MUNGKURING RATRI
kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1DsWFpMCCZ/
Sumõrõting kaêmasan sang suryå, sumringah bingar minångkå salam pambagyå mungkuring ratri gumantyå esuk agawe alam kêbak cahyå gumêbyar.
Sawêngi jiwå-ragaku ngaso ing tilamrum, samêngko tangi klawan muji sokur nyawang langit sumringah padhang jingglang.
Plêthèking sang radityå pratandha gumliwange lêmbaran dinå anyar. Prå umating Pangèran anambut gumbirå sumêdyå ngayahi darmaning agêsang.
Salam têntrêm rahayu katur pårå sanggyaning kadang sutrêsnå båså Jåwå gêgladhèn ing karyå sowang-sowang. Klawan panyuwun mugyå Gusti Kang Murbèng Gêsang sinung nugråhå mring kitå samyå umat kinasihe.... Aaa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, ndungkap esuk, 30425
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar