PANGADILANING MANUNGSA lan PANGADILANING ALLAH

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02gAppd4hKL45Fbi1dFrZ8dzt6a7s6sCzkMczSdtyN86P16V73npnFGLMuUzhLTbmgl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Pangadilaning manungsa lumrahe/padatane didhasari kapentingan bandha, kalenggahan panguwasa uga kapentingan politik, ora adhedhasar kapentingan kaadilan lan kabeneran sejati.

Racake pangadilan sing digelar ing Indonesia iki para hakim akeh utawa sethithik ora bisa anyelaki dimanpangatake lan sinaput ing wewayangane (dibayangi oleh, bs Ind) panguwasa ya pangwasa negara ya pangwasa ukum.


Pangadilan direka dadi panggung sandiwara ukum lan kaekapraya politik. Para hakim dadi piranti lan pangrimuk/bebujuk dening panguwasa kanggo nyemoni ukum lan mbenerke sing ora bener sarta ngluputake sing bener.


Kanthi tetembungan liya, sapa kang bener diluputake lan sapa kang salah dibenerake dening hakim merga mbelani kang duwe kuwasa lan kuwat kalengahane. Mula bisa kaaran pangadilan manungsa wus jamak lan luwih cedhak kapentingane datan anane kaadilan lan datan anane kabeneran sejati. 


Gusti Allah ngadili manungsa amarga solah tingkah uripe manungsa iku dhewe. Gusti ora ngadili manungsa adhedhasar kapentingane Gusti, nanging Gusti paring bebendu marga ulahe manungsa kang nerak angger-angger dhawuhe Gusti. Gusti Allah ngadili manungsa awit adhedhasar kaadilan lan kabeneran sejati kanggo kabagyan lan katentremaning manungsa.


Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira mring kita sanggya para umating Gusti kang tinresnan.., Gusti amberkahi.... Amin Aminnn 🙏🙏


JM, lingsir wengi, 30524

            ✍️ eNPe ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN