SIMBAH OMPONG lan MUKIDI
kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=3068960803383036&id=1684548218490975
đ"Kojahe kados pundi mbah..?" Kula Mukidi tanggi sisih kilen mriki...
đŽ"Oh.., iya..rene lungguha.." ngendikane simbah..
Pas banget nalika ngobrol ing meja ana kacang mete satoples..
đ"Embah, kula nyuwun kacang metene nggih ..?" ujare Mukidi.
đŽ"Iya, iyaaa, jupuken kana..", saute embah
Saking enake ngobrol, ora krasa Mukidi wus telap-telep ngenteke kacang mete satoples..
đ"Wah Mbah, kacang metene kula telaske ngapunten nggih.."
đŽ"Ora apa2... Simbah wus ora bisa mangan kok, ora tedhas... untuku wus ompong, ora bisa mamah... Sokur yen bisa entek... Wus suwe Simbah nglumpuke kacang mete iku.."
đ"Ooo... ngasta piyambak ta mbah..?"
đŽ"Ora le.., iku saka Coklat *Silver Queen* Simbah emut Nganti Entek Coklate, kari Kacang Metene Simbah Klumpuke nganti kebak Satoples, Yen Mukidi ngenteke Ya Sokur ora Mubasiiir...??"đ€Ș
đ€Ș"Wadhuh mbahhh.... kok mboten ngendika wau waune...!! đđđ
Apa tumon..?? Mukidi kecangar ora baen-baen ... hihihi đ€đ€«đ·
Sugeng enjing kanca2 ...
Ayo ngguyu .... đđ€Ł
ngguyu meneh...
yen ngguyu aja seru2...
ben ora ketok ompongmu .... simbah simbahh đđ
JM, ndungkap pletheke srengenge, 4921
rinakit maneh,
dening @eNPe
Komentar
Posting Komentar