DHEMOKRASI 'DINASTI' POLITIK
Panguwasa ngereh negara dening rakyat kang sinebut dhemokrasi samesthine direksa/dijaga lan diemi-emi/digemateni murih tetep lestari, emane dirampas dening para pamong politik (elite politik). Para pamong politik ora bisa diselaki isih dadi pambengan (watu sandhungan) tumraping madege dhemokrasi ing tataran dhaerah utawa nasional kadya apa kang dipepengini/disedya dening rakyat/kawula alit.
Pamong politik isih dumadi ngawaki dadi panemtu perayaan dhemokrasi apa iku 'pemilu' apadene iku 'pilkada'. Saora-orane sajroning sawetara wulan iki dadi pathokan katetepan kapentingan pangwasane para pamong politik kang isih mengkoni/nangkringi dhemokrasi.
Eloke maneh, ora sethithik pamong politik dhaerah ngrembaka dadi kekuwatan anyar lan dadi raja-raja cilik. Wewengkone palaksana pamarentahan ('eksekutif') lan pangadeg ukum ('legislatif') dikuwasani kanthi rapi. Iya, sumebare jejaring pangwasane iku kang andadekake dumadine politik kaluwarga (dinasti politik) sangsaya ngatonake karosane. Pungkasane kakuwasaan mutlak ora kuwawa dibendung. Apese maneh dinasti politik kang winujud malah dadi susuhe tumindak 'korupsi' kang saya ngambra-ambra.
Sangsaya mrihatinake lan ngenes maneh dene ana pandhegane lembaga negara (kamentrian) tumindak ora pinuji yasa jejaring kadurakane ing satengahing reh-rehane/andhahane migunakake kakuwasaane meres pangrehe kanggo kapreluwan pribadi lan kulawargane. Kamangka sejatine dheweke teka saka kulawarga ing dhaerah kang wus mumpuni ing ekonomi lan nduweni pangadeg pangwasa dhaerah. Iya kadya mangkono iku dumadine dinasti politik dhaerah nganti ing tataran nasional.
Coba ta digagas, mosok saka kulawarga wus sugih uripe mapan kok isih tegel-tegele migunakake dhuwite negara mung kanggo nukokake kosmetik anake, ngragati plesiran anak bojone menyang manca negara. Yen ora merga srakah ora bakal nindakake kang ora pinuji kaya mangkono, eee.... lha kok ing ngarepe wartawan cengengas-cengenges sajak ora duwe isin, ora kena disanak. Mung satembung, MRIHATINAKE! nganggo banget! lan pancen kebangeten!
JM, lingsir wengi, 8.5.24
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Demokrasi atau kedaulatan ditangan rakyat yang seharusnya dijaga dan dipelihara agar tidak redup, seolah-olah dikebiri oleh para elite politik. Para elite yang memiliki kepentingan politik masih menjadi kendala atau batu sandungan dalam menegakkan demokrasi, baik nasional maupun daerah yang sesuai dengan kehendak rakyat.
Elite politik masih menjadi penentu pesta demokrasi, baik di pemilu maupun di pilkada. Setidaknya, dalam beberapa bulan mendatang ini bisa saja menjadi patokan bagaimana kepentingan dan pengaruh elite masih menguasai singgasana demokrasi.
Hebatnya lagi, tidak sedikit elite daerah berkembang menjadi kekuatan baru dan menjadi raja-raja kecil. Lingkaran eksekutif dan legislatif dikuasai secara rapi. Jejaring vertikal dan horizontal inilah yang membuat dinasti politik semakin menguat. Sehingga, kekuasaannya nyaris tidak terbendung. Parahnya lagi, dinasti politik yang terbangun justru dihinggapi kasus korupsi yang menggurita.
Semakin memprihatinkan dan mengerikan lagi kok ya ada pimpinan lembaga negara (kementerian) melakukan tindakan tak terpuji membentuk jaringan kesrakahannya ditengah anak buahnya dng memeras utk keperluan pribadi dan keluarganya. Padahal sebenarnya dia datang dari keluarga di daerah yg cukup mumpuni baik secara ekonomi maupun punya kuwasa di daerah. Ya seperti inilah demokrasi dikuwasai oleh dinasti politik baik daerah maupun pusat.
Kalau di-pikir2, masak dari keluarga yg kaya, kok masih tega2nya menggunakan uang haram dari hasil korupsi hanya utk membelikan kosmetik anaknya, membiayai plesiran anak istrinya keluar negeri. Kalau bukan karena serakah tidak mungkin melakukan tindakan tak terpuji seperti itu, eeee... didepan wartawan cengengesan tdk punya rasa malu.
Hanya satu kata kunci MEMPRIHATINKAN
Komentar
Posting Komentar