PANEMON KANG NGEBAT-EBATI ING ABAD IKI
Sejatine apa iku PANEMON kang ngebat-ebati lan nggumunake ing Abad iki...?
LISTRIK...?
MONTOR MABUR...?
MONTOR...?
TELEVISI...?
KOMPUTER..?
KLERU BANGET..! Sanyatane dudu iku..!
Panemon kang ngeram-eramake ing Abad iki sejatine "HANDPHONE".
Kepriye nalarare..??
Iki ALESANE :
HP NYINGKIRAKE :
telpon umum
telpon omah
warnet
Televisi.
Arloji.
Radio.
Tape Recorder.
Kamera.
prangkat Game
Koran.
Tanggalan
Kartu ATM.
Dhompet dhuwit
NGEBAT-EBATI tenan! 👍
Banjur ing tembene, HP bakal nyingkirake apa maneh..??? ... miturut ramalane (wewecane) si MUKIDI. 🤪🤓
*😭 HP* bisa nyingkirake *MRIPAT* kita.
*😭 HP* bisa nyingkirake *BALUNG GULU* kita.
*😭 HP* bisa nyingkirake *KESEHATAN* kita.
*😭 HP* bisa nyingkirake *BEBRAYAN* kita.
*😭 HP* bisa nyingkirake *SIH KATRESNAN KULAWARGA* kita
*😭 HP* bisa nyingkirake *GENERASI PANERUS*
*😭 HP* bisa nyingkirake *AJINING WEKTU*
*😭 HP* bisa nyingkirake *PANGAREPAN ANAK ANAK* kita
*😭 HP* bisa nyingkirake/medhot *TALI SILATURAHMI*.
*😭 HP* bisa nyingkirake *UNGGAH UNGGUH lan TATA SOPAN* mring wong tuwa lan sanak kadang
*😭HP* bisa nyingkirake *ANAK kita*. Awit ora maelu lan nyepelekake tanggung jawab lan urmat marang wong tuwa
*😭LUWIH-LUWIH HP* bisa nyingkirake *IMAN KAPRACAYAN* kita! WADHUH..!!??
Ayo elingake dhiri kita, anak-anak dalah kulawarga kita supaya bisa luwih WICAK anggone migunaake HP, bisa luwih maedahi sarta HP ora njalari kita nglirwakake tugas kuwajiban kita.
*HP : NYINDHIR DHIRI PRIBADI*
Ora tuwa, ora enom... ora lanang ora wedok..
Yen wus nyelehke HP ditinggal sedhelok didelok menah, ditutup sedhelok dibukak meneh...??
Sing jenenge HP kabeh wong nresnani..??
Lelungan ora lali nganthongi HP,
ngumpul-ngumpul karo kanca, njero tas isine HP,
sedina HP bisa mlebu metu tas utawa kanthong kathok/klambi luwih saka ping seket buntet.
Bubar adus ndeleng HP, bubar nyapu nyandhak HP, bar masak menthelengi HP, bar umbah-umbah nyandhak HP, ora lali bar mangan nyandhak HP.
Mentas ketamon enggal nggoleki HP, tengah wengi nglilir grayang-grayang nginguk HP, bar tangi turu bukak HP.
Pokoknen, bubar apa bae sing dideleng HP!
Saking setyane karo HP, pulsa kari sethithik enggal-enggal diisi.
Baterai wus meh entek, bingung nggoleki colokan listrik, yen pinuju listrik mati, ngomyangi PLN.
Sinyale lamat-lamat bingungi golek panggonan sing sinyale luwih kuwat.
Diceluk bojone, ethok-ethok ora krungu.
HP ne muni mak jranthal..! mlayu nedya nggoleki ing ngendi ndokoke.
Hehe.. yen wedok jenenge Nokia binti Samsung, dene yen lanang Sony bin Lenovo..🤪
Sakarone senengane mangan Apple!
Heheh... muga bae kita ora ketularan kadya mangkono iku ya...??
Hehe.. hehe.., sing rumangsa kaya mangkono aja mesam-mesem dhewe lho..., iku mung ramalane si Mukidi nanging ya ana benere... hihiii 🤪😂
Guyonan esuk2.., aja dileboke ati 👌✌
Salam sehat, Salam tentrem rahayu 🙏
JM, bangunesuk, 5921
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar