GUSTI ORA SARE
Udin anak yatim piatu ditinggal bapa-biyunge wiwit cilik. Panguripane sarwa rekasa lan abot sanggane, urip sadalan-dalan kang dadi pilihane ora bisa diselaki. Nanging Udin ora tau ngresula lan pasrah ngono bae mring takdire. Deweke pracaya yen jroning pepeteng isih ana sumorote pangarep-arepan lan setetes embun kang gawe reseping ati... Gusti ora sare!, ora negakake titahe kang tuhu bekti mring Panjenengane.
Pendhak dina, Udin nglumpukake barang-barang tilas turahan sing kira-kira isih bisa dialap ing tumpukan uwuh (sampah). Kanthi njlimet lan tliti dipilih-pilih nedya bisa diedol meneh. Senadyan pengasilane tipis ora sepiraa, Udin tansah muji sokur tumrap rejeki kang kaparingake dening Gusti Allah. Saben dhuwit kang dipikolehi iku minangka nugraha kanggo nguripi pedinane. Akeh utawa sethithik Udin tansah atur puji sokur dene Gusti isih nresnani uripe.
Sawijining dina, Udin ketemu mbok-mbok sepuh sing kadhemen ndhrodhog ing pinggir dalan. Wanita sepuh iku dheprok ing sisihe tumpukan uwuh mung kemulan sapotong kain-amoh (lusuh) kanggo nanggulangi saka adheme hawa wengi. Tanpa rangu, tanpa mikir maneh si Udin menehake mring wanita sepuh iku sabagean sethithik saka asile dodol barang-barang tilas turahan mau. Esem manis nggambarake rasa bagya wanita sepuh iku mujudake nugraha kang endah kanggo si Udin. Udin rumangsa dadi titahe Gusti kang migunani kanggo sasama bisa andum kabegjan kang kaparingake Gusti.
Sapunggel crita si Udin iku bisaa minangka tuladha tumraping wong akeh ing sakiwa tengene sumrambah mring kita sanggya titahe Gusti kang isih rosa lan sarwa kacukupan saya meneh kang isih pepak rama-ibu kita.
Senadyan uripe sarwa kekurangan, Udin tetep milih muji sokur lan andum rejeki mring sapepadhane, ohh... iba mulya atine lan luhur bebudene.đ
Saben sajangkah sithik bae mujudake bukti dene kabecikan lan kesabaran bakal agawe asil piguna lan murakabi kanggo uripe wong liya, nadyan ing satengahe urip kang abot sanggane.
Nuwun đ
Salam tentrem rahayu, mugi Gusti amberkahi... Aminn Aminn đđ
JM, gagat bangun, 20524
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Udin adalah anak yatim piatu yang kehilangan kedua orang tuanya sejak kecil. Kehidupan keras di jalanan menjadi pilihan terakhir baginya. Namun, Udin tidak pernah menyerah pada takdirnya. Dia percaya bahwa ada sinar harapan di ujung kegelapan.
Setiap hari, Udin mengumpulkan barang-barang yang masih layak di tumpukan sampah. Dengan teliti, dia memilah-milahnya untuk dijual kembali. Meskipun pendapatannya tipis, Udin selalu bersyukur atas rezeki yang diberikan Allah kepadanya. Baginya, setiap uang yang dia dapatkan adalah sebuah anugerah.
Suatu hari, Udin bertemu dengan seorang wanita tua yang kesepian di jalanan. Wanita itu duduk di samping tumpukan sampah, hanya dengan secarik kain yang melindungi tubuhnya dari dinginnya malam. Tanpa ragu, Udin memberikan sebagian kecil dari hasil penjualan barang-barangnya kepada wanita itu. Senyum bahagia wanita itu menjadi hadiah terindah baginya.
Kisah Udin menjadi inspirasi bagi banyak orang di sekitarnya. Meskipun hidupnya penuh dengan keterbatasan, Udin tetap memilih untuk bersyukur dan berbagi dengan sesama. Setiap langkah kecilnya memberikan bukti bahwa kebaikan dan ketabahan selalu membuahkan hasil, bahkan di tengah kerasnya hidup.
Komentar
Posting Komentar