KASANGSARAN KANG NYLAMETAKE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AALoAjYu6/

Berkahing Gusti kababar lan katetepake tumraping umat abdi-Ne kang setya tuhu ngestokake dhawuh karsa-Ne lan angasihi Panjenengane.

Nanging, nalika umat-E mbalela ora setya, bebendu bakal kang tinampa. Bebendune Gusti Allah kang ngampiri bisa awujud lelara, lemah kasatan garing utawa kabenan, pageblug, angin lesus lan prahara-prahara liyane.


Kasangsaran kang luwih gedhe bakal tumanduk maring praumat abdi-Ne yen nganti terus nglirwakake dhawuhe Gusti lan ora nedya mratobat. Gusti Allah bakal musnakake kasantosane, umuk gumunggunge, wangkot atine lan apa bae kang dadi agul-agule manungsa dadi blasar sakarepe dhewe ngliwar saka dalan kabenerane Gusti.


Kasangsaran, kasekengan pancen bisa andadekake salah siji carane Gusti nibakake paukuman tumraping dosa-dosa kita manungsa umat-E Gusti. Mulane iku rikala kita ana ing sajroning kasangsaran, sumangga kita tumungkul kanthi meneping nala ngresepi uriping kita nyuwun panuntun, apa kita wus ngupaya urip bener lan angasihi Gusti? Apa kita lagi urip ing pamblithuking dosa lan ninggalake Gusti? Lamun kita setya tuhu mring Gusti, aja ngejarake iblis njlomprongake ing dalan palimengan. Enggala kita sumungku nyadhong pangapurane Gusti nyuwun kaentasake saka pamblenggune kwasa dosa temahan ninggalake tumindak dosa.


Tumusing dosa bokmenawa ora katon terwaca, nanging iku ora ateges Gusti Allah ora ngawikani lan ora ngarsakake tanggung jawab kita. Aja nganti kita duwe pamikiran yen Gusti wus ndhesek kita, lagi kita gelem mratobat. Iya, aja nganti iku dumadi kaya mangkono.


Pranyata, aruh-aruhan, ukuman malah kasangsaran kang kita tampa dudu lan ora kanggo ngrusak urip kita, nanging sejatine Gusti ngersakake anylametake kanthi mbereg urip kita klawan nglebur dosa kita awit kawilujengan sejati amung kagungane Gusti, karahayon sajati amung ana ing Panjenengane kang akarya gesang. Panjenengane iku Maha Asih, nedya amberkahi kita, nanging iku ora bakal dumadi yen kita isih begegeg ana ing urip pamblithuking dosa.

Mratobata, lan aja kapirangu bali marek sumungku mring Panjenengane. Gusti Allah tansah ngawengakake korining pamratobat tumraping kita umat kinasihe.


Mugya rahayu kang tinemu

sarwa kabagyan kang dinadyan

bagas saras kang linaras

Gusti amberkahi.... Aaa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, madya raina, 17425

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN