S.I.M.B.O.K (pêpiridan têmbung)

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/15Wzc1nc6z/

Pêpiridan klawan ngurutake pangêrtène têmbung krana direka-reka têgêse,


S. abar tulus jujur lan tawakal.

I. ng sarinå sawênginé, tansah

M. ulat sarirå.

B. åndhå sêpålå

O. ra naté ngrêsulå.

K. kêtêkuk ringkêl niaté ibadah kanggo anak.


S. êpi ing pamrih såkå kaprêluan pribadi.

I. stiqomah marang kêyakinané

M. bõtên ngrèmèhakên nanging tansah ngrêmênakên

B. ênci lan pandugå ora bêcik kudu disingkirké, wigah-wigih kudu ditinggalké

O. ra Asal Õmõng nanging Ômõn-õmõn Asal

K. åyå mangkono pituturé Simbõk.


S. inamun sinamudånå 

I. ng ngarså sung tulådhå

M. bangun karså ånå ing madyå, tutwuri handayani.

B. êbarêngan njågå anggoné pådhå bêbrayan

O. ra béda-bédakaké

K. aro sapådhå pådhå.


S. holih lan sholihah dadi kudangan tumraping anak

I. ng pangajap biså migunani tumrap Bångså lan Agåmå

M. ikul dhuwur mêndhêm jêro asmanê wõng tuwå

B. ênêr lan Pênêr.

O. ra salah anggõné milih margi, 

K. åncå lan kanthi. 


S. okur marang nugråhå åpå baé kang wis diparingaké Gusti

I. ngkang Måhå Asih

M. angayu bagyå marang gêgayuhan-é wong liyå

B. uru gêgayuhan kang utåmå

O. ra naté gawé sêrik-ing ati, nggolèk sejati-ning urip

K. abagyan kang kaèsthi


S. arèh lan sumèlèh

I. khlas ing samubarang åpå

M. adhêp mantêb

B. êkti marang Gusti sêsêmbahané

O. ra naté ninggalké tugas lan

K. uwajibané


S. abên rampung dedonga, nangis ånå ngarsané Allåh, Gusti 

I. ngkang Måhå Asih

M. arêk nyuwun supåyå diparingi séhat rahayu wilujêng.

B. agas saras 

O. ra ånå rubédå nir sambékålå åpå

K. anugrahan, karaharjan kabêrkahan katêntrêman kamulyan lan kabagyan kang kaèsthi.


S. anadyan anak wis rampung anggõné sêkolah.

I. så mbutgawe, niaté arêp kirim dhuwit. 

M. angkéné ngêdikané Simbok : 

B. utuhmu isih akèh,

O. ra usah répõt répõt

K. anggo cèlèngan-mu baé. Simbok isih duwé dhuwit.


JM, gagat esuk, 15425

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN