Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2022

PILIH NJÊJÊGAKE /NGÊNÊRAKE HAM (HAK ASASI MANUSIA) ÅPÅ AKLAK ANAK KITÅ BÊJAD

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02nLj8wX6KHkt71tPPzJzTd2GLy7fuQEwN2xtBeoTZ2RWm3d59dWhnUTNsEtGCPuUTl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz HAM ora nate tumindak åpå-åpå nalikå aklak bocah rusak /bêjad, nanging nalikå bocah dijiwit gurune kanggo budidåyå patuh mring panêtêpan (disiplin), HAM lagi ngõmõng sêru /bêngõk. Iku kang kadadean ing jagating pawiyatan /pamulangan /pendhidhikan ing jaman saiki. Ibå bangêt gawe girising ati nalikå kitå krungu pawårtå ånå guru dilaporake pulisi jalaran njiwit, napuk utawa nabok muride sing nakal sênêng gawe ribut ing kêlas, wus dielikake guru isih bae dibolan-balèni mênèh. Ånå sawijining kêdadean sing ngagètake, sang hakim kang lagi ngadili ing prakaran kang kadakwå (terdakwa), ora kanyånå-nyånå ngadêg ninggalake kursi nuli mudhun nyêdhaki kang kadakwå njur nyalami karo ngêsun tangane. Sing kadakwå minångkå jêjêring guru SD ugå kagèt lan gumun tumindake sang hakim. Sadurunge kêbacut-bacut anggõ...

TIMBANGAN DHARMMAYUKTI (Kaadilan) ABOT SÊSISIH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0AucLBXYwdAZvArhor4pojupYUCjfmU5CGzHdrtTLFojRbFPm28zbqLX5E8saiJfal&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Solah tingkahe sing padhadene prêkaran ing pangadilan katitik ånå bae saperangan gêgõlõngane pårå kadang sing duwe patrap kang kêkêh ora matõn. Kadyå pêpeling sing asring digiyarake, yaiku : Ora prayogå mbênêraké wõng salah lan nyalahake sing bênêr ånå ing pangadilan. Sing kajibah ngajõkake pandakwå prayogane sing waspådå åjå nganti nyimpang såkå paugêran. Dene wõng sing kadakwå lan luwih dhisik olèhe ngandharake prêkarane ånå ing pangadilan, kuwi kåyå-kåyå sing bênêr dhewe lan kêkêh kêpårå ngèyèl, nganti lawan sing prêkaran ngajokake pitakonan kanggo niti prêkarane. Sing såpå ngucapake pasêksi gõrõh ånå ing pangadilan bakal nåmpå paukuman; wõng mau bakal ora biså nyelaki /uwal. Iku wus ånå paugêrane, mulane kudu disumpah. Hakim sing melikan gêlêm nampa bêsêl (sogokan), supåyå ndhõyõngake /ngeng...

PAMRAYOGÅ NINDAKAKE KABÊCIKAN & KAWICAKSANAN

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0ZyyjakYo7g2PBtYD8yonVvugrCxkxrYxreeNJZ5EJEnt9eJEH4HPRv2VdfWNVQfPl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz Åjå nyandhêt gawe kabêcikan marang wõng kang wênang nampani, mångkå kitå sêjatine biså tumindak mangkono. Kitå åjå nyêmõni sapêpadha: “Lungåå!, lan baliå mênèh!, sesuk bakal dakwènèhi,” mångkå nyatane kitå duwe åpå kang dibutuhake. Têtêmbungan ing ukårå iku wêrdine, kitå prayogå ora ngêndhe-êndhe tumindak kabêcikan marang sapêpådhå, sabisane, saduwene, sakuwate kitå kaconggah nglakõni iku têmtu gawè pigunå marang kang butuhake. Åjå nganti nundhung klawan ora sumanak åpå manèh karo ngrèmèhake sajak ngece lan sêmêngit /nylêkit. Åjå ngrancang gawe piålå marang sapêpådhå, kamångkå anggõne têtunggalan karo kitå tanpå sulåyå lan sånggå-runggi (curiga. Ind.) Åjå padudõn karo wõng datan sabab; manåwå ora nandukake/gawe piålå marang kitå. Ing ukårå kasêbut ngêmu tulådhå, åjå tansah duwèni pandakwå ålå ma...

PUJI SOKUR lan PUJÅ ASTÅWÅ -dongå pangataging driyå-

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0yBmxpM5n8Gurj3mfaw4jjRHaKSyvCkMVpJrEMBro3Yfjw7EGLtrovdUu173GPoyl&id=100053518547586 Sih Tuwan dhuh Allah kulå kang amêngku sajagad rat Pêparing Tuwan matumpå-tumpå siyang ratri  Sawarnining titah Tuwan linubèr kanugrahan Mratandhani kasampurnan ing sih Tuwan tan jajag. Sih kang murbå ing buwånå Sih kang nitahkên prå jalmå Manci umuring prå ambå klayan sapatitisnyå Sih kang ngrèh salampah kulå tinakdir sapinanggih Klayan mirmå kang pinujå kraharjan kang sinuprih. dhuh Allah Gusti kawulå.., Mugyå dirgå ing yuswå lan basuki, sagung rêribêd tinêbihnå samyå pinanggyå raharjå Pangataging driya mugya sêsakitnyå kausådå ing AståNyå Kasarasan pulih hamung krånå Sih kawlasantå Atur konjuk dhuh Gusti pujå aståwå awit Sih Palimirmå Padukå. JM, tatas rahina, 201122           ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

PAGÊLARAN SÊNI LAN BUDÅYÅ ING G-20 GWK

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02avMpxsUHmxAjJqVQ2FmzcaVDF62BmZgYTPhNARxaSntyy7tBSnmv4M1yfqSS8zuRl&id=100053518547586 Presiden RI Jokowi ing dinå Selåså bêngi 15Nop'22 sumêdyå atur pambagyå pårå tamu agung pandheganing nêgåri KTT G-20 ing adicårå Gala Diner. Pamarèntah Indonesia nyawisake bujånå dhaharan dalu kang pratyekå (istimewa) såhå pagêlaran sêni lan budåyå nuswantårå ing Garuda Wisnu Kencana (GWK) Bali. Ing gêlar pasugatan budåyå mau mendah nêngsêmake pårå pamirså iyå pårå tamu undhangan agung arupå tari-tarian kairing musik dhaerah såkå Sabang tumêkaning Merauke. Kabèh iku ciptå riptaning pårå sêniman dhaerah kondhang kang kaanggit lan rinacik klawan elõk. Tarian Garuda Paksi, Kecak lan Bujang Ganong katõntõnake ing wêwêngan kawitan klawan ngusung kêkitir 'Challenge' tantangan. Banjur kasambung lagu 'Damai' nggambarake katêntrêman kang kairing måwå tarian Kijang, Pecak, Kupu-kupu lan Enggang. Tarian kasêbut ngusung...

GURIT SACANDHAKE

    kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0WYmrh2bZrYDDSSmo2wmmqoF5x24pAtQbTBL5q9nkStQXiMrJ2Zn6i2UBT2yrZWc1l&id=100053518547586 Yågene kaanane pråjå sangsåyå kisruh; pêndhak byar tan nate têntrêm; Samångså prå jalmå dhå umyêk; ngayahi darmaning ngaurip; Ombyaking kadurakan lan kamungkaran; tan kêndhat såkå ing paripolahnyå. Kaanane wõng iku kadyå uwit; kang tinandur sapinggiring kali; Kang mêtõkake wõh ing kålå mångså; gõdhõnge tan nate alum gõgrõg; Ingambåhå rêribêd ngrepõti; tansah lêstari kang dèn lampahi. Tan mêngkono mungguh wõng duråkå; nanging lir mrambut kabur ing angin; Nora biså tulus ing pangadilan; lan ing pasamuwane pårå mursid; Wõng mursid rinêkså ing Pangèran; wõng ålå tumibèng karusakan. JM, lingsir wêngi, 151122               ✍️ eNPe ✍️             [^__^]   [^__^]

PANYÊBARAN WARTÅ PALSU (CACÅYÅ)

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02RSV6oVpe5YMmWZNqJv3KWNsB4nTei2LuFB7Yw66DqL9vLVJrVZk4YpLRpzFu9Gtvl&id=100053518547586 Kamajuan 'informasi tehnoligi (IT)' rikat bangêt ing wêkasan iki. 'Media sosial' (medsos) mujudake sarånå kang digandrungi dening masarakat. Yèn kitå tlisik /titi-prikså medsos biså mujudake sarånå kang asipat migunani lan ugå ngapitunani. Asipat migunani cêthå bangêt lan kitå akõni dene medsos biså ndadèkake sarånå kang sarwå rikat kanggo kirim pêsên åpå bae, luwih-luwih nalikå manungså lagi kêtaman pagêblug Covid-19.  Asipat ngapitunani yåiku medsos akèh kang migunakake kanggo nyêbar wartå apus-apus, cacåyå, palsu (hoak), pitênah lan nyêbar sêsêngitan sartå agawe wirang antaraning wargå medsos utåwå masarakat. Akèh masarakat kang gampang anggêr bae nåmpå wartå-wartå cacåyå, apus-apus, palsu (hoak) sing nyêbarake ujar kabêncian nggugah (mancing) rasaning ati (emosi) bab SARA. Saperangan masarakat lumrahe ang...

PANGUPÅYÅ KEPAHLAWANAN KAMANUNGSAN

Gambar
    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0EKi2TED14DSzC8hR4t88PSawoEsPmGimWB5XCEJByAvYpqqfvLWQD4u1kSF38wiyl&id=100053518547586 Ing kampung Prawiran ånå kanõman têlu Sarju, Bejo lan Diman nêdyå budhal mênyang kuthå. Srånå ngê-pit (nyêpedha) têtêlune iring-iringan ing dalan kampung sing biasane sêpi margå pagêblug Covid-19, nanging kõk ånå rame-rame yå, ånå på iki? ngono batine tētêlune. Enggalan kanõman-kanõman iku mudhun såkå pit-e njur nyêdhaki salah sijine sing lagi ngumpul, si Bejo takõn : "Èntên nåpå pak kõk rame sangêt?" "Oh.., niku èntên bocah nêmbe bêngõk-bêngõk, dukå niku nêmbe sakit nåpå nggih?", wangsulane salah sijine wõng ing kono. Têtêlune, banjur mbrõbõs mlêbu omah lan ditemõni ånå bocah umure kirå-kirå 6,5 taun gumlethak ing jogan karo gêro-gêro ora ånå sing ngancani.  Si Bejo sing duwe pengalaman PPPK ing pêlajaran Pramuka, enggal nèmplèkke tangane ing bathuke si bocah, wahh panas bangêt kih. Si Bejo karo bêngõk : ...

PAEDAHE BÊRAS KÊTAN PUTIH

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02Be5gBVthBKFP5pGxzqSfF7T6Ar5ZWgVuRjz2wD3ECksrBCeB8wKabpTun9cQdnkel&id=100053518547586 Sing arane bêras kêtan putih dening masarakat wus dudu barang långkå mênèh. Dening masarakat umume diolah dadi maneka warnå nyamikan arupå jadah/uli, lupis lan liya-liyane. Ananging bokmênåwå isih akèh sing ora migatèkake paedahe tumraping kasehatan kitå. Kadudud såkå saperangan sumbêr, salah sijine laman https://mediakom.kemkes.go.id,  bêras kêtan putih duwèni paedah tumraping kasehatan badan kitå, kurang luwih : ☆Nyandhêt lêlårå 'kronis' /mbêbayani. Kandhutan vitamin/nutrisi ing kêtan putih kåyåtå selenium duwèni sipat antioksidan sing biså ngêrim/ngêndhalèni såkå ing kêtaman maneka warnå larå kronis. Sabab antioksidan dening O2 (Oksigen) biså ngêdhunke kandhutan mêtal/logam (stres oksidatif) sing biså andadèkake rusaking kasehatan peranganing badan sacårå kimia. ☆Nyandhêt lêlårå diabetes. Ing panêlitian "...

SIMBAH ÕMPÕNG lan MUKIDI

    kaunggah ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0aHYyCyMCGnj6DghjCDusXfcA51wf1X2Aps7gVUBEfrWkXDvuWMH4X6YNXVYZ626il&id=100053518547586   😎"Kojahe kadõs pundi mbah..? Kulå Mukidi tanggi sisih kilèn ngriki..." 👴"Oh.., iyå..rene lungguhå.." ngendikane simbah.. Pas bangêt nalikå ngõbrõl ing mejå ånå kacang mete satõplès.. 😎"Mbah, kulå nyuwun kacang metene nggih ..?" ujare Mukidi. 👴"Iyå, iyååå, jupukên kånå..", saute êmbah. Saking enake ngõbrõl, ora kråså Mukidi wus telap-tèlêp ngêntèke kacang mete satoplès.. 😎"Wah Mbah, kacang metene kulå têlaske ngapuntên nggih.." 👴"Ora åpå2... Simbah wus ora biså mangan kõk, ora têdhas... untuku wus õmpõng, ora biså mamah... Sokur yèn biså êntèk... Wus suwe Simbah nglumpuke kacang mete iku.." 😎"Ooo... ngastå piyambak tå mbah..?" 👴"Ora le.., iku såkå Coklat *Silver Queen* Simbah êmut Nganti êntèk Coklate, kari kacang metene Simbah klumpuke nganti k...

