CRITA ING WARTEG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3077324195880030/
Ana wong lanang wuta mlebu ing sawijining Warteg -warung Tegal-.
Sarmin sing duwe warteg ngrangkep sing ngladekake ngelungake daptar masakan warunge marang wong sing arep jajan jenenge Darmo,
Darmo clathu, "Aku wong wuta, mesthine ora bisa ndeleng daptar masakan tulung gawakna sendhok tilase wong sing bar jajan ing kene lan arep tak ambune, ing kono mengko aku bisa ngerti masakan apa sing enak bisa tak pesen"
Sarmin, : "Oo nggih pak... sekedhap"
... bacute, "niki pak sendhok tilas tiyang jajan wau..!"
Si Darmo njur ngambu-ambu sendhok iku, "Ya wis, aku pesen pepes iwak mas lan sayur asem".
Kanthi rada kaget si Sarmin nyathet pesenane.
Masakan iku pancen sing dadi adhelan warunge kekaremane para tamu-tamu warunge.
Ing sawetara dina candhake ing kapindhone, si Darmo teka meneh ing warung iku.
Sepisan maneh dheweke njaluk sendhok tilas mangane tamu liyane nedya arep diendhus ambune, nanging dudu tilase mangan pepes lan sayur asem. Kabeneran anane mung sendhok siji tilase mangan masakan liyane.
Sawise ngendhus ambune sendhok,
Si Darmo ujar : "Ambune sendhok iki enak uga ya, kayane bar dianggo mangan ayam panggang, lalapan lan sambel trasi".
Sarmin nyarujuki karo manthuk, njur si Darmo pesen masakan iku.
Kacarita, si Darmo teka meneh kaping telune ing dina candhake. Dheweke teka luwih gasik durung ana tamu jajan sing teka, mulane durung ana tilase sendhok sing bisa diwenehke mring Darmo.
Saknalika si Sarmin duwe akal-akalan jail alias usil.
Sarmin nyedhaki bojone sing dadi tukang masake ing pawon karo ngelungake sendhok.
Clathune Sarmin, : "Ningsih.., usapna sendhok iki ing kelekmu!"
Lha ya mesthine Ningsih kaget, "Lho.., Yak apa kih kang, apa tumon sampeyan iki..?"
Wangsulane Sarmin, "Wis ta.., manuta bae.., bene kanggo gawe larise warung kita iki!"
Ningsih ya manut-manut bae, njur ngusapake sendhok iku ing keleke lan ngelungke meneh mring Sarmin bojone.
Sendhok iku dening Sarmin nuli digawa diwenehke menyang si Darmo sing lagi lungguh ngenteni.
Sawise si Darmo ngendhus ngambu karo cengar-cengir, njur nepuk bathuke dhewe.., si Darmo unjal ambegan katon kaget, nuli ujare setengah gugup :
" Hahhh... tilas dhemenanku (pacarku) nyambut gawe ing warung iki ya!...??."
Si Sarmin saknalika klepek-klepek lemes semaput..! 😵🤯
AYO MESEM, KANGGO NAMBAH IMUN..! 🤣😄🤪
JM, lingsir wengi, 16921
dening eNPe
Ning jok mesam esem dhewe terus ya ..... 🤨😐
BalasHapus