ENJANG PADHANG JINGGLANG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/194nuZm9Jn/
Enjang padhang jingglang
kawulå marêk sowan Padukå
nêdyå ngrêpèkakên kidung pêpujan
riptå agung Padukå ing kamulyan.
Mendah elõk kuwaõs Padukå
datanpå tandhingnyå
Akåså, arcåpådå kariptå astå Padukå
twin samudåyå saisinyå.
Puspå endah ing lêmbah
ijo royo kêbun lan sawah
gung liwang liwung wånåwåså
riptå agung aståNyå.
Sasådårå, arcåpådå, kartikå
akåså, bantålå såhå samodrå
Gusti angriptå jagad råyå
kamulyaknå asmåNyå.
JM, ndungkap esuk, 9425
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar