UDAN_NGGAWA_BERKAH
. kapriksana ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02pZ1P6w5Q3s5SnP2rU5sFQU1UsEhWqZTTBqBR3i5B8KdDTqegRgkCcnP6TqPizGsSl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Ing wekasan iki pendhak sore ngarepake surup asring ana udan deres kaesokake saka langit, para kadang akeh kang wus duwe rancangan werna-werna njur padha ngersula lan gremengan malah nganti ana sing nepsu ora ana juntrunge. Ing ngisor iki ana carita kang bisa kita semak kanthi permati , mangkene caritane : Ana sawijining sudagar sugih mulih saka pasar nunggang jaran anggawa ubarampe dodolane sarta sakanthong dhuwit kang dikalungake ing gulune jaran. Dumadakan udan deres kaya kaesokake saka langit nganti sandhangane teles kalebus uga ubarampe liyane klebu kanthonge sing isi dhuwit. Satekane ing tengah ngalas kang sepi, dumadakan ana begal kang gawe kagete kanthi ngathungake bedhil lan tanpa omong apa-apa njur ngunekake bedhile. Ananging apa sing kadadean, amarga bedhile teles kena banyu u...