SANG ALFA lan SANG OMEGA

    kaunggah ugå ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0gM6h28CcrUYYzSht11dZZKoHsKPFr245Y1trGrFAevbf6jiFyvuKmANYbGXNyFS5l&id=100053518547586 Ing titi wanci pungkasaning jaman, bakal dumadine langit lan bumi anyar, awit langit lan bumi kang kapisan (lawas) wus sirnå, lan segårå ugå wus ora ånå manèh. Donyå kang lawas kang kêbak dening doså lan samubarang kadurakan bakal kaanyarake. Nalikå Gusti Allah manunggal karo manungså ing alam kêlanggêngan; "Panjênêngane bakal ngusapi sakèhing luh såkå mripat umate lan bakal ora ånå pati manèh, kasusahan lan pasambat åpådene karubêdan iyå wus ora ånå manèh, amargå samubarang kang lawas wus kapungkur." (Why21:4) Iku mahanani/nyasmitani sumbêr panglipuring tumrap umate Gusti kang pracåyå yaiku Urip Langgêng ånå ing ayunane Gusti. Bab iku bakal kêlakõn jalaran Allah iku SANG ALFA lan SANG OMEGA, kang Murwani (miwiti) lan kang Mungkasi. Alfa lan Omega kadyå åpå kang wus kitå kawuningani yåiku såkå aksårå kapisan lan ...

SAMÅNGSÅ URIPKU SAMUN LAN ANGLANGUT

    kapacak uga ing    https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid038DRanDHt1DypMJwUjJ9k2E5ocASkRTWYeAT5zdZEt3MHAtyuh9qPjNqZwCh7F1eel&id=100053518547586 Samångså uripku samun lan anglangut, mitrå sinåråwèdi kang dakgêgadhang, Sabdaning Gusti dakrungu, "Sun angiring sirå, aywå gumêtêr, aywå kuwur, pracåyåå!" Aku datan kêpêncil, datan nate! daksumarah ing nålå konjuk Gustiku, sirnå luhku, ilang råså was sumêlangku, aku datan kijènan mênèh, datan nate! Lamun sirå kingkin mitrå rumakêt, hamung Gusti kang mangantyå, umarêkå, sumungkêmå marang Panjênêngane, kang datan kêndhat sumadhiyå pisowanmu. JM, lingsir wêngi, 031022             ✍️ eNPe ✍️           [^__^]   [^__^]

PANGADILAN PUNGKASANING JAMAN

    kapacak ugå ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid0qk47AnrJYK1XVebvVtnHSKmE6w4qxXz97eW2mFWBa5xU7yzRpywQT4a29w7FAKW4l&id=100053518547586 Ing kitab Wahyu 20:12 tinulis,   "Aku tumuli wêruh wõng mati, gêdhe cilik, pådhå ånå ing ngarêp dhampar, banjur ånå kitab-kitab kang pådhå kabukak. Lan ånå kitab liyane manèh kang kabukak, yåiku Kitabing Kauripan. Wõng-wõng mati mau tumuli pådhå diadili miturut panggawene adhêdhasar åpå kang katulis ing kitab-kitab mau." Ing kene nelakake /mratelakake Pangadilan Pungkasaning Jaman (kiamat) sawuse donyå kasirnå såkå ing pangayunane Gusti Allah. Rawuhe Gusti ibå ngebat-ebati nganti langit lan bumi sirnå. Sajroning pangadilan iku samubarang wus kacathêt. Ora ånå timbangan kanggo ngetung åpå uwõng iku luwih akèh kadurakane utåwå luwih akèh kabêcikane. Ånå ing Pangadilan Pungkasaning Jaman ya Pangadilane Gusti Allah ora nyritakake pandakwane jêkså, panglimbange pokrul (pengacara) lan panêtêpane hakim. Nanging ...