KITA KABEH SADULUR SAPANUNGGALAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16JZ7b53hF/
Ing jaman sarwa digital iki kang kebak rebut unggul, manungsa kadereng ngagul-agulake kasantosane, kamulyane lan kapinterane iya sipat adigang, adigung lan aduguna.
Tetiyang kang ADIGANG mung nyebar panandhang. Wateknya sami tegel, nindhes mring sanes tiyang.
Tetiyang kang ADIGUNG mung nandur sangsara. Remen umuk, gumunggung, ngina mring pepadha.
Tetiyang ADIGUNA mung ndhedher cilaka, nganggep Allah tan ana, sabdaNya mung nglaha.
Akeh para kanoman kang anane srawung mung karo pakumpulane dhewe, lan nganggep pakumpulane liyan minangka kongkirene, lawan jor-jorane ngarah dumadine kroyokan, kerengan perang tandhing lan cecongkrahan.
Ayo kita rubuhake tembok-tembok pamisah ing pasrawungan kita. Aja padha rebut rumangsa dhuwur kalungguhane ing antarane siji lan sijine. Ing ngarsane Gusti kita kabeh iku nunggal sadulur ya nunggal kadang sadrajad minangka umat abdine Gusti.
Eling marang sesorah,
"Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah."
Guyub rukun ing pasaduluran iku agawe tentreme urip bebrayan agung ing sapatunggilaning Gusti Allah Kang Maha Asih lan Maha Agung.
Mugya rahayu kang tinemu,
sarwa karaharjan kang dinadyan,
bagas saras kang linaras..
Gusti amberkahi.... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏
JM, lingsir wengi, 20425
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar