Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2020

NGUDI KABUTUHAN KITA

   kamot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2748925902053196&id=1684548218490975 Ing donya wektu samengko dikebaki sarana kang sarwa gumampangake saliring prakara. Kamajuan tehnologi sumadya ing sawernane kabutuhan kang sarwa rikat. Temahane, kita asring ora krasa ana ing sawijining pacoban ing tengah-tengah urip kita. Lan kita sering kurang maelu kepara ngremehake kuwasaning Gusti. Kita luwih gethu marang telpon pinter (hp) tinimbang sowan ngadhep Gusti srana ing donga. Saya maneh luwih ora prayoga dene kita nglirwakake wajibing ngibadhah marga umyeging kita. Kita luwih nengenake umyeging iku nganti nyedhot pigati, wektu lan bahu tenaga. Wusanane kita luwih akeh nindakake sawernane pepinginan pribadi dhewe. Kita asring kapusan tumrap saliring bab kang anjanjeni sarwa gumampang. Pungkasane, kita mung nengenake bab-bab mau lan ngadoh saka ing ngarsane Gusti. Kita lali ndedonga lan nggeluti pangandikane Gusti. Pikolehe, kita ora nyumurupi lan nglegewa ...

BOCAH CILIK ADOL KEMBANG

  kapacak uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2746723355606784&id=1684548218490975 Ing sangarepe Mall ana bocah wedok cilik nawakake kembang mawar marang wong-wong liwat. Bocah iku wus padatane dodolan ing kono wiwit awan tumekane surup. Ing sawijine awan aku pinuju liwat ngarep mall mau bocah cilik iku nyedhaki aku, "Oom.., mangga mundhut kembang mawar! Saged kagem garwa utawi pacangan om.. mirah kok.., namung gangsal ewu mawon," ujare bocah cilik iku. Kanthi alus aku nampik tawane amarga aku selak kesusu-susu. Satleraman aku nyawang ing kranjange bocah iku isih ana kira-kira 20-an gantilan kembang mawar.   Sorene aku liwat mall iku maneh lan mrangguli bocah cilik mau, dheweke isih nawakake kembange. Sajake dheweke ora kelingan yen awan mau wus nawani aku. Dak inguk ing kranjange isih ana 14-an gantilan kembange mawar.    Aku trenyuh lan mesakake ateges lagi kepayon 6 gantilan mawar, ananging jalaran aku isih ana kapreluan lan ora but...

CANGKIR KANG ELOK RUPANE

   kaemot uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2744893569123096&id=1684548218490975   Mbah kakung-putri tindak blanja ing sawijining toko pernak-pernik nedya golek tandha-asih kanggo putune. Lan migatekake sawijining cangkir sing elok rupane, "Coba pirsanana cangkir iki!", clathune mbah putri marang garwane. "Iya bener kowe, lagi iki aku nemoni cangkir sing elok kaya ngene iki", wangsulane mbah kakung.   Nalika nyedhaki cangkir iku, dumadakan cangkir iku celathu, "Matur nuwun pangalembananipun, prelu kawuningana bilih kula kala emben boten elok. Saderengipun dados cangkir kang pun alembana, kula namung siti boten migunani. Nanging sawijining dinten wonten tiyang mawi tangan reged nguncalaken kula dhateng rodha kang mubeng"   "Salajenge tiyang wau muter-muter kula ngantos ngelu raose. Stop! Mandheg! ning piyambake boten nggape lajeng nyogok-nyogok lan nabok wungsal-wangsul", critane si cangkir iku.... "Eee ... lha kok kula...

NYINGIT BARANG WADI (muspra)

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2744625135816606&id=1684548218490975   Sapinter-pintere bajing mlumpat datan bisa denselaki bakal ceblok uga  Samubarang sing ditutup-tutupi bakal katon, samubarang sing digawe wadi bakal kawiyak.   Apa sing kokkandhakake ing wayah bengi kuwi bakal keprungu ing wayah awan.  Apa sing kokbisikake ing kamar sing kekancingan, bakal kawartakake marang wong akeh.  Apa bae kang siningit bakal kekambon nutup-nutupi samubarang rusak wusana bakal kasumurupan.    JM, sirep jalma, 25720        dening eNPe

JUWARA, the CHAMPION

   kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2739918479620605&id=1684548218490975 (bali kapacak tulisan 3 taun kepungkur ) ⏬ Ing babagan pendhidhikan kita asring disuguhi panetepan Sang Juara... para wong tuwa padha budidaya supaya putra-putrine murih bisaa dadi juwara klas. Anak-anak dijejeli les werna-werna kanthi gegayuhan impene wong tuwane bisa kaleksanan. Kita lali dene anak-anak duweni kepribadian lan bakat beda-beda. Pakulinan kaya mangkono iku sing bisa ndadekake bocah-bocah pengine lelumban golek menange dhewe, isih mendhing yen tumindake miturut jejering laku nora nerak paugeran. Malah akeh kang nora jujur alias brengkele sakarepe dhewe. Ya pakulinan iku ing tembene yen wus diwasa bakal nuwuhake patrap kang ngudi menange dhewe nora ngajeni mring liyan kepara ngremehake. Atusan, maewu-ewu, mayuta-yuta patrap mental kaya mangkono ngrembaka saya akeh ing tengahing masarakat.  Wusanane saiki bisa kita sumurupi lan kita rungu akeh pribad...

MENJANGAN NGERTI MALES BUDI

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2739526276326492&id=1684548218490975   Ing pinggiran alas ujug-ujug ana menjangan mlayu nyedhaki sawijining omah sing ing platarane ana bocah cilik lagi dolanan. Si menjangan tanpa nyuwara nyrudug bocah cilik mau kanthi nyantholake klambine si bocah ing sungune njur digondhol mlayu ngadoh saka omahe. Lha ya sanalika bocahe jerit-jerit mbengok seru saking wedine.   Ibune krungu banjur metu saprelu aweh pitulungan. Nanging dheweke meruhi dene putrane digondhol menjangan. Enggalan si ibu mlayu nututi menjangan, ora let suwe nemokake putrane nangis gemlethak ing pasuketan. Si ibu njur methukake bocah iku lan ngekep klawan bungah dene putrane slamet karo netesake eluhe mripat. Enggal-enggalan sang ibu nggendhong putrane bali tumuju omahe. Nalika meh tekan, kandheg sedhela..., iba kagete nyumurupi omahe kebrukan uwit gedhe banget sing thukul sakburi omahe. Omahe sabagean rusak warata karo lemah. Payone omah...

BANYU PAIT (pituture simbah)

      kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2738379896441130&id=1684548218490975   Piyayi sepuh dwija lan wicak disowani bocah enom sing lagi ngadhepi lungkrahing pikir (bs.Ind.galau) Datan buwang-buwang wektu kanoman iku nyaritakake kabeh kang dadi ruweting pikire.   Klawan wigati piyayi sepuh iku amung mirengake banjur nggenggem bubukan pait lan dhawuh cah enom iku njupuk banyu sagelas. Dikepyurake bubukan pait iku ing jroning gelas lan diadhuk alon-alon.   "Coba ombenen iki lan aturna kepriye rasane", ngendikane piyayi sepuh mau. "Pait sanget pak..." wangsulane kanoman iku. Piyayi sepuh iku mesem, banjur ngajak cah nom iku mlaku menyang blumbangan ing mburi daleme Sawuse tekan pinggire blumbangan piyayi sepuh iku enggal nyuntak bubukan pait ing blumbang lan mawa sapotong kayu ngadhuk-adhuk banyu blumbang mau. “Coba saiki jupuka banyu blumbang iku lan ombenen!", dhawuhe piyayi sepuh iku Nalika kanoman iku ngeleg banyu blumb...

TUHU PRIHATOS

    kapacak ugi ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2737963789816074&id=1684548218490975 Pra sadherek grup PBJ ingkang mahambek sadu ing budi, tuhu prihatos anglangut raos kalaning nyaranti, wondene kang den sranti panggah datan kèksi/katon, mugi pepanggihan ing dinten punika tansah binerkahan dening Gusti tinebihna saking bebaya mliginipun korona kang nggegirisi mugya gesang kita tansah kinanthi dening Gusti Sugeng enjing para kadang kinasih, puja puji sokur awit saking keparengipun Gusti Kang Mengku Gesang kita samya kasinungan wilujeng sehat bagas-saras jiwa lan salira.  Mugi ing salajengipun tansah winengku gesang kita kasingkirna saking memala kang datan kèksi/katon ing panduluning manungsa karan covid-19 enggala sirna saking salumahing bantala lan pra kadang kang nembe ketaman pinaringan usada...  Amin JM, gagat bangun, 18720          dening eNPe

LUMPATANE WALANG

       kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2734506153495171&id=1684548218490975 Ana walang (sabanjure sinebut walang A) sing wus suwe sinengker jroning kothak ing sawijining dina bisa metu saka kothak kasebut.  Saking dene senenge dheweke mlumpat-mlumpat ngrasakake bebas.  Satengahing lakune ketemu walang liya (sinebut walang B), walang A gumun banget kenapa walang B iku bisa mlumpat luwih dhuwur lan luwih adoh tinimbang dheweke.                                                                                   Kadereng pingin ngertine si walang A nyedhaki walang B iku, njur pitakon : "Kepriye ya kok kowe bisa mlumpat luwih dhuwur lan luwih adoh, kamangka awake dhewe iki ora beda adoh umur lan wangune awak?"   Wa...

GULA_ABANG (pasemon)

   kaunggah uga ing   https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2730121097267010&id=1684548218490975 Kacarita wong lanang mlarat menyang kutha saprelu adol gula abang (gula jawa) gaweane bojone.  Bojone gawe gula abang wujude tansah bunder bobote 1 kg. Wong lanang iku adole gula abang ajegan ing salah sijine toko lengganane lan blanja saanane kanggo kapreluan mangan saben dinane. Sawijining dina juragan toko lengganane nyujanani bab bobote gula abang mau, dheweke njur nimbang... eee jebule kurang saka sakilogram ... mung 900 gram. Si juragan gemeter tangane ing jroning dhadha rasane kaya-kayaa arep pecah, "Dadi seprana seprene dheweke ngapusi aku!" jeriting atine. Dina iku uga si juragan toko nglabrak nang omahe wong lanang sing adol gula abang mau karo nggawa gulane. "He kang!.. kowe wis wani-wani ngapusi aku ya! Kandhamu gula iki bobote sakilogram ning jebule mung 900 gram!" getake si juragan toko iku. Wong lanang papa iku ndingklu...

PAKARYAN SANG MA KAWASA

     kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2729452580667195&id=1684548218490975 Saliring peksi ngoceh gegojegan ngrepekake kekidungan dungkap raina Semerbak mewangi ganda sesekaran  iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa Kawit esuk sumunar sang diwangkara kluwung endah cumlorot ing akasa garising cakrawala gagah santosa iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa Ara-ara ijo dalah biru samodra ngrembuyung taneman lan alas ing arga cakrawala gumelar amba iba agung pakaryan Sang Ma Kawasa   JM, gagat raina, 8720       dening eNPe

PATRAP MARANG PAMARENTAH

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2727436434202143&id=1684548218490975   Salah siji patrape wong wicaksana yaiku ora kesusu ing tumindak, klebu aweh pambiji panetepan mring sapa bae.   Patrap sepisan kang kudu diwujudake wong wicaksana yaiku nggugu lan setya tuhu mring prentah pimpinan, awit pimpinan duwe wenang ngayahi apa bae kang dadi sedyane kanggo tatanan urip bebrayan ing wewengkone.  Dene patrap candhake ngelingake pimpinan ing wanci lan cara kang trep.    Wus dadi wajibing warga masarakat kudu mituhu marang pamarentah kang wus kapiji lan katetepake miturut udhang-undhang kanggo nata praja anggayuh mulyaning bebrayan sabangsa. Kita prelu dongakake pamarentah saprangkate supaya bisa anggawe kabecikan lan kamulyan ing tengahing masarakat. Dikaya ngapaa bae pamarentah anggone ngayahi jejibahane butuhake kawicaksanan. Mangkono uga kita prelu wicaksana aweh pangawasan, pangeling lan pameleh klawan cara lan wanci kang ...

PASEMON BAB DIYAN

    kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2724534611158992&id=1684548218490975 Pranyata ana pangandikane Gusti kang mituduhake mring kita dene samubarang kadadean ing sangisore langit saduwure bumi iku wus pinesthi lan mujudake rancangane Gusti kang akarya urip.    Ora ana wong nyumed diyan, kok banjur ditutupi ing wewadhah utawa didekek ing longan, nanging mesthi tumuli ditumpangake ing jodhog utawa ajug-ajug diyan, supaya kabeh wong kang ing jero omah padha bisa ndeleng padhange. Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak. Mula para duratmaka sing ndhelik mlayu nganti tumeka ing negara manca saprelu sesidheman ya bakal kasumurupan lan bakal enggal bisa dicandhak dening pamong ukum kang duwe wenang.   Ana maneh kang saiki lagi kondhang yaiku prakara sawijining koperasi kang wurung bayar kuwajibane. Ing kono katitik yen ana wadi kang maune siningkur, dijarag u...