GONJANG-GANJING UKT
Wragad mlebet kuliah (sinebat UKT -uang kuliah tunggal) ing pawiyatan inggil negeri (PTN) nembe dados gonjingan ing tengahing masarakat jalaran ngawrataken sanget. Mahasiswa ing maneka PTN samidene protes indhak-indhakan UKT ingkang inggil sanget.
Mindhakipun wragad mlebet kuliah dumados awit wontenipun Kepmendikbudristek Nmr 2, 2024 ingkang njalari protesipun mahasiswa ing maneka PTN, kadosta Unsoed. UGM, ITB lss lss.
Miturut pawarta ing TV contonipun ing Unsoed, UKT mahasiswa enggal 2024 Program Studi Keperawatan klas International UKT kang inggil piyambak ngancik angka Rp.52 yuta, mindhak kaping gangsal langkung saking saderengipun Rp.9 yuta-an.
Sawetawis kathah masarakat mliginipun tiyang sepuh saha pamigatos pawiyatan ngajengaken punrembagipun malih bab UKT, nanging dumugi ing samangke dereng wonten asilipun.
Malah wonten sawetawis mahasiswa ingkang kapeksa pados beasiswa, sambutan lumantar 'pinjol', ngantos wonten ingkang kepepet nyade barang kang aji. Sadaya kalawau namung supados saged bayar UKT wau.
Bokbilih lita samya anggadhahi pengajeng-ajengan pamarentah ingkang wenang sageda wangsul amriksa Kepmendikbudristek Nmr 2, 2024 gandhengipun UKT ing PTN. Amargi pawiyatan/pendhidhikan mujudaken cikal bakal/pawitan pembangunan mila saged pungagas bilih sangsaya kathah para taruna (minangka generasi emas) ingkang boten nggadhahi wewengan (kesempatan) lumebet PTN -pawiyatan inggil negeri-. Mendah mrihatosaken! Kadospundi lajeng boten saged boten punsebat dene para 'generasi emas' mijil dados 'was-was'?
JM, lingsir-dalu, 22524
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar