Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2020

AYWA GIRIS

    kapacak uga ing : https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2722825591329894&id=1684548218490975 Aywa giris ngandharake kasunyatan aywa meneng lamun ana kacurangan Awit kajujuran kang dikersaake Pangeran maring plethek kita ing pangucapan Aywa giris ngakoni kaluputan aywa upaya nganggep bener dhewe  iku ajining dhiri ing pangayunane Gusti uga ing pandulune sapepadha Aywa giris ngandharake panemu "ora!"  lamun sira kabujuk ing seksi goroh  Aywa kapilut bebujuk kang nora pinuji wanya nampik klawan nyata.   JM, poncoting juni rongèwurongpuluh            dening eNPe

DONGENGE MANUK JALAK

 kapacak uga ing :  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2721877568091363&id=1684548218490975     Nalika wiwitan wanci ketiga, ana manuk Jalak ngrasakake kepanasen, banjur ngluputake alam sakiwa tengene sing wus rusak.   Jalak njur netepake arep ninggalake panggonan sing wis suwe dadi padunungane, mabur adoh mengalor sing jare kondhang hawane adhem lan seger. Lon-lonan Jalak ngrasakake hawa adhem, sangsaya mengalor sangsaya adhem, si Jalak tambah semangat mabur saya ngalor.   Saking dene kadereng napsu, dheweke ora ngrasake swiwine ketemplekan salju. saya suwe saya kandel. Wusanane si Jalak ceblok ing lemah marga sakojur awake kabuntel salju lan ing lemah mau swiwine saya ketambahan salju sing nemplok.  Si Jalak klepek-klepek ora bisa apa-apa, ngira yen wus cuthel uripe. Dheweke sesambat ngadhuh-adhuh nggelani nasibe Krungu swara sesambat, sawijining Kebo lagi liwat njur nyedhaki. Nanging si Jalak kuciwa kenapa sing teka mung Kebo, si Jalak ...

PASEDULURAN SEMU

.    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2720228284922958&id=1684548218490975     Wiwit esuk Kenari wus rebyeg ing pawon, dheweke lagi nyepakake panganan kanggo pasugatan bakal tekane kanca rakete loro yaiku Gagak lan Dara. Kenari kepingin nampa kanca-kancane loro mau klawan apik lan suka-rena. Sawuse panganan cemepak kabeh nuli Kenari reresik lan nata omahe.   Ngarepake awan, Dara teka. Kenari bagekake Dara kanthi rena, manggake Dara tumuju meja dhahar. Let sedhela Gagak teka, Kenari uga bagekake Gagak klawan rena lan manggake tumuju meja dhahar kembul bareng Dara. Telu-telune ngrahapi pasugatan kang wus cemepak katon ndemenake. “Wah, Kenari.. omahmu peni banget!,” pangaleme Gagak nalika nyawang omahe Kenari sing pancen peni banget. Kenari rada-rada isin : "Ahh lumrah bae Gagak, aku pancen reresik lan nata saben dinane" "Oo mulane omahmu katon endah lan peni. Kejaba omahmu peni, wulumu uga endah banget!", bacute Gagak. Ing kon...

BU GURU > < MURID-MURID NDHUGAL

      kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/19wGtwWLAU/ Saknalika kelas cep klakep, nalika ibu Guru Basa Jawa sing galak diwedeni mlebu ruang kelas.   Murid-murid : "Sugeng enjing ibu guru..!!" Bu Guru : "Kenapa sugeng enjing, saiki wis awan.!" Murid-murid : "Sugeng siang Bu Guru!"   Bu Guru : "Iya wis wis, padha lungguh!  Dirungokna kabeh ya, dina iki ibu arep nguji kowe kabeh bab TEMBUNG KOSOK-BALI (> < ). Yen ibu nyebut tetembungan, kowe kabeh kudu cepet-cepet mangsuli, wis ngerti anak-anak?"  Murid-murid : "Sampun ngertos Bu guru.!."  Guru : "Pinterr!" Murid-murid : "Bodhoo!" Guru : "Dhuwur!" Murid-murid : "Cendhek!" Guru : "Adoh!" Murid-murid : "Cedhak!"    Rada sawetara ibu guru meneng karo mikir, banjure ngendika meneh.. Guru : "Santosa!" Murid-murid : "Menang!" Guru : "Salah iku!" Murid-murid : "Bener iki!"  Guru...

MURID NDABLEG

MURID SOK GANTHENG  (guyonan sacandhake) Ing joning kelas bu guru isih enom lan ayu sulistya nalika wis arep bubaran mulih sekolah, kacarita mengkene, Bu Guru : "Sadurunge padha mulih apa ana sing arep takon?"    Jodi : "Kula bu Guru!"  Bu Guru : “Iya, apa pitakonmu?" Jodi : "Menapa ibu Guru kersa dados yayang kula?" "Huuuu huuuuu...!!!??", murid2 liyane bengok bareng.    Bu Guru : "Hahh?! bocah kurang ajar kaya kowe dadi yange ibu? Huwek! Gak pantes le le!" Jodi : "Lajeng tiyang gantheng kados kula niki pantese dados yange sinten bu?"  Bu Guru : "Kowe iki encen bocah ndugal.., kurang ajar banget! Sekolah iku sing bener! Sinau sing temenan! Kowe ki duwe cita-cita apa ora sih!?" Jodi : “nggih gadhah ta Bu..” Bu Guru: “Apa cita-citamu?”   Jodi : "Sek riyin, cita-cita kula pingin dados pilot, ning sareng mlebet sekolah lan kepanggih Ibu, cita-cita kula owah pingin damel bagya Ibu guru...", sumaure Jodi ne...

PANGAREPAN KAANTU

       kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2716686995277087&id=1684548218490975 Tumapaking warsa rong ewu rong puluh Kukuh nggonku ngadeg, pangarepan kaantu dak pecaki satleraman panduluku wutuh nabastala ndhedhet gumawang ing kalbu Sawijining janma datan keksi gawe horeg gonjang-ganjing sadonya  Jroning sabrebetan sinawang nggegirisi kasangsaran warata salumahing arcapada Limang wulan lumaku duhkita tinemu ing ngendi-endi Apa karepe, apa hikmahe iku binabar ing tengahing pra titah sami Payo pra umat salumahing jagad raya saiyeg sayekti anyengkuyung samya paraganing kasehatan pahlawan bangsa jejibahan ngurbanken jiwa raga  JM, lingsir wengi, 23620          dening eNPe

PANGANGENE BOCAH

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2715911725354614&id=1684548218490975 Sawijine bocah cilik duweni pangangen kepengin ngrasakake kepriye dadi bocah luwih gedhe., kepingin cepet gedhe kaya sedulure tuwa, malah kepingin memba-memba bapak ibune. Kasunyatane, pancen wusanane dheweke bakal bisa kadya kang dadi angen-angene. Nanging temtu kudu sabar nunggu nganti tumeka wancine mataun-taun sabanjure.   Ana mangsane tumrap salire ing donya iki. Ana kang rikat dumadine, ana uga kang butuhake wektu luwih suwe. Kabeh iku wus dadi rancangane Gusti Allah. Ewa samana Gusti akarya samubarang tinemu endah ing titi wancine. Ana wancine lair, ana wancine tinggal donya, ana wancine ketemu ana wancine pepisahan, ana mangsane nenandur ana mangsane ngeneni.... lsp lsp. Ing sawernane bab kita nglakoni urip bisa sarwa nyenengake kebak karahayon, nanging gumanti uga nemoni kahanan kang nyedhihake lan nrenyuhake. Lir gumanti kahanan urip iki kadya mutering r...

AJA NGULUR-ULUR PANGGAWE BECIK

     kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2714180878861032&id=1684548218490975   Ing tengahing kahanan saiki iki akeh para relawan kang duwe krenteg nedya ambiyantu kanthi carane dhewe-dhewe, arupa tenaga nglumpukake dedana bandha lsp. Para relawan ya para pambiyantu sosial aweh sumbang sih ora kok supaya oleh alem pepuji, ora supaya kondhang jenenge, nanging amarga pancen tinalesan saka rasa kabecikan, jiwa kamanungsan lan tulusing driya.   Sih kadarmaning Gusti binabar mring wong kang nyebar sathithik, bakal ngeneni sathithik, lan wong kang nyebar akeh, bakal ngeneni akeh. Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila.   Gusti Allah kuwaos ngluberake sawernaning sih-rahmat marang umate, supaya padha tansah kacukupan ing samubarang lan padha linuwihna anggonira nglakoni sarupaning panggawe becik. Tumindak ambage or...

NUNGGANGA PRAU LAYAR

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2712281892384264&id=1684548218490975 Ana prau layar margi raharja, Gusti kang dadi Juru mudhi nira; sapa kang arep uwal king cintraka, nungganga ing prau ne mesthi waluya. Nungganga prau layar! mara nungganga! Aywa wedi ing ombak saliring prahara; de prau ne Gusti mesthi datan kentir, mesthi slamet lakune. Mula aywa kuwatir!.    He pra bangsa aywa kuwur ing driya pasraha sakabehing karupegan atinira Tumungkul lan sujuda mring Pangeran samubarang kuwatirira badhea linuwaran.   JM, madya ratri, 18620       dening eNPe   Ada prau layar jalan keselamatan Tuhan yg jadi Juru mudimu Siapa bakal terhindar dari malapetaka  naiklah ke perahu Nya pasti selamat.    Naiklah prahu layar! Mari naiklah!  jangan takut ombak dan segala prahara dengan praunya Tuhan pasti takkan hanyut pasti selamat jalannya. Maka jangan takut!    He seluruh bangsa jangan takut...

REREPEN PUJA

   kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2707214662890987&id=1684548218490975   Aku sinungan berkah  endah gedhe mukjijate saka astaning Allah dene suci asmane. Sih-wilasanta rumuntah mring kang padha ngeringi, wis mesthi tinampa berkah mring pra umat den asihi.   Sumangga pra kanca ngrepeken kidung puja, awit palimirmanya sinungken mring pra jalma. JM, gagat bangun, 12620        dening eNPe

WICAKSANA lan SAREH

       kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2703788369900283&id=1684548218490975     Ing ngalam donya iki ora mesthi wong sing rikat playuné kuwi sing menang balapan, lan ora mesthi wong sing kendel kuwi sing menang ing paperangan. Wong wicaksana ora mesthi duwe pegawean, wong pinter ora mesthi dadi sugih, lan wong sing nyambut gawene apik ora mesthi oleh pangkat dhuwur. Saben wong bisa ngalami nasib ora kaya sing disedya.   Kaya manuk sing dumadakan kena ing jaring, utawa iwak sing mlebu ing jala, kaya mengkono uga kita datan kinira ngalami nasib kang ora becik, ing wektu sing ora kita nyana-nyana.     Ya amarga kaya mangkono iku prayoga kita bisa luwih wicaksana lan sareh aweh pambiji mring kahanan urip ing tengahing masarakat, aja grusa-grusu nemtokake kaluputan mring wong  kang kapiji ngayahi jejibahane. Apa maneh kepara angger waton gawe warta-warta kang ora maton klebu tumindak pitenah ngala-ala sa...

RATRI

 kaunggah uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2702814946664292&id=1684548218490975   Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat; eseming sasadara katon peni pra jalma kasinungan sih rahmat    Duk bumi kinemulan ratri, pra jalma aneng tilamrum, angaso sing darmaning sami lereming driya den udi sadarum   Jroning nendra gumelar ngegla wewayangan endah solahing janma rumeksa ing pakaryan samya jebul hamung ing alam sumpena   JM, lingsir wengi, 7620       dening eNPe

PASRAH-SUMARAH MRING GUSTI

  kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2702083296737457&id=1684548218490975   Sawernane manuk tan nate anyebar, ngeneni utawa nandho andhungan, ewa dene Gustimu ing Suwarga, ngingoni pra manuk sadina-dina.    Pasrah-sumarah mring Gusti, pangauban kang sejati. Uripmu tansah rinimat, wit Gusti gunging sih rahmat.  Waspadakna makluk wrata, karoban ing sih lan piwlasnya, wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya   Tansaha ulah kabecikan, dhemen aweh pitulungan, yeku pratandhaning sokur mring sihing Allah Maluhur   JM, bangun esuk, 6620       dening eNPe

TETIRAH

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2701622750116845&id=1684548218490975 Ing cecaturan asring kita rungu tembung #me_time kang ditegesi nanjakake wektu tumandang apa bae kang disenengi kanggo awake dhewe pribadi, datan direpoti dening anane wong liya, bisa kaaran uga #tetirah nyepi saka ombyake karamean.  Me-time utawa tetirah iku bisa migunani ngleremake ati nyuda jibege batin lan nambahing semangat urip. Klawan mundur dhiri sedhela saka umyeking keramean, tumraping jiwa lan salira bisa pulih maneh ing tembe bisa bacutake jejibahan darmane ing pagawean, ing pasrawungan masarakat, kulawarga lan bangsa.   Rasa bingung lan kuwatir asring tinemu jroning atine manungsa, apamaneh yen ngadhepi karo bab nasibe panguripan kang sarwa ora pesthi. Coba kita minggir sedhela saka ing pagawean saben dinane, tetirah nyepi saka pakulinan-pakulinan saprelu ngenepake pikir karo dedonga nyuwun panuntun lan pepadhang marang Pangeran Gust...

SAMUBARANG ANA PUNGKASANE

    kapacak uga ing  https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2699298267015960&id=1684548218490975   Sajrone urip elinga marang kang nitahake sliramu, sadurunge tumeka wancine lan ing wektu sing njalari sliramu clathu, "Aku wegah urip." Yakuwi samasa sumorote srengenge, rembulan lan lintang-lintang dadi remeng-remeng kanggone sliramu, lan udane ora tingkas-tingkas.  Ing mangsa kuwi tangan sing kokenggo ngreksa awakmu bakal buyuten, lan sikilmu sing saiki rosa bakal dadi ringkih. Untumu bakal mung kari sawetara, mula ora bisa kanggo mamah panganmu, sarta mripatmu wis ora awas kanggo ndeleng. Sliramu bakal sumingunen munggah ing panggonan sing dhuwur, lan lakumu bakal sempoyongan. Rambutmu bakal putih mabluk, lan lakumu bakal karo rambatan. Sliramu bakal ora duwé pepénginan apa-apa meneh. Sliramu bakal digawa menyang papan pengasoanmu sing pungkasan, lan sedalan-dalan ditangisi     Samubarang iku ana pungkasane kabeh sing kelakon ing donya iki kel...