GUYUB RUKUN SALAWASE
kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3068929170052866/
Nuladhani sapasang *S.E.P.A.T.U* đ„Ÿđ„Ÿ
⛸⛸Wangune ora padha plek/trep, nanging salaras...
đ„Ÿđ„ŸNalika mlaku ora tau nyawiji, nanging sing diener padha...
đđOra tau ijolan enggon, nanging padha dene angganepi...
đ„żđ„żOra tau salin pasangan, nadyan wus lusuh merga umure...
đąđąSajajar ajen-ingajeni, ora ana sing rumangsa luwih dhuwur utawa luwih endhek drajate...
đđRikala sing siji ketriwal, liyane ora maedahi...
đ đ Ora tau padha dene ngidak utawa padha dene nendhang...
đđ Lamun sing siji bedhah nganti kudu dijait, sijine klawan sabar setya ngenteni...
đ„Ÿđ„ŸSenadyan ora tau gegandhengan, sing siji tansah ing ngarep sijine ing mburi ora ana sing nilapake...
*SEPATU* = *SE* jalan / sadalan
sam *PA* i / tekan
*TU* juan / enere
Pasemon sapasang *SEPATU* bisa dadi tuladha becik minangka tegesing sawijining *GUYUB RUKUN PASEDULURAN ing pasrawungan nadyan BEDA-BEDA* .... salaras karo sasmita lan sesantya bangsa Indonesia *BHINNEKA TUNGGAL IKA*
TANSAH RUKUN LAN TENTREM RAHAYU! ✊
ANGGAYUH KABECIKAN TUMRAP KITA KABEH!... đ
JM, gagatesuk, 4921
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar