KASAPUT PUNGKASANING MARGI
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2669934539952333&id=1684548218490975 Nadyan kasaput pungkasaning margi isih adoh apa wus cedhak iki aku kinanthi astane Gusti mring negri kang datan dak sumurupi Kepareng ndherek dhuh Gusti punapa kersa Paduka datan ajrih lan rangu Gusti panggah pitados kukuh santosa Lamun tindaking Gusti datan katon ing margi tansah manut ing nala iki puja sokur awit Sihing Gusti Lamun samangkya tan keksi ing tembene tinemu rahayu jer pepadhang ing Gusti kebak kamulyan saestu JM, plethekingsurya, 29420 dening eNPe