GOTONG ROYONG AMBANGUN PRAJA

   kapacak uga ing. https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0XcLodjBW1SxraL3BxMkG4hwGDfvca4u2n1CE1WG2sGCUM1P1L18d2scxcYorTaoYl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Saploke manungsa kejlungup tumindak dosa, dosa iku nggendeng/nggeret sapa bae nerak wewates kang wus dimangerteni yen kudune ora kena diterak.

Allah wus netepake wewates tumraping manungsa kanggo paedahe bumi saisine paringane Gusti kanggo uriping manungsa iku. Ananging manungsa ngremehake lan nganggep entheng pepengete Gusti liwat maneka warna bebendu/reruntik kang wus katandukake Gusti lan tetep bae manungsa nerak wates kasebut. Dosa wus anggendeng manungsa nyimpang saka dalan kang bener.


Nalika manungsa nerak wewates katetepane Gusti (dleya/nglirwakake saka angger-anggere Gusti), dheweke kablenggu pepenginane dhewe ora bisa ngowahi endi sing bener. Senadyan jroning ati pengin nglakoni kang becik, nanging tetep bae suwalike sing kedadean.


Conto kang nyata lan dumadi ing ngendi-endi, krana kabutuhan lan kamajuan tehnologi, sumber-sumber alam diolah gedhen-gedhen tanpa metung lestarine alam, wusanane alam dadi jerit-jerit, sato kewan padha metu saka ngalas saba ing kampung warga, alas gundhul pereng jugrug andadekake banjir ing ngend-endi.


Krana maneka warna kadadean alam kang sumrambah ing salumahing bumi iki, sejatine kita titah umate Gusti kang pinaringan akal lan budi luwih mulya tinimbang titah-titah liyane sayogyane wiwit padha mikirake kepriye carane jaga alam lingkungan saora-orane ing wilayahe dhewe-dhewe. Para pehak kang duwe kapentingan, para pamong lan tokoh masarakat, para panguwasa, para ahli lan winasis ing bageane dhewe-dhewe, para 'pengusaha' dalah sapa bae kang duwe panemuan lan gagasan, ayo padha sayuk-sayuk rukun gotong royong ambangun praja murih tetep lestarine alam. Aja malah srakah/murka ngeruk sumber alam kang minangka sumber panguripane wong akeh kanggo kapentingan golongane lan usahane dhewe.


JM, parak esuk, 3424

          ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN