PASADULURAN / PASADHEREKAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/169utQhhrY/

Tembung 'pasaduluran' asalipun saking tembung lingga sadulur, sedulur (saudara, bs.Ind) kawuwuhan ater-ater (awalan) 'pa' lan panambang (akhiran) 'an'.

Tembung pasaduluran / paseduluran/pasadherekan nggadhahi teges kang jembar/rowa, boten namung nelakaken bab sesrawungan sanak nunggal turun, tedhak turun / trah (bapa biyung, simbah, mbah canggah lsp), ananging nggadhahi teges nggambaraken sesrawungan kang dumadi saking raos tetalen batin, kadosta antawis kanca, mitra kadang sapawiyatan, sapadamelan, sakampung asal lan sanes-sanesipun.

Padatan pakempalan ing antawisipun gegolongan kasebat wau kangge nglestantunake rumaketing sesrawungan lan silaturahmi ing antawisipun para kadang utawi mitra kasebat lajeng punreka satunggaling pasadherekan/pasaduluran kang kasebat pakempalan, paguyuban.

Racakipun pakempalan pasadherekan/pasaduluran kasebat nggadhahi tujuan kang sae/becik, maedahi kangge para panyengkuyungipun tuwin masarakat. 


Nanging boten kirang kathah ugi pakempalan kang asring damel kakisruhan ing tengahing masarakat kadosta pakempalan narkoba (obat2an terlarang bs.Ind), kempalan lare-lare nem kang karemanipun kerengan (tawuran, bs.Ind) nerak tatanan paugeran ukum. 

Kang dados pitakenan pakempalan-pakempalan kadya makaten punika punapa saged kasebat pasaduluran?


Ngonceki lan ngrembag tembung pasaduluran tamtu mboten wonten telasipun, werni-werni pamanggih miturut caranipun nyawang tamtu dhasar kang mboten saged denselaki.


Nuwun. Salam tentrem rahayu kang sagung dumadi. 🙏


JM, gagat bangun, 23425

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN