KAWUSANANING PANGAREP-AREPAN
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2862480090697776&id=1684548218490975 Angantu-antu sawijining pangarep-arepan pancen ora gampang. Apa maneh lamun manungsa lagi ana ing kahanan kang sarwa ora pinesthi, gojag-gajeg iya lan orane. Senadyan mangkono, ora sethithik uga ana wong-wong kang setya angantu tumekane pangarep-arepan kang durung pinesthi mau. Ing jroning pangrasaning ati isih duwe kapracayan bakal prapta apa kang sinedya. Kadya wus kawuningani dening kita kabeh, ing negara seindhenging papan ing donya iki lagi ngalami pageblug Covid-19 kang nggegirisi. Para pemimpin, panguwasa, pamong praja padha angupaya pambudidaya mbendung panyebarane Covid-19. Para dhokter dalah saliring tenaga kesehatan kanthi tulusing ati ngayahi jejibahane ngupakara para kurban kang ketaman lelara Covid-19. Ing kahanan kaya mangkono iku, mratandhani dene kita manungsa isih duweni pangarep-arepan bisa luwar saka ing pageblug iki. Senadyan ta kita kuwur i...