URIP ADIYUSWA IKU WUS PINESTHI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3067329773546139/
Uriping manungsa iku wus pinesthi bakal tumekaning umur kang sinebut adiyuswa.
Ya samangsa padhange srengenge, rembulan lan lintang-lintang dadi katon remeng-remeng lan udane nora kandheg.
Ing mangsa kuwi tangan sing kanggo ngreksa awak bakal buyuten, lan sikil sing saiki rosa bakal dadi ringkih. Untu bakal mung kari sawetara, mula nora bisa kanggo mamah pangan, sarta mripat wis nora awas kanggo ndeleng.
Ing kahanan kaya mangkono aja njur cilik aten nanging prayoga luwih becik sumarah marang Gusti Kang Murbeng Gesang nyenyuwun tansah pinaringan sehat winengku ing AstaNya, mugya urip kita bisa luwih migunani lan njalari berkah tumraping wong akeh kang sarwa ana ing dalan kabenerane Gusti.
Kuping bisa uga suda rungu, nganti ora kaprungu ramene swara sing ana ing dalan. Kita bakal ora kaprungu swarane wong nembang, utawa swarane tetabuhan, malah swarane manuk sing padha ngoceh ora bakal mbribeni anggon kita ngaso.
Diprayogaake sadurunge tumekane wanci kaya gegambaran mau, elinga marang kang nitahake sira ing sajrone isih bergas waras. Ringkese, wedi asih lan ngabektia marang Gusti Allah, netepana pepakon-pepakon dhawuhe, awit iku kang wus dadi wajibing abdine Gusti kadya apa kang dadi kersaNe.
Sumangga 👍🙏
JM, lingsir wengi, 2921
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar