TISU dilironi AMPLAS
balen kaunggah ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02UGq1fcQWcvUxHo3YjEa3ywzoBdtRLVGiXsen333dhy49UjW4KPSMh7pXWJMcHnBLl/?mibextid=Nif5oz
Si Jon nembe bae ditampa nyambut gawe ing toko klonthong.
Dina sepisanan olehe nyambut gawe, sing duwe toko nitipake tokone marga ana kapreluan.
Nalika mulih sing duwe toko takon menyang si Jon apa sing wus ditandangi ing dina iku.
"Kalawau wonten ingkang dhateng pados sabun 'X' Pak. Nanging amargi kita boten sade sabun 'X', piyambake wangsul."
Sing duwe toko, "Jon.., Jon.. Kudune nora ngono kuwi carane dodolan. Yen ana sing teka golek sabun "X", kowe kudune nawakake sabun cap 'Y", 'Z' utawa liyane. Dadine yen kita nora duwe barang sing ditakokake kowe bisa nawakake barang kang memper utawa sajinis."
Esuke dina candhake .... ana wong sing teka nggolek tisu , "Pangapunten, boten gadhah tisu, nanging kula gadhah kertas amplas", ujare si Jon.
Hehehe... apa tumon !!??
JM, gagat bangun, 17524
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Kajarwa saking bs Indonesia seratan suwargi guru SMEAK Purwodadi kang kapacak ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=10221143700771146&id=1503470400
Komentar
Posting Komentar