneng ngrungokake, lan mesthine aku uga kepengin netepi ngendikane bapakmu, rak ya entuk ta Min?", mangkono si Sukriyo nanggepi critane Kimin.
Kimin enggal mangsuli : "Lha ya entuk-entuk bae ta ya. Iku pitutur sipate umum sapa bae bisa ngetrapake ing uripe murih oleh paedah kang migunani."
Para sutresna, cecaturan/obrolan ing nginggil temtu saged nggadhahi makna ingkang langkung rowa lan lebet, punika gumantung caranipun nyerep lan nyawang saking dhasar pamikiran kita piyambak-piyambak, nanging mliginipun nggadhahi pangajengan sageda dados panuntun lan pamrayogi ngendhaleni solah batin lan solah bawa ing salebeting pasrawungan.
Nuwun,
salam tentrem rahayu wonten ing patunggilaning Gusti, mugya Gusti amberkahi kita samya.... Amin Aminnn đđ
JM, minggu, 5.5.24
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar