KAKANG ADHI (pituture simbah kanggo anak putu)

      kapacak uga ing https://www.facebook.com/1684548218490975/posts/3074374592841657/        


Brrerrt.... bertttt..... dhet dhettt...

HPku muni... enggal dak ranggeh ing dhuwur tv, barang tipis dhemenanku sing swarane wus ora utuh meneh.


mbak Wulan ngebel aku....,

sadurunge mbukak telpon saka mbakyuku mbarep, dak usap layare sing wis bruwet, 

"Asslamualaikum.. mbak.." clathuku ndhisiki.

"Walaikumsallam.., Lisa. Sesuk aku karo Pardi arep nanggonmu ya. Kangen karo ndalem lawas", nyaute mbak Wulan ngabari kang gawe aku dheleg-dheleg.


Sawuse sedane Ibu 3 taun kepungkur, lagi iki mbakyu lan adhiku sing uripe wus mapan ing kutha nyelakake ngingukku ing desa.

Biyen aku pilih netep ing kampung awit nedya bekti ngreksa Ibu sing wus sepuh. Sidane nganti aku omah-omah karo mas Wawan priya sakampung.


"Lisa?.. apa kowe isih nyandhak telpon, ta?"

"Eh eh.., iya mbak, iya. Sesuk dak masakke senengane mbak Wulan lan Pardi," wangsulanku ngupaya sumyah.

"Matur nuwun, Lis!"


Sawuse padhadene aweh salam, HP dak selehke meneh ing dhuwur tv. Atiku krasa bingung kae, beras kanggo mangan weteng papat saomah kari mung kanggo sesuk. Yen mbak Wulan lan Pardi teka sakulawarga, iku ateges tambah tikel pindhone. Piye jal bingung aku!....


Mas Wawan gaweane mung srabutan. Wus seminggu iki durung nyambut gawe. Kala-kala ana ajakan nyambut gawe, nanging nggone adoh, kamangka ora duwe tunggangan, anane mung pit tuwa ora kopen kae. Yen wus ngene iki, kanggo nyambung urip ora kurang anggonku saba urut pinggir kali cilik lan rawa-rawa, saperlu luru kangkung lan genjer njur diuntingi nuli nawakake marang warga kampung, iku wus lumrah kanggoku. Ora akeh asile, nanging ya cukup lumayan kena kanggo tuku beras.


"Mas, sesuk mbak Wulan lan Pardi arep teka", ujarku nyang mas Wawan sing lagi dhukir-dhukir lemah pekarangan sing ora jembar nedya nandur lombok lan tomat.

Mas Wawan sawetara wektu nyawang aku, nuli nyelehake pacule. Sajak wus ngerti kebingunganku, dheweke clathu, "Ya wis, aku dak nginguk Wuwu ing kali"

Aku manthuk lan dak sawang mungkure geger pejoang napkahku nganti katon saya adoh. Kanggo lawuhan, aku pancen njagakake asile tangkepan iwak ing wuwu sing dipasang ing kali.


Sanalika wektu iku uga genti penyawangku tumuju pitik jago loro kasenengane Wiryo anakku ragil umur 6 taun. Aku enggal-enggal mlebu kamare.

"Thole, sesuk Indi lan Rahmat arep teka, piye yen pitike ibu ijolke beras? Mengko yen wus ana dhuwit ibu pundhutke pitik meneh?", klawan ngelus sirahe anakku.


Wiryo ndelengke sedhela, nuli manthukake sirahe, krungu sedulure sabarakan arep teka senenge ora karuwan.... "Horeee...!" bengoke Wiryo.

"Matur nuwun ya le," dak sun mbun-bunane karo rasa trenyuh.


Tanpa mikir dawa aku enggal nyekel pitik jago loro mau banjur nggawa nang warung sembako cedhak ngomah.

Sawuse nyang-nyangan, wusanane aku bisa nggawa mulih 5 kg beras, brambang-bawang, lenga goreng, endhog, gula, teh lan kopi sacukupe. Ora lali uga nyamikan kanggo ponakan-ponakanku sesuk.


Dina esuke, mbak Wulan lan Pardi bener-bener teka nggawa montor dhewe-dhewe. Aku mesem seneng karo berkah kabegjan kang wus tinampa sedulurku loro iku. Bojone Pardi wanita karir, lan garwane mbak Wulan juragan kondhang.

Lumrah yen biyen sedulurku loro iku masrahake omah warisan bapak ibu saisine marang aku lan mas Wawan.


Senadyan atiku krasa cilik lan ciut, nanging aku tetep ngayubagya tekane kadangku loro pas ing wanci dhahar awan klawan esemku sumringah. Aku terusan ngajak kembul bebarengan ing meja dhahar mawa sugatan saanane.

Iwak gabus lan endhog bumbu desa, tumis kangkung, kluban jantung gedhang dalah iwak lele bakar lan lalapan seger nambah kemecere kadangku iku. Beja banget dene ponakan-ponakanku lan ipe-ipeku uga doyan lan seneng masakanku cara desa.


"Wahh.., rasane kaya mangan masakane Ibu swargi..", guneme Pardi sawuse rampungan madhang.

Aku lan mbak Wulan mesem. Biyen jinis masakan sing dak suguhake pancen akrab banget karo kadangku loro iku nalika isih manggon bareng saomah.


Bar madhang, mbak Wulan lan Pardi mlaku-mlaku sinambi ngeling-eling wanci cilikane karo tangga teparo. Bocah-bocah uga padha gegojekan nganti sore.

Bengine, kita kabeh mbacutake ngobrol ngalor ngidul karo 'nostalgia' ngeling-eling nalika jaman bapak-ibu isih sugeng. Kadhang kala Pardi lan mbak Wulan nanjehake pakaryane mas Wawan saben dinane.


Dina candhake., mbak Wulan lan Pardi wus tata-tata arep bali menyang kutha. Sadurunge padha kondur bali nyang kutha rasane isin aku nyuguhake sarapan sega goreng putih saanane lawuh endhog dadar.


Nanging, mbak Wulan lan Pardi seneng banget ngrahapi masakane, sing tansah nggandhengake karo masakane Ibu swargi. Iya.., biyen pancen sarapan kaya ngono iku dadi andhelane aku cah telu sadurunge budhal sekolah.

Wahhh... aku trenyuh banget  mbak Wulan lan Pardi ndadekake aku sing ora duwe apa-apa iki rumangsa diajeni banget...   Emane.., ora ana apa-apa sing bisa dak gawakake minangka oleh-oleh salumrahe wong mulih kampung.


Nalika arep mulih Indi anake mbak Wulan ngrengek pengin boneka kasenengane Warsih anakku mbarep. Kocapa Warsih rila menehke mring Indi. Aku seneng isih ana sing bisa dak wenehke ponakanku.


Aku nguntapake sedulurku loro klawan kaca-kaca eluh ing mripat. Bener-bener aku isih kangen, biyen kanthi umur kacek rong taunan ora ana dina sing ora tansah tukar padu ing antarane aku cah telu. Nanging kaya mangkono iki carane ambage sih katresnan.


Sapungkure iku, aku bali ngrasakake kasedhihanku ing omah. Warsih lan Warso uga padha meneng kabeh ing alam pikirane dhewe-dhewe. Aku rumangsa luput, jalaran ngurbanke pitik jagone Warso lan bonekane Warsih. Aku janji arep nglironi sacepete mengko yen wus ana rejeki.


Ora let suwe, lawang omah ana sing nothok. Pak Jaelani, sing duwe warung lenggananku teka masrahke kerdhus gedhe, nuli ngedhuke beras rong karung 20 kg-an seka pit montore.

"Kangge sinten niki pak?" pitakonku gumun.

"Lha nggih kangge mbak Lisa ta, wingi mbakyune mlampah-mlampah mampir warung lan blanja niki sedaya nitip kangge mbak Lisa. Nanging turene yen pun sami kondur nembe kula pikantuk ngeterke ngriki".


Ya mung ngucapake matur nuwun sing bisa kawetu krungu wangsulane pak Jaelani. Sabanjure, tetesing eluh ora bisa kabendung weruh isi kerdhus sembako komplit cukup kanggo urip sesasi sing biasane ngirit.

"Matur nuwun puji sokur dhuh Gusti paring kemirahan Paduka dhateng kawula sakulawarga... Amin.. 🙏"

Aku enggalan nelpon lan matur nuwun banget gentenan mring mbakyu lan adhiku sinambi sesenggukan.


Rong dina candhake, ana montor pikep ireng mandheg ing ngarep omah, lan ana wong telu kanthi cukat ngedhuke pit montor bekas ning isih apik lan sakerdhus gedhe.

Aku kaget nalika si tukang sing ngeterke barang kandha titipan seka Pardi lan mbak Wulan. Ing kerdhus tinulis kanggo Warsih lan Warso terus diserbu anak-anakku.


Aku enggal njupuk HP nedya nelpon sedulurku loro iku.. nanging jebul sadurunge ana pesen SMS mlebu.. ,

["Bojoku tuku pit montor anyar, tinimbang sing siji ora kanggo, mbokmenawa bisa dipigunakake mas Wawan nyambut gawe lan kaperluan liyane"], pesen seka Pardi.

Ah adhiku iku, ora gelem blaka terus terang yen mesakake aku, mbakyune sing biyen gawe tangis rebutan jajanan, masiya bageane Pardi luwih akeh.

Enggal dak wales, ["Ning iki larang Pardi adhiku, apa garwamu ora kabotan?"]

["Ora mbak, ora ana apa-apane ditandhing karo wektu lan bahu sing wus embak entekake nggula-wenthah Ibu gerah dhewekan"], walesane Pardi gawe aku luluh jroning tangis sesenggukan. Ing sisihku mas Wawan uga netesake eluh.

Aku noleh mring anakku sakloron ing sisihe kerdhus isine boneka 3 anyar lan saperangan sandhangan kanggo bocah loro. 


Dak buka SMS seka mbak Wulan, 

["Wingi mas Rudi karo Indi mlaku-mlaku nyang Mall, akeh barang-barang diskonan, mulane tuku sisan kanggo Warsih lan Warso. Dene anting iku nadyan bekas, aku wus bosen modhele, kaya-kaya cocok ing kupingmu"]


Aku dheleg-dheleg, Anting..?? dak rogoh sisih ngisor jero kerdhus, bener ana kothak cilik, iki antinge mbak Wulan sing dianggo wingi nalika mrene.

Aku enggalan nelpon, "Mbak.., apa iki mbak, anting regane larang, sing nyambut gawe rak mas Rudi ta dudu embak, iki keluwihen mbak, Mengko dak balekake bae ya!". Aku pekewuh karo garwane, nadyan ora sepiraa karo dhuwit jajan anake mbak Wulan

"Yen kok balekake, ateges kowe ora nganggep aku mbakyumu!? Apa ora samesthine kadang tuwa ambage karo adhine? Kowe lali biyen aku sering nggathaki jatah dhuwit sangumu lan Ibu duka-duka? Ngendikane Ibu dulur tuwa iku kudu menehi adhine, ora malah nguriki!", ujare mbak Wulan karo cekikikan bali ngelingake jaman cilikan.


Aku ora bisa ngempet tumetesing eluh mripatku. Sawuse ngucapke matur nuwun lan nutup telpon, aku njur nubruk anakku loro-lorone karo nangis.


Rungon-rungonen ngendikane Ibu rikala aku cah telu sering padudon, "Terusa padha padu kono, mengko yen wus padha duwe kulawarga dhewe-dhewe lan misah adoh, lagi ngrasakake apa tegese sedulur."

Lan aku ngerti saiki, dene sedulur sakandhutan iku luwih mulya tinimbang bandha lan kalungguhan.

 

Eliding crita kang bisa kapethik :

Kakang adhi....

Dilairake tunggal kandhutan,

digedheke mawa pangan tunggal piring,

manggon jeroning saomah.

nanging..., nasib lan takdir garising beda.

Sedulur sing urip jroning sarwa cumpen durung mesthi ujian kanggo uripe dhewe... bisa uga kekurangane minangka sanggane sedulure sing luwih mapan uripe.

Sawijine ujian nelakake, apa sing luwih mapan jaga jarak ndepaplangke dhadha saya adoh apa suwalike kemlawe tangane ngentas kadange nganti bisa jajar uripe.


Sumangga!🙏


JM, sirep-bocah, 11921

      dening eNPe


Kadudud lan kajarwakaken saking seratan basa Indonesia, sumber #KBM Old : 👇

*KAKAK BERADIK*


Drrttt ... drrttt ... drrrtttt ....

Ponselku berdering. Gegas aku meraih benda pipih kesayanganku yang tak lagi bisa berdering sempurna tersebut di atas televisi.

Kak Nilam memanggil.

Kuusap layar yang telah buram sesaat, sebelum mengangkat panggilan dari kakak tertuaku.


"Assalamu'alaimum, Kak," sapaku terlebih dahulu. 

"Walaikumsallam, Lisa. Besok, aku sama Ferdi mau ke sana. Kangen sama rumah lama," sahut Kak Nilam langsung memberi kabar yang membuat aku termangu. 


Setelah kepergian ibu 3 tahun silam, ini kali pertama kakak dan adikku yang kehidupannya telah sukses di kota menyambangiku kembali.

Dulu memilih menetap di kampung demi menjaga ibu yang telah sepuh. Sampai akhirnya aku menikah dengan Mas Waris yang berasal dari satu kampung.


Lisa? Kamu masih di situ, kan?" 

"Eh, i-iya Kak. Iya. Besok, aku akan masakin makanan yang pasti Kak Nilam dan Ferdi suka," sahutku berusaha ceria. 

"Makasih ya, Lis!" 


Setelah bertukar salam, aku meletakkan ponsel kembali di atas televisi. Hatiku dilanda resah. Beras untuk makan kami berempat hanya tersisa untuk besok saja. Bila Kak Nilam dan Ferdi datang sekeluarga, itu artinya akan bertambah dua kali lipat. 


Mas Waris hanya seorang pekerja serabutan. Sudah seminggu ia belum bekerja. Kadang ajakan kerja ada, tapi jarak tempuh jauh, sedangkan kendaraan yang kami miliki hanya sebuah sepeda tua. Bila sudah begini, untuk biaya hidup kami, aku tak segan menyusuri sungai kecil dan rawa-rawa. 


Mengais rejeki dengan memetik kangkung dan genjer yang tumbuh di tepi sungai dan rawa untuk diikat, lalu kutawarkan pada warga kampung adalah yang lumrah bagiku. Tak banyak memang hasilnya, tapi cukup sekedar untuk membeli beras.


"Mas, besok Kak Nilam dan Ferdi mau datang," ucapku pada Mas Waris yang sedang membolak-balik tanah pekarangan yang sempit dengan cangkul untuk menanam cabai dan tomat.

Mas Waris menatapku sesaat, lalu meletakkan cangkul. Seolah mengerti kerisauanku, dia berkata," aku akan periksa 'Bubu' di sungai"


Aku mengangguk dan menatap punggung pejuang nafkahku itu hingga kejauhan.  Untuk lauk, kami memang selalu mengandalkan hasil perangkap ikan bernama 'bubu' yang dipasang di sungai. 


Pandanganku kini beralih pada dua ekor ayam jantan kesayangan Widan-anak bungsuku yang berusia 6 tahun. Bergegas aku ke kamarnya. 

"Nak, besok Indah sama Faris mau datang. Boleh enggak, ayamnya ibu tukar sama beras dulu? Nanti kalau ada uang, ibu beli ayam yang baru?" kuusap lembut kepala anakku sambil bertanya.


Wildan menatapku sebentar, lalu mengangguk. Mendengar sepupunya yang sebaya akan datang saja, dia sudah sangat senang. 

"Terima kasih, Nak," kucium penuh haru pucuk kepala anakku. 


Tanpa pikir panjang aku langsung menangkap dua ekor ayam jago tersebut, lalu membawa ke warung sembako terdekat.

Setelah tawar menawar sebentar,  akhirnya aku berhasil membawa pulang beras sebanyak 5 kg, bawang merah, bawang putih, minyak goreng, telur, gula, teh, dan kopi secukupnya. Tak lupa kubeli beberapa bungkus jajan untuk menyambut keponakanku besok. 


Keesokan harinya, Kak Nilam dan Ferdi benar-benar datang dengan mengendarai mobil masing-masing. Aku tersenyum bahagia dengan pencapaian dua saudaraku tersebut. Istri Ferdi seorang wanita karir, dan suami Kak Nilam seorang pengusaha sukses.


Wajar jika dulu mereka berdua langsung menyerahkan begitu saja, rumah peninggalan orang tua kami beserta seluruh isinya padaku dan Mas Waris.


Walau terbersit rasa minder, namun  aku tetap menyambut kedua saudaraku yang datang tepat di jam makan siang tersebut dengan senyum lebar. Aku langsung mengajak mereka bersantap dengan menu yang sangat sederhana. 

Ikan gabus dan telur bumbu bali, tumis kangkung, kulupan jantung pisang, dan   ikan puyu bakar dilengapi cacapan mangga muda rupanya menggugah selera kedua saudaraku. Beruntung, keponakan dan ipar-iparku dari kota juga menyukai makanan ala desa yang kusuguhkan.


"Berasa makan masakan ibu," gumam Ferdi  setelah makan. 

Aku dan Kak Nilam tersenyum. Dulu menu yang kusuguhkan memang akrab dengan mereka berdua saat kami masih tinggal bersama. 


Usai makan siang, Kak Nilam dan Ferdi berjalan-jalan sambil mengenang masa kecil mereka dengan tetangga sekitar.  Anak-anak kami pun bercengkrama hingga sore hari. 


Malam hari, kami melanjutkan obrolan dengan bernostalgia mengenang saat-saat kedua orang tua kami masih lengkap. Sesekali Ferdi dan Kak Nilam bertanya tentang kegiatan Mas Waris.


***

Keesokan paginya, Kak Nilam dan Ferdi sudah siap-siap kembali ke kota. Malu-malu aku menyuguhkan sarapan nasi goreng putih seadanya dan telur dadar sebelum mereka pulang. 

Tapi Kak Nilam dan Ferdi begitu senang menikmati makanan, yang selalu mereka kaitkan dengan masakan ibu. Ya, dulu itu memang menu sarapan andalan kami sebelum berangkat sekolah.

Ah, aku begitu terharu. Kak Nilam dan Ferdi, membuat aku yang tak punya apa-apa ini merasa begitu dihargai. Sayangnya, tak ada  apa-apa yang bisa kuberikan pada mereka sebagai oleh-oleh layaknya orang yang baru saja pulang kampung.


Saat hendak pulang, Susan-anak Kak Nilam merengek ingin membawa satu-satunya boneka kesayangan Dila anak pertamaku. Dila langsung merelakan bonekanya dibawa oleh Susan. Aku senang, karena masih ada yang bisa kuberikan pada keponakanku yang tak kurang apapun itu. 


Aku melepas kepergian kedua saudaraku dengan air mata berlinang. Sungguh, aku masih rindu. Dulu, dengan selisih usia masing-masing 2 tahun, tak ada hari yang terlewatkan tanpa pertengkaran antara kami bertiga. Tapi itulah cara kami bertiga berbagi kasih sayang. 

Aku berbalik membawa kesedihanku ke rumah. Dila dan Wildan pun banyak diam. Aku merasa bersalah, karena mengorbankan ayam kesayangan Wildan, dan boneka Dila. Aku janji, akan mengganti  secepatnya bila ada rejeki nanti. 


Beberapa saat kemudian, pintu rumah di ketuk. Pak Zainal, pemilik warung langgananku datang menyerahkan sebuah kardus besar, lalu menurunkan dua karung beras dengan bobot masing-masing 20 kg, dari sepeda motornya.


"Buat siapa ini, Pak?" tanyaku heran.

"Ya buat Mbak Lisa, toh. Kemaren kakaknya Mbak jalan-jalan ke warung, dan beli ini semua katanya titip buat Lisa. Tapi pesannya kalau mereka sudah pulang baru boleh saya antar.

Hanya ucapan terima kasih yang mampu kuucapkan setelah mendengar jawaban dari Pak Zainal. Selanjutnya, air mata jatuh tanpa bisa kukendalikan melihat isi kardus. Sembako lengkap, cukup bahkan lebih bagiku yang terbiasa irit untuk hidup sebulan ke depan. 


Aku menelpon dan mengucapkan terima kasih pada adik dan kakakku bergantian, sambil terisak. 


Dua hari kemudian, sebuah mobil Pick Up berwarna hitam singgah di depan rumah, dan tiga orang dengan cekatan menurunkan sebuah sepeda motor bekas tapi masih sangat layak pakai, dan sebuah kardus. 

Aku tercengang saat pengantar barang mengatakan titipan dari Ferdi dan Kak Nilam. Sebuah kardus dengan tulisan untuk Dila dan Wildan langsung di serbu oleh kedua anakku.


Aku sendiri langsung meraih ponsel ingin menelpon kedua saudaraku. Tapi, terlebih dahulu pesan dari mereka berdua masuk. 

[Istriku beli motor baru, daripada yang satu tidak terpakai mungkin bisa digunakan oleh Kak Waris kerja, atau ngantar kakak kemana-mana] pesan dari Ferdi. 

Ah, adik kecilku itu, dia hanya tak mau mengakui terang-terangan bahwa kasihan padaku, kakak yang dulu sering membuatnya menangis karena  kalah saat rebutan jajan, walau akhirnya tetap lebih banyak untuk Ferdi. 


Dengan tangan gemetar kubalas pesannya. Aku lupa niatku tadi menelpon. 

[Tapi ini mahal, Fer. Apa istrimu enggak keberatan?]

[Enggak Kak. Itu engga ada apa-apanya dibanding waktu dan tenaga yang Kakak habiskan, dua tahun mengurus ibu sakit seorang diri dulu] balasan dari Ferdi yang membuatku luruh dalam tangis haru. Mas Waris pun ikut menitikkan air mata di sebelahku.


Aku menoleh pada kedua anakku di samping Kardus tersebut berisi 3 boneka baru, dan beberapa lembar baju untuk mereka berdua. 

Kubuka pesan dari Kak Nilam. 

[Kemaren Susan sama Rudi jalan-jalan ke Mall. Banyak barang diskonan, jadi  beli sekalian buat Dila dan Wildan. Dan anting itu, aku sudah bosan sama modelnya. Kayaknya cocok di telingamu] 


Aku tertegun. Anting? Kurogoh bagian bawah di dalam kardus, dan benar ada sebuah kotak kecil. Tanganku gemetar membuka kotak tersebut. Ini anting Kak Nilam yang dia pakai saat kesini kemaren. Aku segera menelponnya. 

"Kak, apa-apaan ini. Ini anting mahal. Yang kerja Kak Rahman bukan ? Kakak, Ini berlebihan. Nanti kukembalikan aja," tolakku benar-benar sungkan pada suaminya walau aku tahu, harga benda tersebut mungkin hanya senilai uang jajan anak Kak Nilam sebulan. 

"Kalau kamu mau kembalikan, berarti kamu enggak anggap aku kakakmu? Bukankah Kakak memang harus berbagi dengan adiknya? Kamu lupa, dulu aku sering mengambil jatah uang sakumu dan membuat ibu marah? Kata ibu, kakak itu harusnya memberi adiknya, bukan mengambil!" ucap Kak Nilam sambil tertawa kecil kembali mengingat masa kecil kami.


Aku tak kuasa menahan air mata. Setelah mengucapkan terima kasih, aku langsung menutup sambungan telpon dan menumpahkan tangis bahagia sambil memeluk kedua anakku. 


Terngiang kembali ucapan ibu sewaktu kami bertiga sering bertengkar dulu. "Terus saja betengkar, nanti kalau kalian sudah punya keluarga masing-masing dan saling berjauhan, baru kalian tahu apa artinya saudara."

Dan kini aku tahu, bahwa saudara kandung itu lebih berharga daripada harta dan tahta.

Kakak beradik ....

Dilahirkan dari rahim yang sama.

Dibesarkan dengan makanan yang sama.

Tinggal di dalam rumah yang sama. 

Namun di atas nasib dan takdir yang berbeda. 


Saudara yang hidup dalam kekurangan belum tentu ujian untuk hidupnya sendiri. 

Bisa jadi kekurangannya juga ujian bagi saudaranya yang lebih mapan. 

Ujian untuk melihat, apakah yang mapan akan membentang jarak lalu melambaikan tangan dan menjauh, atau sebaliknya memangkas jarak lalu mengulurkan tangan, hingga keduanya bisa berdiri sejajar.


#Repost_dari_KBM_Old.. 


Kisah yg sangat menginspirasi sekali . Sebagai pesan pengingat untuk diri sendiri.

Semoga semakin sering menjalin silaturahmi dg saudara sendiri. Walau dengan jarak yang jauh diseberang pulau walau hanya deringan telepon yang memanggil hati menjadi senang. Masyaallah.  Alhamdulillah luar biasa inspirasi ini🤲 Terimakasih👍👍

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN