NGOWAHI CARANE MIKIR

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid025aBtXbquKWxy1PK1khZL5BiqhEazPxiFpKZE5DywxGfYR7rK3r4JaK8KXZWkCPacl&id=1684548218490975&mibextid=Nif5oz

Owahana caramu mikir bakal maujud owah uga nasibmu!


Pangucapmu nemtokake pepesthene lelakonmu (nasibmu) dudu nasibe wong sing kok ucapake!


Ana murid pitakon marang gurune..


Murid : "Kenging punapa pak guru ing salebeting gesang punika nggadhahi kathah prakawis?"


Guru : "Dudu urip kang kebak prakara nanging ya pikiranmu iku".

"Kowe tansah duwe panduga kang ala mring apa lan sapa bae, iku sejatine kang ndadekake sumbering prakara."


Murid :"Lho nyatanipun gesang kula kathah prakawis."


Guru :"Ya iku amarga pikiranmu sing duweni prakara. Saben-saben kadadean ing urip iki asipat samadya (netral), ya jroning pikiranmu sing anganggep duweni prakara utawa kosokbaline."


Murid :"Cethanipun kadospundi?"


Guru :"Contone Udan iku mujudake prakara apa malah gawe begja?"


Murid :"Kangge kula damel repot nalika nunggang motor boten beta mantol".


Guru :"Njur kanggone bakul bakso lan ojek payung apa ya marakake prekara?"


Murid :"Lha nggih boten ta pak malah damel untung/begja".


Guru :"Dadi sing ndadekake prekara iku udan apa wonge?".

"Elinga lamun kita duwe panduga becik mula kita uga bakàl nemoni bab-bab kang becik sajroning urip kita, semono uga suwalike."


"Eliding tuladha kita aja tansah ngersula yen ta kita nembe ketaman kahanan kang kurang nyenengake miturut tetimbangan kita, kita kudu bisa muji sokur dene Gusti Allah isih paring dalan kang bisa ngentasake saka ing kahanan iku. Nyenyuwuna kanthi tulus Gusti bakal ngabulake apa kang kok suwun."


Mula ayo padha wiwit ngowahi carane mbiji kahanan sing kita temoni ing sajroning urip kita, tansaha mikir kanthi panduga becik  dikantheni dedonga marang Gusti Kang Murbeng Gesang.

Gusti amberkahi!


JM, parak esuk, 230218

      ✍️ eNPe ✍️

     [^__^]  [^__^]

  unggahan balen saka ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid025aBtXbquKWxy1PK1khZL5BiqhEazPxiFpKZE5DywxGfYR7rK3r4JaK8KXZWkCPacl&id=1684548218490975&mibextid=Nif5oz

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN