TÊTÊMBUNGAN WULANG BÊBASAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Cgm7NmezA/
Têmbunge wong iku kåyå banyu kang jêro ora gampang dinugå, nanging sumbêr kawicaksanan iku kåyå kali kang mili ngrêsêpake.
Têmbunge wõng mitênah iku kåyå panganan kang sarwå enak, kang lumêbu ing sajroning ati, gampang mencutake, milutake.
Lumuhur-luhur wiwitaning karusakan, nanging kõsõk balène andhap-asõr iku margane kajèn-kèringan.
Atine wõng pintêr mikolèhake kawasisan, lan kupinge wong wicaksånå ngupåyå kapintêran.
Wõng miskin cêlathune mêmêlas, nanging wõng sugih sõngõl wangsulane margå kêsrakahane.
Ånå kåncå kang marakake sangsårå, nanging ugå ånå mitrå kang rumakête ngluwihi sadulur kaaran sinåråwèdi.
(kadudud : Wul 18 : 4, 8, 12, 15, 23, 24)
JM, ndungkap esuk, 27425
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar