ROKOK KLOBOT LAN AJINING DHIRI BANGSA
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3066716516940798/
Ing wulan Desember 1949 jroning Konferensi Meja Bundar (KMB) kang diadani ing Den Haag, neg Walanda.
Wancine ngaso jroning rerembugan, kabeh utusan padhadene rumangsa kaganggu jalaran ing kamar kebak keluk angganda rempah kaobong. Kabeh panyawange wong tumuju marang pawongan sepuh jenggoten sing lagi ngudud rokok klobot (mbako dicampur cengkeh lan ladha (mrica) ing pojok 'ruangan'
Utusan AS alon-alon nyedhaki pawongan sepuh mau sing katon nora preduli najan digatekake wong akeh. Sanalika iku uga utusan seka neg Walanda, Australi lan Swedia melu nyedhak. "Apa panjenengan ora duwe rasa urmat?" ujare utusan Walanda.
Piyayi sepuh jenggoten iku mung mesem karo nyemprotke keluke rokok katon kaya aksara O. Dheweke njur mangsuli, "Apa sing kok karepke rasa urmat?"
"Keluk lan ganda rokokmu ambune nyegrak, banget olehe ngganggu", saure wong Walanda.
"Sumurupana ya, dene ganda iku asale saka mbako Deli, cengkeh Sulawesi, ladha Lampung, ya merga telung jinis barang mau kowe kabeh dalah balatantramu teka ing negriku nedya anjajah sawenang-wenang. Tanpa tetelune barang mau apa sampeyan isih gelem teka ing negriku?", wangsulane piyayi sepuh jenggoten iku mawa basa deplomat kanthi wibawa dhuwur.
"Iya, nanging iki rak nggone kang kajen? ora ana nggone udud ing kene!", saure si Landa.
"Mangertenana, aku sabangsa nora wasis nyedhiani panggonan mring wong-wong sing rumangsa kudu ingajeni, nanging ngertia aku sabangsa kepeksa grapyak sumeh manyedulur atusan taun karo wong-wong sing srakah ngrayah negriku. Apa iku isih kurang cukup kanggo ngajari sampeyan kabeh bab rasa pakewuh lan isin?", ujare piyayi sepuh iku kebak wibawa.
Banjur piyayi sepuh iku mandeng siji-siji mring kabeh utusan sing lagi ngrubungi, "Sarujukana lan akonana kekuwasaan negriku Indonesia, sampeyan kabeh bakal nora ketemu meneh uwong sing kaya aku iki. Panggonan sing jare kajen iki nora bakal mambu maneh ganda keluk mbako, cengkeh lan ladha!", kanthi sora wangsulane.
Wong Landa iku kecangar isin ora bisa aweh wangsulan maneh. Dene para utusan seka AS, Australi lan Swedia padha keplok minangka rasa urmate!.
Sejatine sapa ta piyayi sepuh jenggoten iku?
Panjenengane ora liya H AGUS SALIM, "Bapak Pangadeging Bangsa Indonesia"
Panjenengane wasis ing 6 basa, Juru Rundhing kang mlarat sasuwene gesang mbela mring kamardhikane RI. Ing taun 1953, pinracaya jumenengi dhosen ing Cornell Univercity, AS setengah taun lawase.
Proklamasi iku kamardhikan sacara de facto, nanging sacara de jure wong-wong piniji bangsa mangupaya lan mangudidaya ing Den Haag, Walanda, iku cathetan sejarah!.
Kaya mangkono iku H Agus Salim ngadhepi panjajah lan kacung-kacunge kang nggoncengi jeneng INTERNATIONAL.
Kabeh uwong iku padha, duwe rasa wedi, iya marang Gusti, sapepadha manungsa uga prahara alam.
Uwong kang kita deleng dina iki wani marga biyene asring kalimputan rasa kuwatir kebak was sumelang. Ya amarga wus asring ngadhepi rasa was sumelang, wusanane bisa ngendhaleni rasa was sumelange iku kang njalari kasantosan kanggo dadi lan wanine.
JM, purwakaning wulan september, 01921
dening eNPe
kadudut saka tulisan ing bs Indonesia,
*_ROKOK KLOBOT DAN HARGA DIRI ANAK BANGSA_*
Luar biasa!
_Pada bulan Desember 1949, dalam Konferensi Meja Bundar (KMB) yang digelar di Den Haag, Belanda._
_Dalam sesi rehat, semua orang terganggu karena ruangan dipenuhi asap yang beraroma rempah terbakar. Semua mata tertuju pada seorang pria tua berjanggut yang sedang merokok di pojok ruangan._
_Rokok klobot campuran dari tembakau, cengkeh, dan lada._
_Delegasi AS perlahan mendekati pria tersebut yang tampak acuh tak acuh meski diperhatikan semua orang. Seketika itu juga beberapa orang dari Delegasi Belanda, Australia, dan Swedia ikut menghampirinya._
_"Apa Tuan tidak punya rasa hormat?" ujar Delegasi Belanda._
_Pria tua berjanggut itu hanya tersenyum seraya mengembuskan asap rokok yang membentuk huruf O._
Pria tua itu menjawab: _"Apa maksud Tuan dengan rasa hormat?"_
_"Asap dan aromanya itu (rokok) sangat menyengat, mengganggu kami semua," jawab orang Belanda._
_"Tahukah Tuan, aroma itu berasal dari tembakau Deli, cengkeh dari Sulawesi, lada dari Lampung. Ketiga komoditas itulah yang mendorong Tuan beserta balatentara Tuan datang ke negeri kami dan akhirnya menjajah kami. Tanpa ketiga komoditas itu, apa Tuan masih mau datang ke negeri kami?" ucap pria tua itu dengan santun dalam bahasa diplomat berkelas._
"Ya, tapi ini 'kan tempat terhormat? Tidak ada tempat merokok di sini", jawab orang Belanda._
_"Kami memang tidak pandai menciptakan tempat bagi orang terhormat, tetapi kami mampu beramah-tamah sekian ratus tahun dengan orang yang menjarah negeri kami. Apakah itu kurang cukup mengajarkan Tuan tentang rasa malu?"_ jawab pria tua itu lagi.
Kemudian pria tua itu menatap ke semua orang yang mengerumuninya, _*"Setujui dan akui sajalah kedaulatan negeri kami, maka Tuan-tuan tidak akan pernah bertemu dengan orang seperti saya lagi. Tempat terhormat ini tidak akan lagi tercemar dengan asap beraroma tembakau, cengkeh dan lada,"*_ tuturnya.
_Orang Belanda itu tersipu malu._ _Sementara para Delegasi AS, Australia dan Swedia bertepuk tangan sebagai ungkapan rasa hormat._
Siapakah tetua itu?_
_Ia adalah *H. Agus Salim, Bapak Pendiri bangsa Indonesia*._
_Beliau menguasai 6 bahasa._ _Diplomat yang seumur hidupnya melarat untuk pengabdiannya kepada kemerdekaan RI._ Pada tahun 1953, ia dipercayai menjadi dosen selama setengah tahun di Cornell University, AS._
_*Proklamasi itu kemerdekaan secara de facto, namun secara de jure orang-orang terbaik bangsa mati-matian memperjuangkannya di Den Haag, Belanda.*_
_Begitulah cara H. Agus Salim menghadapi penjajah beserta kacungnya yang mengatasnamakan "INTERNASIONAL"_*
_Semua orang itu sama. Punya rasa takut, baik itu kepada Tuhan, sesama manusia maupun bencana alam._
*_Orang yang kita lihat hari ini berani karena dulunya sering diintimidasi oleh rasa takut. Karena sudah biasa menghadapi rasa takut, akhirnya mereka mampu mengendalikan rasa takutnya menjadi kekuatan untuk berani._*
Komentar
Posting Komentar